FAKTA CERITA NOVEL REMAJA BUMERANG KARYA ARDHINI PANGASTUTI


Hestina Medikasari, 2102406564 (2011) FAKTA CERITA NOVEL REMAJA BUMERANG KARYA ARDHINI PANGASTUTI. Under Graduates thesis, universitas negeri semarang.

[thumbnail of FAKTA CERITA NOVEL REMAJA BUMERANG KARYA ARDHINI PANGASTUTI]
Preview
PDF (FAKTA CERITA NOVEL REMAJA BUMERANG KARYA ARDHINI PANGASTUTI)
Download (116kB) | Preview

Abstract

SARI Sari, Hestina Medika. 2010. Fakta Cerita Novel Remaja Bumerang Karya Ardini Pangestuti. Skripsi jurusan bahasa dan sastra Jawa, Fakultas bahasa dan seni, Universitas Negeri Semarang. Pembimbing II: Drs. Sukadaryanto, M.Hum, Pembimbing II: Yusro Edy Nugroho, S.S, M.Hum. Tembung wigati: fakta cerita (tokoh penokohan, alur, dan latar). Novel Remaja Bumerang yaiku novel basa Jawa karangan Ardini Pangastuti sing dikenalake taun 1991 dening PT Bina Ilmu, Surabaya. Novel Bumerang dadi salah siji novel remaja sing nggunakake basa Jawa ngoko. Novel kasebut nyritakake kahanan kanoman sing pengin luru jati dhiri lan tumindak kanoman Jawa sing mlebu sajroning kahanan kasutresnan. Ing novel kasebut ngetokake sakabehing cara mamerake tokoh sing digunakake. Pangripta pancen prigel ngrantam cerita, alur, lan latar. Dadi, novel remaja nyritakake crita sing ngandhut telung tataran, yaiku tokoh lan penokohan, alur, lan latar. Masalah paneliten iki yaiku kepriye gambaran crita sejati (tokoh lan penokohan, alur, lan latar) sing mapan ing sajroning Novel Remaja Bumerang. Angkah saka paneliten iki yaiku menehi gambaran bab crita sejati sing mapan ing novel kasebut. Teori sing digunakake ing paneliten iki yaiku teori Nurgiyantoro sing ngrembuk telung cengkorongan, yaiku tokoh lan penokohan, alur, lan uga latar sing bisa madeg dhewe lan minangka struktur factual crita. Pendekatan sing digunakake yaiku pendekatan objektif. Adhedhasar asil paneliten, lakon sing karantam ing Novel Remaja Bumerang ana sewelas lakon. Sekabehe duweni ciri lan dhapukan sing beda-beda. Lakon dibedakake dadi loro, yaiku tokoh utama lan tokoh bawahan. Tokoh utama ing novel kasebut yaiku Galuh lan Galung. Galuh duweni praupan ayu, lenjeh, matrealistis, isinan, teguh, kalem, duweni tekad, gelanan, ora nrima, emosi, lan lugu. Galung yaiku lakon lanang sing duweni sipat playboy, merga sipat mau dadekake akeh wanita sing kelaran, salah sijine yaiku Emy. Emy tau depresi kerana dipedhot Galung. Bocah lanang iki uga duweni sipat romantis, sujanan, pangerten, welas asih, emosional, ngamukan, brahen, panggodha, seneng ngrayu, lan gampang grogi. Tokoh bawahan aneng novel kasebut yaiku Konyil, Rudy, Wisnu, Ny. Mira, Resti, Ambarwati, Ratna, Tante Umy, lan Han. Wolung lakon mau amung minangka tokoh pelengkap ing sajroning cerita, merga tokoh mau jejer lakone mung sedhela. Alur sing digunakake sajroning paneliten iki yaiku alur campuran. Isa diarane alur campuran amarga sebab-akibat sing dicritakake ing pacelathon saben bageyan nyritakake kedadeyan seteruse, nanging ing tengah crita ngelingake lelagon biyen, saengga dadekake rerembaganing paneliten iki. Latar sing duweni sipat manjila yaiku latar tempat, latar waktu, lan latar sosial. Latar tempat ngetokake kamar, ruwang tamu, omah, Malioboro Yogykarta minangka pusat tetukon, lan Parang Tritis. Latar waktu sing diketokake yaiku dina minggu sing nyritakake kedadeyan ing kutha Yogya sing sepi. Wayah esuk ana kedadeyan selingkuh lan nggambarake lakuning transportasi becak lan vesva jaman biyen. Latar sosial ing novel kasebut yaiku beda-bedakake tataran mlarat lan sugih lan panganggoning unggah-ungguh basa karma sing digunakake ing pamicara. Novel Remaja Bumerang bisa dadi bahan nggladhi remaja ngenani sopan santuh, unggah-ungguh, lan tata karma. Saliyane iku, paneliten iki diajab bisa didadekake bahan referensi utamane fakta cerita

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: Fakta Cerita (Tokoh penokohan, alur, dan latar).
Subjects: P Language and Literature > PI Oriental languages and literatures > PI1 Indonesia > Pendidikan Bahasa dan Sastra
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Pendidikan Bahasa dan Sastra Indonesia (S1)
Depositing User: Users 3263 not found.
Date Deposited: 20 Nov 2011 11:35
Last Modified: 20 Nov 2011 11:35
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/8792

Actions (login required)

View Item View Item