PEREMPUAN JAWA DALAM NOVEL MASKUMAMBANG KARYA NANIEK PAMUJI


Puji Nawangsari, 2151405023 (2009) PEREMPUAN JAWA DALAM NOVEL MASKUMAMBANG KARYA NANIEK PAMUJI. Under Graduates thesis, Universitas Negeri Semarang.

[thumbnail of PEREMPUAN JAWA  DALAM NOVEL MASKUMAMBANG  KARYA NANIEK PAMUJI]
Preview
PDF (PEREMPUAN JAWA DALAM NOVEL MASKUMAMBANG KARYA NANIEK PAMUJI) - Published Version
Download (269kB) | Preview

Abstract

Maskumambang yaiku salah sawijine novel Jawa anggitane Naniek Pamuji. novel iki nyritakake perkara feminisme. Tokoh wanita ing novel iki dadi sarana kanggo laire gagasan feminisme panganggit. Saka tokoh-tokoh ing novel iki, para pamaos dijak panganggit mirsani kepriye carane kanggo mrantasi perkara urip. Perkara sing dirembug ing panaliten iki yaiku (1) kepriye tokoh wadon Jawa kang ditampilake ing novel Maskumambang anggitane Nanik Pamuji? (2) kepriye pandhangan feminisme panganggit marang wong wadon Jawa sing ana ing novel Maskumambang?. Pendekatan sing digunaake ing panaliten iki yaiku pendekatan objektif, dene ing panaliten iki sipate deskriptif analitik. Teori panaliten ing skripsi iki nganggo teori feminisme. Teori iki digunaake kanggo nggambarake wong wadon lan pandulune feminis. Gambaran tokoh iki bisa cetha lan bisa dadi tuladha tumprap wanita, lan ndadeake pandulune panganggit kang mujudake tata laku kanggo pangudarasa sing perlu dipertimbangake. Ing novel Maskumambang, tokoh sing ditampilake ngemot babagan tokoh lan watek tokoh, tokoh kasebut yaiku: Sri Sumarti, Musrini, Esti Rahayu, lan Musriati. Asile saka panaliten iki yaiku, watek sing diparagaake saka novel, Maskumambang anggitane Naniek Pamuji sing bisa dimangerteni nganggo teknik ekspositori lan cakapan. Cara pandhang panganggit babagan wong wadon bisa dimangerteni saka teori feminisme. Lakon Sri Sumarti nduweni watek ayu, cekatan, pinter, pangerten marang wong liya, sugih pangapura, lan patuh marang wong tuwa, lakon Musrini nduweni watek ora gampang nyerah, duwe semangat sinau sing gedhe,mumpuni, lan dendaman, Estu Rahayu nduweni watek apik lan jujur, Musriati nduweni watek bijaksana. Saka lakon Sri Sumarti Panganggit nyisipke feminisme marxis lan sosialis, lan feminisme psikoanalisis gende, saka lakon Musrini panganggit nyisipke feminisme liberal lan saka lakon Estu Rahayu lan Musriati panganggit ora nyisipke pandhangan feminisme apa-apa . Asile panaliten iki moga-moga bisa ngrembaka kanggo anane panaliten anyar, khususe panaliten novel Jawa anggitan-anggitan sajenise kanggo majune piwulangan basa Jawa. Paneliten iki uga moga-moga bisa nambahi kawruh ing donyane apresiasi sastra Jawa.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: Sastra Jawa Modern, Novel Jawa, Tokoh Wanita, Feminisme, Maskumambang
Subjects: P Language and Literature > PI Oriental languages and literatures > PI1 Indonesia > Sastra
H Social Sciences > HQ The family. Marriage. Woman
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa (S1)
Depositing User: Users 7 not found.
Date Deposited: 04 Nov 2011 02:17
Last Modified: 25 Apr 2015 06:32
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/6923

Actions (login required)

View Item View Item