TRADISI KHAUL KH. HASAN KAFRAWI DI DESA PANCUR KECAMATAN MAYONG KABUPATEN JEPARA


Nama : Siti Zulaekhah , 2102405557 (2009) TRADISI KHAUL KH. HASAN KAFRAWI DI DESA PANCUR KECAMATAN MAYONG KABUPATEN JEPARA. Under Graduates thesis, Universitas Negeri Semarang.

[thumbnail of TRADISI KHAUL KH. HASAN KAFRAWI  DI DESA PANCUR KECAMATAN MAYONG KABUPATEN JEPARA]
Preview
PDF (TRADISI KHAUL KH. HASAN KAFRAWI DI DESA PANCUR KECAMATAN MAYONG KABUPATEN JEPARA) - Published Version
Download (408kB) | Preview

Abstract

Tradisi khaul K.H Hasan Kafrawi wonten ing desa Pancur punika diwontennaken ing wulan Besar. Wulan ingkang kagem ngemotake marang jasa-jasane K.H Hasan Kafrawi ingkang sampun nyebaraken agami Islam ing desa Pancur. Perkawis ingkang dipun teliti inggih punika (1) kados pundi bentuk tradisi khaul K.H Hasan Kafrawi, (2) kados pundi simbol dan makna tradisi khaul K.H Hasan Kafrawi, (3) kados pundi fungsi ingkang saged dipun pundut sangking tradisi khaul K.H Hasan Kafrawi. Metode ingkang dipun ginakaken sak lebetipun panaliten inggih punika deskriptif kualitatif mawi pendekatan folklor. Sumber datanipun inggih punika wawanrembag kaliyan juru kunci makam K.H Hasan Kafrawi lan masyarakat ingkang nyengkuyung tradisi khaul K.H Hasan Kafrawi. Datanipun inggih punika prosesi tradisi khaul K.H Hasan Kafrawi.. Pengumpulan data katindakaken mawi teknik wawanrembag, observasi, lan dokumentasi. Andaran asil analisis data mawi analisis deskriptif. Asil panaliten nedahaken bilih tradisi khaul K.H Hasan Kafrawi punika ngemu bentuk ritual tradisi, simbol lan makna kalian fungsi tradisi khaul K.H Hasan Kafrawi.kagem masyarakat ingkang nyengkuyung bentuk tradisi khaul K.H Hasan Kafrawi punika wonten gangsal werni, inggih punika tradisi Tahtiman Alqur’an, tradisi Salin Kelambu, tradisi Nyekar, tradisi Tahlilan, tradisi Selametan. Simbol tradisi khaul K.H Hasan Kafrawi inggih punika sego putih, kuluban lan gedang, kain mori, kembang telon lan kembang mawar. Fungsi tradisi khaul KH. Hasan Kafrawi punika fungsi pendidikan, fungsi ekonomi, fungsi religi, lan fungsi upaya integrasi sosial. Saran ingkang dipun aturaken inggih punika: tradisi khaul K.H Hasan Kafrawi prayoginipun supados dipun jagi lan dilestarikaken, prayogonipun supados masyarakat ngelingi karesikan sareyan K.H Hasan Kafrawi supados tiyang ingkang ziarah saged khusyuk, prayogonipun generasi enem saged wujudtaken rasa seneng marang K.H Hasan Kafrawi ngagem lelakon khurmat lan nindakakaken tradisi leluhur ingkang sae saben taun.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: Tradisi khaul, bentuk, simbol makna, fungsi
Subjects: G Geography. Anthropology. Recreation > GN Anthropology
Fakultas: UNSPECIFIED
Depositing User: Users 7 not found.
Date Deposited: 04 Nov 2011 03:06
Last Modified: 25 Apr 2015 06:33
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/6937

Actions (login required)

View Item View Item