Struktur Teks Serat Kaca Wirangi Keluaran Toko Buku Tan Khoen Swie


Arwan.Suparwanto, 2151405038 (2012) Struktur Teks Serat Kaca Wirangi Keluaran Toko Buku Tan Khoen Swie. Under Graduates thesis, Universitas Negeri Semarang.

[thumbnail of . Struktur Teks Serat Kaca Wirangi Keluaran Toko Buku Tan Khoen Swie] Microsoft Word (. Struktur Teks Serat Kaca Wirangi Keluaran Toko Buku Tan Khoen Swie) - Published Version
Download (12kB)

Abstract

Saben karya sastra kuwi nduweni struktur. Struktur ing kene nduweni teges karya sastra iku disusun saka unsur-unsur, antarane unsure kadaden hubungan timbal balik lan pada nemtokake. Dadi nyawijine unsur-unsur ¬ing karya sastra ora mung awujud kumpulan utawa tumpukan bab-bab kang dhewe-dhewe, sakbenere bab iku padha sinambung, padha kaiket, lan pada kagantung. Semana uga Teks Serat Kaca Wirangi babaran Toko Buku Tan Khoen Swie nyuguhake strukturpembangun crita kang komplit, yaiku unsur intrinsik kang ngliputi alur (plot), tokoh lan penokohan, latar (setting), lan tema. pamilihan Teks Serat Kaca Wirangi babaran Toko Buku Tan Khoen Swie adedasar saka temuan sekilas seka segi ¬carita lan tema apik gawe dikaji luwih jero. Masalah ing panaliten iki yaiku kepriye strukturteks Serat Kaca Wirangi babaranToko Buku Khoen Swie. Kanggo ngerteni struktur ing serat iki, panaliti mung arep njelasake unsur intrinsike bae, kang ngliputi alur (plot), tokoh lan penokohan, latar (setting), lan tema. Pendekatan kang dinggo ing panaliten iki yaiku pendekatan objektif karo teori strukturalisme.Teori strukturalisme dinggo dadi langkah sepisanan kanggo nganalisis unsur intrinsik. Pendekatan kang dinggo ing panaliten iki yaiku pendekatan objektifnggawateori strukturalisme. Teori strukturalisme dinggo dadi langkah sepisanan kanggo nganalisis unsur intrinsik. Serat Kaca WirangibabaranToko Buku Tan Khoen Swie Tahun 1922 nduweni sewelas babagan kang nyritakake perkutut lan derkuku, cerita babagan kewan sing sabenere cerita kang nyimbolke uripe manungsa, diomongke kaya ngene amarga ing cerita isine ajaran babagan kasampurnaan lan kautamaan urip manungsa. Serat Kaca Wirangiuga nyeritakake bab rasa lan budi manungsa uga polah tingkahe manungsa. Adhedasar analisis strukturteks Serat Kaca Wirangi babaranToko Buku Khoen Swiebisa dingerteni yen unsur intrinsik kang ngliputi alur (plot), tokoh lan penokohan, latar (setting), lan tema.Alur (plot) ingteks Serat Kaca Wirangiyaikualurmaju, amarga urutan kadadian kang digambarake lurus utawaprogresif lan tanpa ananesorot-balikutawaflash-back.Tokoh-tokohingSerat Kaca Wirangi pada nduweni karaktersing rada mirip yaiku padangagung-agungke sing diduweni tanpa ndeleng kaluwihan tokoh liyane.Latar Serat Kaca Wirangi ing jero kaputren sing megah lan singgasana panggonane kaca benggala.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: Struktur, Unsur intrinsik, Teks Serat Kaca Wirangi.
Subjects: P Language and Literature > PI Oriental languages and literatures > PI1 Indonesia > Sastra
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Sastra Jawa (S1)
Depositing User: budi Budi santoso perpustakaan
Date Deposited: 28 Aug 2012 00:42
Last Modified: 28 Aug 2012 00:42
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/14502

Actions (login required)

View Item View Item