Human Trafficking dalam Novel Astirin Mbalela Karya Suparto Brata.


Esti Dian Firstyani, 2009 (2009) Human Trafficking dalam Novel Astirin Mbalela Karya Suparto Brata. Under Graduates thesis, Universitas Negeri Semarang.

[thumbnail of Human Trafficking dalam Novel Astirin Mbalela Karya Suparto Brata.]
Preview
PDF (Human Trafficking dalam Novel Astirin Mbalela Karya Suparto Brata.) - Published Version
Download (30kB) | Preview

Abstract

Firstyani, Esti Dian. 2009. Human Trafficking dalam Novel Astirin Mbalela Karya Suparto Brata. Bahasa dan Sastra Jawa. Fakultas Bahasa dan Seni. Universitas Negeri Semarang. Pembimbing I: Yusro Edy Nugroho S.S., M.Hum. Pembimbing II: Drs. Sukadaryanto, M.Hum. Kata Kunci: Human Trafficking, Sastra Jawa Modern, Novel Jawa, Sosiologi Sastra. Novel Astirin Mbalela karyane Suparto Brata yaiku salah sawijining karya sastra sing duweni kekuwatan ing sajroning crita ngenani masalah manungsa lan kamunangsanan sing miyak dedagangan manungsa (human trafficking). Human trafficking sing dijlentrehake sajroning novel Astirin Mbalela yaiku ngenani gambaran kang nyata sing dumadi ing masyarakat utamane ngenani wong-wong cilik utawa klas ngisor utamane wong wadon sing dibungkus sarana karya sastra. Kayata human trafficking kang nyata, pengarang nyritakake ngenani wujud-wujud kegiyatan human trafficking ing novel Astirin Mbalela. Permasalahan kang dibahas ing skripsi iki yaiku kepriye wujud-wujud kegiyatan human trafficking ing novel Astirin Mbalela lan kepriye gandheng cenenge panemu ngenani human trafficking ing novel Astirin Mbalela karo panemu masyarakat ngenani human trafficking sing digambarke ing media massa cetak Kompas. Saka permasalahan ing dhuwur, ancas sing bakal digayuh yaiku miyak wujud-wujud kegiyatan trafficking, lan miyak gandheng cenenge rong panemu ngenani human trafficking ing novel Astirin Mbalela karo human trafficking sing digambarke ing media massa cetak Kompas . Pendekatan sing digunakake ing penelitian iki yaiku pendekatan sosiologi sastra, teorine nganggo teori sosiologi sastra miturut Ian Watt yaiku sosiologi karya sastra sing ngeboti yen sastra minangka kaca saka panguripane masyarakat. Metode sing digunakake ing penelitian iki yaiku metode deskriptif analitik sing bisa ngewangi miyak wujud kegiyatan human trafficking, lan gandheng cenenge panemu masyarakat ngenani human trafficking ing novel Astirin Mbalela karo panemu masyarakat ngenani human trafficking sing digambarke ing media massa cetak Kompas. Asil analisis penelitian iki nuduhake yen cundhuk karo analisis sing dilakokake, sarana fakta crita kang arupa alur, tokoh, lan latar bisa miyak wujud-wujud kegiyatan human trafficking sing ana ing novel Astirin Mbalela. Alur sing condhong karo gandheng cenenge karo human trafficking ana neng penggawatan, konflik mulai munggah lan klimaks. Kegiyatan human trafficking adhedhasar jlentrehan ing dhuwur dilakokake dening rong pihak yaiku kulawarga utawa sing isih duwe gandheng ceneng sedulur karo korban, sing dadi pelaku ora liya yaiku pakdhe lan mbokdhene Astirin dhewe yaiku ngereh-reh Astirin sing isih during cukup umur supaya gelem kawin karo Buamin merga wis nampa dhuwit saka Buamin. Wujud kegiyatan human trafficking sing dilakokake dening Yohan Nur yaiku ngajak calon pegawe wadon sing isih nom yaiku Astirin kanthi cara ngapusi lan nglakokake ngrudapeksa kanthi mrawasa lan Pak Bas minangka agen tenaga kerja peteng nglakokake kegiyatan arupa ngereh-reh lan ngiming-imingi kanthi dijanjeni mergawe ing pabrik kanthi gaji gedhe, ndhelikake korban ing sawijining hotel, ngangkut korban sarana telung jalur yaiku kanthi nggunakake angkutan desa, montor mabur, lan kapal laut, mindhahake korban saka panggonan siji menyang panggonan dhedhelikan liyane kayata gudhang kosong ing Tarakan, nggawa korban kanthi nggunakake prau menyang Nunukan, ngedol menyang panampa utawa human traffickers liyane ing Tawao, Malaysia kanggo didadekake wong pelanyahan utawa lonthe. Latar wektu ing novel Astirin Mbalela dumadi nalika taun 1990-an kanthi latar sosial klas sedhengan mengisor. Human trafficking sing digambarke ing novel Astirin Mbalela yaiku wujud kegiyatan human trafficking sing ana ing kedadeyan temenan. Panemu sing digambarake ing Harian Kompas taun 2000 nganti 2009 yaiku jawaban sing ndhukung kanggo nguwatake anane analisis penguripan human trafficking sing ana ing novel Astirin Mbalela kanthi nyata. Adhedhasar asil analisis ing dhuwur, novel Astirin Mbalela iki supaya bisa didadekake bahan wacan dening para sing maca lan sing seneng sastra sing bisa didadekake bahan pelajaran supaya luwih mangerteni ngenani wujud kegiyatan human trafficking sing kedadeyan ing Indonesia, dadi sing maca bisa njupuk hikmahe kanthi ora niru lan nyonto tumindak sing ora apik lan bisa uga didadekake pamikiran supaya bisa mikir kanthi cara kreatif lan kritis kanthi ndelok fenomena-fenomena panguripan ing masyarakat. Banjur, pengkajian karya sastra khususe novel sing temane sosial becike bisa dilakokake kanthi kerep supaya rasa tepa slira marang masalah sosial sing ana ing masyarakat dadi luwih ngresep.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: Human Trafficking, Sastra Jawa Modern, Novel Jawa, Sosiologi Sastra.
Subjects: P Language and Literature > PL Languages and literatures of Eastern Asia, Africa, Oceania
P Language and Literature > PN Literature (General) > PN0441 Literary History
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Sastra Jawa (S1)
Depositing User: Hapsoro Adi Perpus
Date Deposited: 25 Oct 2011 01:43
Last Modified: 25 Oct 2011 01:43
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/6133

Actions (login required)

View Item View Item