Cerita Baron Sekeber dalam Serat Babat Pat


Heru Prasetyo, 2151405031 (2009) Cerita Baron Sekeber dalam Serat Babat Pat. Under Graduates thesis, Universitas Negeri Semarang.

[thumbnail of Cerita Baron Sekeber dalam Serat Babat Pat]
Preview
PDF (Cerita Baron Sekeber dalam Serat Babat Pat) - Published Version
Download (754kB) | Preview

Abstract

Carita babad Baron Sekeber minangka perangan saka carita babad Pati kang nyritakake lelana utawa pangumbarane Baron Sekeber saka negara Belanda tumuju tanah Jawa sak perlu nggoleki Praja Mataram, nalika semana kang jumeneng ratu yaiku Panembahan Senopati. Objek kang dikaji sajroning Skripsi iki yaiku struktur naratif carita Baron Sekeber sajroning serat babad Pati, kanthi sub permasalahan: urutan teks, urutan kronologis, kadadeyan, wujud lan wacana yaiku bentuk wacana lan substansi wacana. Penelitian sakjeroning Skripsi iki magunakake pendekatan struktural, pendekatan iki menehi kawigaten utawa marang. Struktur carita gegayutan karo teori struktur naratif miturut Chatman. Panggonane struktur naratif minagka alat lan cara kanggo ndungkap karya sastra kanthi dalan struktur carita. Sumber dhata penelitian iki yaiku teks serat babad Pati, dene dhata saka skripsi iki yaiku carita ngenani Baron Sekeber. Asil saka panelitian iki bisa mengerteni carita Baron Sekeber yaiku nyritakake lelana utawa pangumbarane Baron Sekeber saka kaluwarga Baron, Baron Sekeber lunga saka negara Belanda tumuju tanah Jawa sakperlu nggoleki Praja Mataram lan kepengin ngrebut kuasa saka Panembahan Senopati lan kasungsun ana 38 sekuen lan dicaritakake cara kronologis kanti migunaake alur maju. Tokoh sajroning carita Baron Sekeber kapilah dadi loro yaiku tokoh antagonis yaiku Panembahan Senopati, Adipati Wasis Jayakusuma lan tokoh protagonis yaiku Baron Sekeber, Baron Sukmul, Dyah Sari, Sadu Hening lan Mbok Randa. Sakjroning carita baron Sekeber latar wektu ana ing abad 16, latar tempat ana ing wilayah kejaan Mataram, Gunung Muria, Gua Pateayam dan Desa Kemiri, latar sosisal yaiku kehidupan kerajaan. Saking segi pengarang direteni ana ing wacana yaiku bentuk wacana dan substansi wacana. Saran kang bisa diparingake yaiku supaya carita babad iki terus dilestarikake anane dening para pawaca minangkan warisan kang perlu diuri-uri pada pemuda supaya gelem sinau nepungi njaga lan nglestarikake utawa nguri-uri carita dhaerahe dhewe-dhewe malah bisa supaya diwartakake menyang dhaerah liyane. Kajaba iku, saka pamarintah kabupaten pati uga nglaksanakake usaha pendataan kanggo nyediani uborampe supaya nggampangake peneliten sakteruse.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: Serat Babad Pati, Baron Sekeber, struktur naratif.
Subjects: D History General and Old World > D History (General) > D204 Modern History
P Language and Literature > PK Indo-Iranian
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa (S1)
Depositing User: budi Budi santoso perpustakaan
Date Deposited: 07 Apr 2011 02:43
Last Modified: 25 Apr 2015 04:16
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/1092

Actions (login required)

View Item View Item