Struktur Teks Prosaliris Jowarsah Karya Lalu Gede Suparman.


Rizka Rosyida, , 2102408042 (2012) Struktur Teks Prosaliris Jowarsah Karya Lalu Gede Suparman. Under Graduates thesis, Universitas Negeri Semarang.

[thumbnail of Struktur Teks Prosaliris Jowarsah Karya Lalu Gede Suparman. ] Microsoft Word (Struktur Teks Prosaliris Jowarsah Karya Lalu Gede Suparman. ) - Published Version
Download (11kB)

Abstract

Pengarang nggawe karya sastra arupa prosaliris duwe ancas supaya diwaca wong liya, kang sakteruse supaya wong sing maca kuwi bisa mangerteni apa maksud lan isi prosaliris kuwi. Akeh babagan becik kang ana ing sajroning wacan prosaliris. Karya sastra arupa wacan prosaliris bisa dimangerteni isi critane migunakake unsur kang mbangun karya sastra utawa unsur-unsur intrinsik. Unsur intrinsik kayata tokoh lan penokohan, alur utawa plot, setting utawa latar, tema, sudut pandang, gaya bahasa, lan amanat. Adhedhasar katrangan ing dhuwur, perkara kang arep dibabarake ing skripsi iki yaiku: kepriye struktur teks prosaliris kang kaperang dadi fakta cerita, tema, lan sarana cerita ing prosaliris Jowarsah anggitane Lalu Gde Suparman? Ancas kang pengin digayuh ing panaliten iki yaiku nudhuhake struktur teks prosaliris Jowarsah anggitane Lalu Gde Suparman. Teori kang digunakake ing panaliten iki yaiku teori struktural kanthi migunakake pendekatan objektif, supaya gampang olehe mbedhah teks prosaliris Jowarsah kanggo nudhuhake unsur-unsur intrinsik kang ana ing teks prosaliris Jowarsah anggitane Lalu Gde Suparman. Struktur teks ing prosaliris Jowarsah arupa fakta crita, tema, lan sarana crita. Data dijupuk saka teks prosaliris Jowarsah kang awujud tembang macapat. Sumber datane kajupuk saka buku Jowarsah taun 1994, penerbit Departemen Pendidikan dan Kebudayaan Jakarta, ana 150 halaman, lan kaperang dadi tembang 604 pada. Data kasebut dianalisis migunakake teknik analisis deskriptif , yaiku kanthi cara ndeskripsikake data kang arupa fakta crita, tema, lan sarana crita, kanggo mangerteni unsur-unsur intrinsik prosaliris Jowarsah anggitane Lalu Gde Suparman. Asiling panaliten iki bisa nudhuhake struktur teks prosaliris Jowarsah anggitane Lalu Gde Suparman kang arupa tokoh lan penokohan, alur, lan latar kang ana ing sajroning fakta crita , tema, lan sudut pandang, gaya bahasa, lan amanat kang ana ing sajroning sarana crita. Adhedhasar asil panaliten kasebut, pitudhuh kang bisa diwenehake yaiku supaya panaliten iki bisa digunakake minangka referensi kanggo panaliten karya sastra kang mbedhah struktur crita arupa fakta crita, tema, lan sarana crita.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: Prosaliris, Struktur teks Jowarsah
Subjects: P Language and Literature > PI Oriental languages and literatures > PI1 Indonesia > Pendidikan Bahasa dan Sastra
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa (S1)
Depositing User: budi Budi santoso perpustakaan
Date Deposited: 27 Aug 2012 07:23
Last Modified: 27 Aug 2012 07:23
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/14434

Actions (login required)

View Item View Item