PENOKOHAN DALAM NOVEL GROMBOLAN GAGAK SETA KARYA ANY ASMARA


Septiyan Ulin Niam , 2102405615 (2009) PENOKOHAN DALAM NOVEL GROMBOLAN GAGAK SETA KARYA ANY ASMARA. Under Graduates thesis, Universitas Negeri Semarang.

[thumbnail of PENOKOHAN DALAM NOVEL  GROMBOLAN GAGAK SETA KARYA ANY ASMARA]
Preview
PDF (PENOKOHAN DALAM NOVEL GROMBOLAN GAGAK SETA KARYA ANY ASMARA) - Published Version
Download (537kB) | Preview

Abstract

Grombolan Gagak Seta mujudake novel basa Jawa karangane Any Asmara. Novel iki diterbitkake sepisan dening P.T. Jaker, Yogyakarta, 1961. Babare Penokohan luwih ngarah ing tokoh lan watak ing dalem cerita amargo sampun nyangkut tokoh dan watakipun, yakuwi; sinten tokoh-tokohipun, pripun watak ing tokoh punika, lan pripun bentuk pelukisan kabeh tokoh ing novel.. Masalah ing panaliten iki yaiku kepriye penokohan ing novel Grombolan Gagak Seta karangane Any Asmara. Dene tujuan panaliten iki yaiku kanggo njlentrehake penokohan ing novel Grombolan Gagak Seta karangane Any Asmara. Panaliten iki migunakake pendekatan objektif. Panaliten iki migunakake teori tokoh lan penokohan supaya ngacu njlentrehake unsur tokoh lan penokohan. Dudutan sing bisa ditarik saka pembahasan penokohan ing novel Grombolan Gagak Seta ing pristiwa punika paraga ingkang asma Sutopo melebet jenis paraga utama, paraga protagonis, lan paraga statis. Watak menika ingkang dipun gadahi Sutopo inggih menika kendel, guyon, seneng nulung,tresna ing nagari, pemimpin, lan gagah. Salajenge paraga ingkng gadah asma .M.Hardjosuparto anggadahi watak seneng pitutur, Endang Pudjiwati anggadahi watak wanter lan isinan, Inspektur Salip anggadahi watak kendel lan pinter mimpin, lan Pak Ngubaeni anggadahi watak teges: sedaya mlebet jenis paraga bawahan, paraga protagonis, lan paraga statis. Seaya anggadahi watak ingkang sae.. samenika paraga Sarpan alias Saleh, R. Wirjo utawi R.Margono, pak Marto, mbok Marto, lan pak Dipodisuro mlebet ing jenis paraga antagonis lan paraga bawahan ingkang anggadahi watak kejem lan licik. Menawi Mliwis Putih utawi Prajitno lan mbok Wirjo utawi Rr. Asmarawati mlebet jenis paraga bawahan, paraga protagonis, lan paraga berkembang ingkang anggadahi kalih perilaku utawi ngalami perkembangan lan kalih-kalihe sami-sami anggadahi watak nulung. Nanging, Prajitno watakipun meneng. Benten kaliyan Sarpan alias Saleh lan R. Wirjo utawi R. Margono, sanajan ugi mlebet paraga berkembang ingkang anggadahi kalih pribadi, sedaya gadah watak kejem. Sarpan saluwehe gadah watak pelit, seneng ngintik, lan mata keranjang. Salajenge mbok Wirjo utawi Rr.Asmarawati mlebet ing paraga netral amargi asline inggih menika empu cerita ing novel Grombolan Gagak Seta. Menawi R.Wirjo mlebet paraga tipikal ingkang katon watak bangsawane. Teknik pelukisan tokoh ing novel Grombolan Gagak Seta ingkang paling katah jedol kawontene ing teknik pikiran lan rasa, teknik reaksi paraga, lan teknik tumindak. Telu teknik iki sing paling dominan ngetok ing novel Grombolan Gagak Seta.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: penokohan, tokoh dan perwatakan, novel, Grombolan Gagak Seta
Subjects: P Language and Literature > PI Oriental languages and literatures > PI1 Indonesia > Sastra
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa (S1)
Depositing User: Users 7 not found.
Date Deposited: 10 Nov 2011 06:06
Last Modified: 25 Apr 2015 06:34
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/6990

Actions (login required)

View Item View Item