PENINGKATAN KETERAMPILAN MENULIS KARANGAN NARASI DENGAN MENGGUNAKAN STRATEGI ATM (AMATI, TIRU, MODIFIKASI) MELALUI MEDIA CONTOH CERKAK PADA MAJALAH PANJEBAR SEMANGAT PADA SISWA KELAS X-7 SMA NEGERI 1 BATANG


Ema Kurnianingrum Suni, 2102406545 (2011) PENINGKATAN KETERAMPILAN MENULIS KARANGAN NARASI DENGAN MENGGUNAKAN STRATEGI ATM (AMATI, TIRU, MODIFIKASI) MELALUI MEDIA CONTOH CERKAK PADA MAJALAH PANJEBAR SEMANGAT PADA SISWA KELAS X-7 SMA NEGERI 1 BATANG. Under Graduates thesis, UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG.

[thumbnail of PENINGKATAN KETERAMPILAN MENULIS  KARANGAN NARASI DENGAN MENGGUNAKAN STRATEGI ATM (AMATI, TIRU, MODIFIKASI) MELALUI MEDIA CONTOH CERKAK PADA MAJALAH PANJEBAR SEMANGAT PADA SISWA KELAS X-7 SMA NEGERI 1 BATANG]
Preview
PDF (PENINGKATAN KETERAMPILAN MENULIS KARANGAN NARASI DENGAN MENGGUNAKAN STRATEGI ATM (AMATI, TIRU, MODIFIKASI) MELALUI MEDIA CONTOH CERKAK PADA MAJALAH PANJEBAR SEMANGAT PADA SISWA KELAS X-7 SMA NEGERI 1 BATANG)
Download (142kB) | Preview

Abstract

SARI Suni. Ema Kurnianingrum 2010. Peningkatan Keterampilan Menulis Karangan Narasi Dengan Menggunakan Strategi ATM (Amati, Tiru, Modifikasi) Melalui Media Contoh Cerkak Pada Majalah Panjebar Semangat Siswa Kelas X.7 SMA Negeri 1 Batang. Skripsi. Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Semarang. Pembimbing I: Dr. Teguh Supriyanto, M. Hum, dan Pembimbing II: Dra. Sri Prastiti Kusuma A. Kata kunci: nulis karangan narasi, ”strategi” ATM (Amati, Tiru, Modifikasi) lan “media” conto cerkak majalah Panjebar Semangat Pasinaon nulis sastra duwe “peran” sing wigati ing piwulang basa Jawa. Salah sijine yaiku siswa bisa nulis karangan narasi. Saka asil observasi lan wawancara karo guru basa Jawa, bisa dikaweruhi yen keterampilan siswa nulis karangan narasi isih cendhek jalaran “media” utawa cara pasinaon sing dinggo guru isih kurang trep. Guru isih nganggo cara pasinaon sing pas lan nengsemake, yaiku kanthi nganggo cara conto cerkak ing majalah Panjebar Semangat. Gegayutan karo perkara mau, mula perkara sing diudi ing paneliten iki yaku (1) kepriye mundhake ketrampilan siswa nalika nulis karangan narasi kelas X.7 SMA N 1 Batang sawise nganggo “strategi” ATM (Amati, Tiru, Modifikasi) kanthi “media” conto cerkak ing majalah Panjebar Semangat. (2) kepriye owahing tindak tanduk solah bawa siswa kelas X.7 SMA N 1 Batang sawise entuk pasinaon kanthi nggunakake “strategi” ATM kanthi “media” conto cerkak majalah Panjebar Semangat. Tujuan paneliten iki yaiku (1) njlentrehake mundhake ketrampilan siswa kelas X.7 SMA N 1 Batang nalika nulis karangan narasi kanthi “strategi” ATM kanthi “media” conto cerkak ing majalah Panjebar Semangat. (2) njlentrehake owahing tindak tanduk solah bawa siswa kelas X.7 SMA N 1 Batang sawise entuk pasinaon kanthi nggunakake “strategi” ATM kanthi “media” conto cerkak majalah Panjebar Semangat. “Variabel” paneliten iki arupa variabel ketrampilan nulis karangan narasi, “strategi” ATM (Amati, Tiru, Modifikasi) lan “media” conto cerkak ing majalah Panjebar Semangat. Paneliten kelas iki dileksanakake nganggo rong siklus. Ngumpulake “data” nggunakake cara “observasi” (“observasi” ketrampilan nulis karangan narasi lan tindak tanduk siswa sasuwene pasinaon), “jurnal”, lan “wawancara”. Cara nganalisis “data” yaiku nganggo “teknik kualitatif” lan “kuantitatif”. “Teknik kualitatif” digunakake kanggo nganalisis “data kualitatif” (tindak tanduk), lan “deskriptif persentase” digunakake kanggo nganalisis data ketrampilan nulis karangan narasi. Asil saka paneliten nuduhake yen ketrampilan siswa nulis karangan narasi mundhak. Ing “tahap prasiklus”, guru isih nganggo cara pasinaon sing “konvensional”, saengga asile 62.06 sabanjure dileksanakake siklus I kanthi nganggo “strategi” ATM (Amati, Tiru, Modifikasi) kanthi “media” conto cerkak ing majalah Panjebar Semangat asile 67.09, nanging kala siklus I isih kurang latihan nulis karangan narasi nganggo “strategi” ATM (Amati, Tiru, Modifikasi) kanthi “media” conto cerkak ing majalah Panjebar Semangat sing isih arang digunakake sainggo siswa isih butuh penyesuaian karo “media pembelajaran” kasebut. Ing siklus II asil tes nulis karangan narasi siswa yaiku 79.06. Asil saka “observasi”, “jurnal”, lan “wawancara” nuduhi anane owahing tindak tanduk siswa kelas X.7 SMA N 1 Batang, yaiku dadi sregep lan semangat anggone sinau nulis karangan narasi, sakliyane kuwi mawa nggunakake cara “strategi” ATM (Amati, Tiru, Modifikasi) kanthi “media” conto cerkak ing majalah Panjebar Semangat siswa bisa luwih ngerti kepriye nggunakake lan nerapake “aspek” sing kalebu ing cerkak sing bener. Panyaruhe saka paneliti yaiku (1) guru basa Jawa saged manfaatake “media” conto cerkak ing majalah Panjebar Semangat dadi salah sijine cara pasinaon kanggo siswa; (2) kanggo para paneliti basa lan sastra bisa nggawe paneliten sing padha nanging nganggo “strategi” lan “media” sing beda, saengga bisa digunakake kanggo “alternatif” cara pasinaon nulis karangan narasi.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: nulis karangan narasi, ”strategi” ATM (Amati, Tiru, Modifikasi) lan “media” conto cerkak majalah Panjebar Semangat
Subjects: P Language and Literature > PI Oriental languages and literatures > PI1 Indonesia > Pendidikan Bahasa dan Sastra
L Education > LB Theory and practice of education > LB2300 Higher Education
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa (S1)
Depositing User: Users 3263 not found.
Date Deposited: 18 Nov 2011 00:24
Last Modified: 18 Nov 2011 00:24
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/8234

Actions (login required)

View Item View Item