Fakta Cerita dalam Cerita Detektif Rajapati ing Pereng Wilis Karya: Kukuh S. Wibowo


Hendra Ariaputra, 2151405018 (2012) Fakta Cerita dalam Cerita Detektif Rajapati ing Pereng Wilis Karya: Kukuh S. Wibowo. Under Graduates thesis, Universitas Negeri Semarang.

[thumbnail of Fakta Cerita dalam Cerita Detektif Rajapati ing Pereng Wilis Karya: Kukuh S. Wibowo] Microsoft Word (Fakta Cerita dalam Cerita Detektif Rajapati ing Pereng Wilis Karya: Kukuh S. Wibowo) - Published Version
Download (25kB)

Abstract

Rajapati Ing Pereng Wilis yaiku cerita detektif sing kaemot ing majalah mingguan Panjebar Semangat. Panaliten cerbung kang kaserat ing edisi 2011. Cerita detektif dening Kukuh S. Wibowo minangka salah setunggal karya sastra Jawa ingkang karipta kanti nengenaken unsur fakta cerita kang diandharake ana ing unsur-unsur kanti lan ngalir apa anane. Masalah ing panaliten iki yaiku fakta cerita sing antarane: alur, tokoh lan penokohan, lan latar kang ana ing cerbung Rajapati Ing pereng Wilis Karya Kukuh S. Wibowo. Panaliten iki nggunakake pendekatan struktural. Ancase panaliten iki yaiku ngandharake kanthi runtut kepriye alur, tokoh lan penokohan, lan latar sajroning cerbung Rajapati Ing Pereng Wilis kanthi undering perkara babagan fakta cerita sing ana ing cerbung kasebut. Adhedhasar analisis, dimangerteni yan alur, tokoh lan penokohan, lan latar sing ana sajroning Rajapati Ing Pereng Wilis Karya Kukuh S. Wibowo dibagi dadi mawarna-warna. Rajapati Ing Pereng Wilis duwe alur kang dominan. Tokogh utama ing cerbung kuwi yaiku Risang Ragutama lan Sekarniti. Tokoh pendukung sajroning crita kuwi yaiku: Darpita, Amoendeta, pak Markani dan ibu Markani, Palindriya, Raden Ayu Ajeng Kamaratih, Asmungin, Juari, Loso, Darus Prayitna, Kang Sarni, Arso, Muji, Ngisom, Royan, Tonah, Sokib dan Kampana, Kartadihardja. Alur lan pangalurane cerbung Rajapati Ing Pereng Wilis nggunakake alur campuran. Alur sing dominan yaiku alur maju kang nggambarake kepriye tumindake para tokohe. Nanging, ana alur mundur ing tengah-tengahe ana kedaden kang nggunakake alur flash back. Latar panggonan minangka fakta cerita sajroning teks kasebut dumunung ing Tulungagung, Desa Widorokandhang sangisore Gunung Wilis. Dene fakta sosial ing Rajapati Ing Pereng Wilis digambarake kahanan kang kontras status sosial ing antarane tokoh siji lan sijine. Panaliten Fakta Cerita dalam Rajapati Ing Pereng Wilis Karya Kukuh S. Wibowo perlu dibacutake kanthi ranah panaliten kang beda. Pangangkah unsur fakta cerita kang ditaliti bisa luwih sampurna lan duweni mupangat kang murakabi tumrap pamaos lan panaliti liyane.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: Cerbung, Fakta Cerita, Tokoh, lan Cerita Detektif
Subjects: P Language and Literature > PI Oriental languages and literatures > PI1 Indonesia > Javanese Language and Literature
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Sastra Jawa (S1)
Depositing User: Hapsoro Adi Perpus
Date Deposited: 16 Oct 2012 02:34
Last Modified: 16 Oct 2012 02:34
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/15913

Actions (login required)

View Item View Item