Suspense dalam novel Kinanti karya Margareth Widhy Pratiwi.


Septi Isnaini Fica Fadlilah, , 215108011 (2012) Suspense dalam novel Kinanti karya Margareth Widhy Pratiwi. Under Graduates thesis, Universitas Negeri Semarang.

[thumbnail of Suspense dalam novel Kinanti karya Margareth Widhy Pratiwi.] Microsoft Word (Suspense dalam novel Kinanti karya Margareth Widhy Pratiwi.) - Published Version
Download (11kB)

Abstract

Cerita sing apik biasane ngemot suspense kang kuwat. Bab kuwi nduwe karep kanggo nuwuhake rasa kepengin ngerti sing maca. Ing novel Kinanti iki suspense sing ana ndadikake wong sing pada macakepengin maca nganti pungkasaning crita. Panaliten iki katujukake kanggo goleki lan mangerteni suspense sing ana ing novel Kinanti. Babagan sing diudi ing skripsi iki yaiku (1) kepriye carane pengarang mujudake suspense ing novel Kinanti? (2) sarana apa wae sing digunakake pengarang nalika mujudake suspense ing novel Kinanti? Manfaat teoritis panaliten iki kaajab bisa aweh pituduh lan gambaran ngenani suspense, dene manfaat praktise kaajab bisa digunakake minangka bahan ajar ing pasinaon sastra ing sekolahan. Teori sing digunakake ing panaliten iki yaiku teori alur lan suspense. Sasaran panaliten iki yaiku suspense ing novel Kinanti. Data sing digunakake minangka dhasar panaliten iki yaiku prastawa-prastawa ing saben bab sing ngemot suspense sing ana ing novel Kinanti. Pendekatan sing digunakake ing panaliten iki yaiku pendekatan objektif. Metodhe sing digunakake yaiku analisis struktural semiotik mawi teknik semak cathet. Asil panaliten iki wujude yaiku: (1) regangan (toppings) sing luwih kuwat ing njero crita novel Kinanti iki (2) sarana sing digunakake pengarang nalika nyuguhake suspense ing novel Kinanti, yaiku regangan (toppings), susutan (droppings), padahan (foreshadowing). Adedhasar asil panaliten kasebut, prayogane (1) yen arep nulis novel sing apik, prayogane gawe pola suspense sing wus ditindakake peneliti, (2) para peneliti prayogane bisa manfaatake asil panaliten iki kanggo nindakake panaliten liya ing novel Kinanti, lan (3) novel Kinanti kang kaanggit dening Margareth Widhy Pratiwi iki karya sastra sing pantes diwaca dening para pamaos tingkat SMA lan dhiwasa, amarga bisa aweh inspirasi lan motivasi kanggo sing maca.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: novel, alur, suspense, sarana suspense
Subjects: P Language and Literature > PI Oriental languages and literatures > PI1 Indonesia > Sastra
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Sastra Jawa (S1)
Depositing User: budi Budi santoso perpustakaan
Date Deposited: 28 Aug 2012 00:45
Last Modified: 28 Aug 2012 00:45
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/14503

Actions (login required)

View Item View Item