Peningkatan Keterampilan Membaca Kalimat Berhuruf Jawa dengan Metode Lagu Dolanan pada Siswa Kelas V SDN Kudur Winong Pati


Andriana Martaningtyas, 2009 (2009) Peningkatan Keterampilan Membaca Kalimat Berhuruf Jawa dengan Metode Lagu Dolanan pada Siswa Kelas V SDN Kudur Winong Pati. Under Graduates thesis, Universitas Negeri Semarang.

[thumbnail of Peningkatan Keterampilan Membaca Kalimat Berhuruf Jawa dengan Metode Lagu Dolanan pada Siswa Kelas V SDN Kudur Winong Pati]
Preview
PDF (Peningkatan Keterampilan Membaca Kalimat Berhuruf Jawa dengan Metode Lagu Dolanan pada Siswa Kelas V SDN Kudur Winong Pati) - Published Version
Download (17kB) | Preview

Abstract

Martaningtyas, Andriana, 2009. Peningkatan Keterampilan Membaca Kalimat Berhuruf Jawa dengan Metode Lagu Dolanan pada Siswa Kelas V SDN Kudur Winong Pati. Skripsi. Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa. Fakultas Bahasa dan Seni. Unnes. Pembimbing I: Drs. Esti Sudi Utami, BA, M.Pd. Pembimbing II: Drs. Hardyanto Wosing tembung : maca swara, kalimat berhuruf Jawa, metodhe lagu dolanan Salah sawijining kompetensi sing ana ing Kurikulum Tingkat Satuan Pendidikan ing SD Negeri Kudur Kecamatan Winong, Kabupaten Pati yaiku maca ukara aksara Jawa. Para murid rumangsa kangelan maos ukara aksara Jawa. Bab iki jalaran metodhe sing digunakake guru ing pasinaon ora efektif, mula murid ngrasa kurang seneng lan bosen ing pasinaon. Kanggo ngundhakake trampile maca ukara aksara Jawa, digunakake metodhe tembang dolanan. Metodhe tembang dolanan dicakake mengku karep bisaa ngundakake trampile murid maca ukara aksara Jawa lan lakune pasinaon luwih nyenengake. Panaliten iki kepingin ngerteni (1) kepriye undhaking trampile murid SD Negeri Kudur sakwise entuk pasinaon nganggo metodhe tembang dolanan? (2) kepriye owah-owahane tindak-tanduke murid SD Negeri Kudur sakwise entuk pasinaon nganggo metodhe tembang dolanan? Dene ancase panaliten iki yaiku (1) nggambarake undhake trampile maca ukara aksara Jawa murid SD Negeri Kudur sakwise entuk pasinaon nganggo metodhe tembang dolanan, lan (2) nggambarake owahe tindak-tanduke murid SD Negeri Kudur sakwise entuk pasinaon nganggo metodhe tembang dolanan. Panaliten iki ditindakake nganggo cengkorongan penelitian tindakan kelas (PTK). Anggone nindakake ping loro yaiku, siklus I lan siklus II. Subjeke panaliten iki yaiku undhake maca swara ukara aksara Jawa siswa kelas V SD Negeri Kudur kanthi metodhe tembang dolanan. Variabel ing panaliten iki yaiku variabel input-output lan variabel proses. Teknik nglumpukake dhata kanthi cara observasi, wawancara, jurnal, lan dokumentasi. Teknik analisise dhata nganggo analisis deskripsi prosentase lan analisis deskriptif kualitatif. Asil panaliten nuduhake ana undhaking trampile maca ukara aksara Jawa murid SD Negeri Kudur sawise dianakake pasinaon kanthi metodhe tembang dolanan. Bab iki bisa ditonton saka biji prasiklus sing maune 64,33 mundhak dadi 68,8 ing siklus I lan ing siklus II mundhak maneh dadi 75,84. Persentase undhaking skor rata-rata ing prasiklus menyang siklus I 5,83%, saka siklus I marang siklus II 11,4%, lan saka prasiklus marang siklus II 15,18%. Sakliyane kuwi uga ana owah-owahan tindak-tanduke murid. Sing maune pasip, sakwise nganggo srana metodhe tembang dolanan dadi luwih aktif takon lan aweh komentar. Pamrayoga saka panaliten iki, yaiku (1) guru mata pelajaran bahasa Jawa bisaa luwih inovatif ana ing pasinaon supaya ora mboseni, (2) cara kang ditindakake panaliti bisa dadi tetimbangan guru basa Jawa rikala menehi pasinaon maca ukara aksara Jawa ngganggo metodhe tembang dolanan ing klas-klas liya.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: maca swara, kalimat berhuruf Jawa, metodhe lagu dolanan
Subjects: M Music and Books on Music > M Music
P Language and Literature > PL Languages and literatures of Eastern Asia, Africa, Oceania
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa (S1)
Depositing User: Hapsoro Adi Perpus
Date Deposited: 25 Oct 2011 05:58
Last Modified: 25 Oct 2011 05:58
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/6189

Actions (login required)

View Item View Item