Stuktur Geguritan Karya Sri Setyo Rahayu dalam Bojonegoro ing Gurit.


Hendra Adhi Kurniawan, 2009 (2009) Stuktur Geguritan Karya Sri Setyo Rahayu dalam Bojonegoro ing Gurit. Under Graduates thesis, Universitas Negeri Semarang.

[thumbnail of Stuktur Geguritan Karya Sri Setyo Rahayu dalam Bojonegoro ing Gurit.]
Preview
PDF (Stuktur Geguritan Karya Sri Setyo Rahayu dalam Bojonegoro ing Gurit.) - Published Version
Download (16kB) | Preview

Abstract

Kurniawan, Hendra Adhi. 2009. Stuktur Geguritan Karya Sri Setyo Rahayu dalam Bojonegoro ing Gurit. Skripsi. Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa. Fakultas Bahasa dan Seni. Universitas Negeri Semarang. Pembimbing I: Dr. Teguh Supriyanto, M.Hum., Pembimbing II: Yusro Edy Nugoho, SS., M.Hum. Kata kunci: geguritan, struktur, Bojonegoro ing Gurit. Kumpulan geguritan Bojonegoro ing Gurit yaiku karya saka sastrwan jawi Wetan kang salah siji pujanggane yaiku Sri Setyo Rahayu. Geguritan karya Sri Setyo Rahayu ing buku Bojonegoro ing Gurit nduweni kaluwihan kang manggon ing strukture utawi susunane. Struktur fisik lan batin menehi kaendahan. Tipografi kang digunakake ora gumantung karo aturan-aturan kang disepakati. Permasalahan kang diangkat ana ing skripsi iki yaiku kepriye struktur fisik lan struktur batin kumpulan geguritan karya Sri Setyo Rahayu ing buku Bojonegoro ing Gurit?. Ancas paneliten iki yaiku njlentrehake struktur fisik lan struktur batin kumpulan geguritan karya Sri Setyo Rahayu ing buku Bojonegoro ing Gurit. Pendhekatan kang digunakake ing panaliten iki pendhekatan obyektif yaiku pendhekatan ndeleng paneliten saka karya sastra kasebut. Metode kang digunakake yaiku struktural, kang nduweni ancas mbongkar lan njlentrehake kanthi teliti kang ngasilake sakabehing makna. Asil panaliten iki ing babagan unsur swara ngasilake swara kang penak dirungokake. Dhiksi kang digunakake dening pernyair nganggo tembung-tembung kang gampang dimengerteni. Gaya basa kang digunakake nambahi makna kang akeh. Tipografi kang maneka warna nggawe wujude geguritan luwih endah. Pengimajian kang digunakake ndadekake geguritan luwih gampang dimangerteni, imaji kang digunakake yaiku imaji visual, taktil dan audhitif. Nada crita digunakake dening penggurit, perasaan kang dirasakake penggurit yaiku sedhih saengga mujudake kahanan kang sedhih kanggo kang maca. Tema kang akeh ing geguritan iku yaiku kritik sosial. Amanat kang pengen disampekake supaya manungsa bisa nglakoni urip kanthi rasa sabar, nrima majuning jaman, lan iman marang kang kuasa. Pamrayoga saka panaliten iki yaiku perlune ngrembakakake panaliten-panaliten sateruse saengga menehi pengerten kanggo masyarakat supaya bisa ngerti geguritan. Kanggo sateruse supaya ana kang nganalisis geguritan nganggo pendhekatan lan metode liyane.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: geguritan, struktur, Bojonegoro ing Gurit.
Subjects: M Music and Books on Music > M Music
P Language and Literature > PL Languages and literatures of Eastern Asia, Africa, Oceania
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Sastra Jawa (S1)
Depositing User: Hapsoro Adi Perpus
Date Deposited: 25 Oct 2011 06:01
Last Modified: 25 Oct 2011 06:01
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/6191

Actions (login required)

View Item View Item