KEMAMPUAN SISWA KELAS XII SMA NEGERI 1 SLAWI MENULIS ARGUMENTASI BERBAHASA JAWA KRAMA BERDASARKAN ARTIKEL DALAM FACEBOOK


Lutfiana Azizah, 2601409091 (2013) KEMAMPUAN SISWA KELAS XII SMA NEGERI 1 SLAWI MENULIS ARGUMENTASI BERBAHASA JAWA KRAMA BERDASARKAN ARTIKEL DALAM FACEBOOK. Under Graduates thesis, Universitas Negeri Semarang.

[thumbnail of KEMAMPUAN SISWA KELAS XII SMA NEGERI 1 SLAWI MENULIS ARGUMENTASI BERBAHASA JAWA KRAMA BERDASARKAN ARTIKEL DALAM FACEBOOK]
Preview
PDF (KEMAMPUAN SISWA KELAS XII SMA NEGERI 1 SLAWI MENULIS ARGUMENTASI BERBAHASA JAWA KRAMA BERDASARKAN ARTIKEL DALAM FACEBOOK)
Download (2MB) | Preview

Abstract

Nulis argumentasi iku salah sawijine kompetensi dhasar ing piwulangan basa Jawa. Ing jaman cyber kaya saiki, nulis argumentasi ora mung dilakokake sajroning kelas. Nulis argumentasi saiki bisa nganggo media facebook. Ing facebook, siswa diwenehi artikel sing diunggah ana sajroning grup banjur siswa dikon menehi argumen nganggo basa Jawa krama. Sanyatane, saben siswa bisa nulis argumen. Ananging, nalika nulis argumen sajroning facebook nganggo basa Jawa krama, siswa wis ngrasa bener anggone nulis argumen sanajan mung nulis “inggih, kula sarujuk”. Kamangka nulis argumentasi ora mung setuju utawa ora setuju, ananging uga diwenehi alesan, dhata, lan fakta sing bisa ndhukung argumen kasebut. Prakara sing dirembug ing panaliten iki yaiku kepriye kemampuan siswa kelas XII SMA Negeri 1 Slawi nulis argumen migunakake basa Jawa krama adhedhasar artikel sajroning facebook. Panaliten iki duweni ancas yaiku njlentrehake kemampuan siswa nulis argumentasi migunakake basa Jawa adhedasar artikel sajroning facebook. Pendekatan sing digunakake ing panaliten iki yaiku pendekatan kualitatif. Sumbere data saka siswa kelas XII SMA Negeri 1 Slawi. Dene, data panaliten iki yaiku argumen sing ditulis siswa adhedasar artikel sajroning facebook. Teknik sing digunakake kanggo ngumpulake data yaiku teknik dokumentasi lan teknik observasi. Data sing kajupuk banjur dianalisis migunakake analisis deskriptif. Asil panaliten iki nuduhake yen rerata bijine siswa kelas XII SMA Negeri 1 Slawi nulis argumentasi isih ana ing ngisor biji KKM. Rerata bijine siswa nulis yaiku 72,95. Dene biji KKM yaiku 77 saengga siswa kagolong durung mampu nulis argumentasi migunakake basa Jawa krama. Ing segi isi, ana 11 siswa sing bijine sadhuwure KKM lan ana 23 siswa sing bijine isih sangisore KKM. Segi isi kepara patang aspek yaiku aspek kesesuaian isi, rerata bijine siswa yaiku 77,5, kagolong kategori mampu. Ing aspek kelengkapan isi, rerata bijine siswa yaiku 62,5, kagolong kategori ora mampu. Ing aspek ketepatan fakta, rerata bijine siswa yaiku 35, kagolong kategori ora mampu. Ing aspek tujuan meyakinkan pembaca, rerata bijine siswa yaiku 62,5, kagolong kategori ora mampu. Dene ing segi kebahasaan, ana 31 siswa sing bijine sadhuwure KKM lan ana 3 siswa sing bijine isih ana ing sangisore KKM. Segi kebahasaan kepara telung aspek yaiku aspek tata bahasa, rerata bijine siswa yaiku 92,5, kagolong kategori mampu. Ing aspek pemilihan kata (diksi), rerata bijine siswa yaiku 87,5, kagolong kategorimampu. Ing aspek ejaan dan tanda baca, rerata bijine siswa yaiku 87,5, kagolong kategori mampu. Adhedhasar asil panaliten mau bisa disimpulake yen rerata para siswa mlebu ing kategori durung mampu nulis argumentasi migunakake basa Jawa krama adhedhasar artikel sajroning facebook. Gegayutan karo asil panaliten, kaajab para siswa kudu sinau meneh babagan nulis argumentasi nganggo basa Jawa krama. Saran panaliten yaiku, kaluputan siswa nalika nulis argumentasi ing segi isi utamane aspek kelengkapan isi, ketepatan fakta, lan tujuan meyakinkan pembaca bisa dadi dhasar anggone nyusun materi piwulangan kompetensi dhasar nulis argumentasi. Ing aspek kelengkapan isi, guru prelu luwih negesake materi bab cirri-ciri tulisan argumentasi supaya siswa bisa nulis argumen kanthi isi sing jangkep yaiku ana pamanggih, panjelas, lan fakta. Ing aspek ketepatan fakta, guru prelu menehi materi bab kepriye anggone nyusun logika adhedhasar fakta-fakta saengga antara pamanggih lan fakta sing ditulis siswa ora sliwahan. Ing aspek tujuan meyakinkan pembaca, guru prelu menehi materi bab carane nulis argumentasi saengga siswa bisa nyusun argumen sing bener-bener bisa ngyakinake.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: kemampuan menulis argumentasi, facebook
Subjects: P Language and Literature > PI Oriental languages and literatures > PI1 Indonesia > Javanese Language and Literature
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa (S1)
Depositing User: Users 23382 not found.
Date Deposited: 05 May 2014 17:04
Last Modified: 05 May 2014 17:04
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/19725

Actions (login required)

View Item View Item