Variasi Bahasa Pemeran Gara-gara dalam Lakon Wisanggeni Gugat oleh Dhalang Ki Kukuh Bayu Aji


Tiyas Siswanti Ratnasari,, 2151407012 (2012) Variasi Bahasa Pemeran Gara-gara dalam Lakon Wisanggeni Gugat oleh Dhalang Ki Kukuh Bayu Aji. Under Graduates thesis, Universitas Negeri Semarang.

[thumbnail of . Variasi Bahasa Pemeran Gara-gara dalam Lakon Wisanggeni Gugat oleh Dhalang Ki Kukuh Bayu Aji] Microsoft Word (. Variasi Bahasa Pemeran Gara-gara dalam Lakon Wisanggeni Gugat oleh Dhalang Ki Kukuh Bayu Aji) - Published Version
Download (13kB)

Abstract

Variasi basa kang digunakake pemeran adegan gara-gara ing lakon Wisanggeni Gugat dening Ki Kukuh Bayu Aji ora uwal saka kaanan sosial. Mula pemeran adegan gara-gara milih basa kang digunakake kanggo komunikasi. Perkara kang digunakake ing panaliten iki ana loro (1) kepriye variasi basane pemeran gara-gara ing lakon Wisanggeni Gugat dening dhalang Ki Kukuh Bayu Aji? lan (2) Faktor apa wae kang mrabawani variasi basa pemeran gara-gara ing lakon Wisanggeni Gugat dening dhalang Ki Kukuh Bayu Aji? Penelitian iki manfaate kanggo gambarake variasi basa pemeran gara-gara ing lakon Wisanggeni Gugat dening dhalang Ki Kukuh Bayu Aji lan nggambarake faktor-faktor kang mrabawani variasi basa pemeran gara-gara ing lakon Wisanggeni Gugat dening dhalang Ki Kukuh Bayu Aji. pendekatan teoretis dan pendekatan metodologis. Pendekatan teoretis kang digunakake ing panaliten iki yaiku pendekatan sosiolinguistik, dene pendekatan metodologis kang digunakake ing panaliten iki yaiku pendekatan kualitatif deskriptif. Dhata panaliten iki yaiku tuturan pemeran adegan gara-gara ing lakon Wisanggeni Gugat dening Ki Kukuh Bayu Aji. Anggone ngumpulake dhata nggunakake teknik pisah utawa teknik pilah, yaiku kanthi misahake utawa milahake tuturan-tuturan variasi utawa pilihan basa kang digunakake dening pemeran adegan gara-gara. Asil analisis dhata disuguhake kanthi nggunakake metode informal. Pendekatan kang digunakake panaliten iki ana loro, yaiku pendeketan teoretis lan pendekatan metodologis. Pendekatan teoretis kang digunakake yaiku pendekatan sosiolinguistik, dene pendekatan metodologis kang digunakake yaiku pendekatan kualitati deskriptif. Sumber dhata ing panaliten yaiku penggalan teks carita lan paclathon saka rekaman CD wayang kulit ing lakon Wisanggeni Gugat dening dhalang Ki Kukuh Bayu Aji. Teknik pangumpulan dhata kanthi metode simakteknik catat. Teknk analisis dhata kanthi teknik pisah utawa teknik pilah, yaiku kanthi misahake tuturan-tuturan variasi utawa pilihan basa yang digunakake dening pemeran adegan gara-gara. Metode penyajian asil dhata kanthi metode informal. Asil panaliten nuduhake menawa variasi basa Jawa pemeran adegan gara-gara yaiku variasi bentuk tunggal basa, alih kode, lan campur kode. Ragam basa Jawa kang digunakake yaiku ngoko lugu, krama lugu, lan krama alus. Alih kode kedadeyan amarga alih kode antarbasa lan alih kode antarragam, dene campur kode kedadeyan yaiku campur kode karo dhasar kode basa Jawa, campur kode karo dhasar kode basa Indonesia, lan campur kode basa Sunda, dene faktor-fakor kang dadi dhasar variasi nggunakake basa pemeran gara-gara ing lakon Wisangeni Gugat dening Ki Kukuh Bayu Aji yaiku faktor partisipan, faktor situasional, lan fungsi interaksi. Gegayutan kari simpulan, saran kang bisa diwenehake yaiku marang pamaca kususe pemerhati basa lan pihak-pihak kang bisa nggunakake asil panaliten iki supaya nindakake panaliten lanjutan. Wondene saran kanggo masyarakat supaya tetep nduweni rasa hormat lan santun marang wong liya.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: Variasi basa, Pemeran Gara-gara, Sosiolinguistik
Subjects: P Language and Literature > PI Oriental languages and literatures > PI1 Indonesia
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Sastra Jawa (S1)
Depositing User: budi Budi santoso perpustakaan
Date Deposited: 02 Jul 2012 00:18
Last Modified: 02 Jul 2012 00:18
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/12815

Actions (login required)

View Item View Item