Struktur Geguritan Wong Agung Gurit Punjul Rong Puluh Karya Budi Palopo


NILA ERMA WIDYAWATI, 2102407072 (2011) Struktur Geguritan Wong Agung Gurit Punjul Rong Puluh Karya Budi Palopo. Under Graduates thesis, Universitas Negeri Semarang.

[thumbnail of Struktur Geguritan Wong Agung Gurit Punjul Rong Puluh Karya Budi Palopo]
Preview
PDF (Struktur Geguritan Wong Agung Gurit Punjul Rong Puluh Karya Budi Palopo) - Published Version
Download (669kB) | Preview

Abstract

Geguritan Wong Agung Gurit Punjul Rong Puluh anggitane Budi Palopo kalebu unik. Unike geguritan Budi Palopo mau katon saka unsur pambangune. Iki sing ndadekake geguritan Budi Palopo beda karo geguritan penyair Jawa liyane. Unike mau sing njalari rasa kepingine panulis neliti strukture geguritan kasebut. Sangalas geguritan kang diteliti ngandhut rima konsonan utawa aliterasi paling akeh ketimbang patang puluh sanga geguritan liyane. Struktur pembangun geguritan antarane struktur fisik lan batin. Skripsi iki ngrembug babagan struktur fisike geguritan anggitane Budi Palopo kanthi irah-irahan antologi geguritan Wong Agung Gurit Punjul Rong Puluh. Perkara kang dirembug ing skripsi iki yaiku kepiye struktur fisike geguritan karyane Budi Palopo ing antologi geguritan Wong Agung Gurit Punjul Rong Puluh. Panaliten iki nduwe ancas kanggo ngandharake struktur fisike geguritan Wong Agung Gurit Punjul Rong Puluh anggitane Budi Palopo. Panaliten iki migunakake pendhekatan objektif kanthi metodhe stuktural kang nduwe ancas kanggo ngonceki geguritan ing sajroning unsur fisik pembangun geguritan. Asile panaliten iki nuduhake yen geguritan-geguritan Budi Palopo ora ngandhut tata cara kuna kang isih nggunakake rima akhir, yen ta ana rima akhir kang padha, iku mung ana pirang bait lan anane ora bebarengan utawa manut tata cara kuna. Swara-swara konsonan kang metu ambal-ambalan kanthi gontax ganti menehi irama lan swasana imajinatif geguritan kasebut. Geguritan Wong Agung Gurit Punjul Rong Puluh nduwe kakuwatan ing unsur swara, utamane ana ing rima konsonan utawa aliterasine. Irama saka sangalas geguritan kang diteliti ana ing antologi geguritan Wong Agung Gurit Punjul Rong Puluh anggitane Budi Palopo iki diandharake kanthi nadha datar lan alus. Tembung kuna kang ana ing 19 geguritan kang diteliti nggawe geguritan kasebut katon nggegirisi. Tembung konkret kang digunakake bisa nggambarake kadadeyan kang nyata. Tipografi kang ditulis saka pinggir sisih kiwa, sisih tengen utawa sisih tengah nambah kaendahan wujud baris lan bait. Gambaran kang digunakake ana ing antologi geguritan Wong Agung Gurit Punjul Rong Puluh yaiku gambaran visual, auditif, lan penciuman. Basa figuratif kang digunakake yaiku gaya basa hiperbola lan pernyataan retoris. Panaliten iki bisa menehi wacana kanggo masyarakat khususe para siswa, lan uga bisa didadekake wewaton kanggo neliti geguritan liyane kanthi nganggo pendhekatan lan metodhe liya.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: geguritan Budi Palopo, struktur pembangun
Subjects: P Language and Literature > PL Languages and literatures of Eastern Asia, Africa, Oceania
P Language and Literature > PQ Romance literatures
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa (S1)
Depositing User: budi Budi santoso perpustakaan
Date Deposited: 13 Oct 2011 06:38
Last Modified: 25 Apr 2015 06:01
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/5645

Actions (login required)

View Item View Item