Pola Pendidikan Bahasa Jawa Ragam Krama Masyarakat di Desa Karangasem RT 01 RW 07 Kecamatan Sampang, Kabupaten Cilacap Ditinjau dari Perbedaan Latar Belakang Keluarga


Asih Murtini, 2009 (2009) Pola Pendidikan Bahasa Jawa Ragam Krama Masyarakat di Desa Karangasem RT 01 RW 07 Kecamatan Sampang, Kabupaten Cilacap Ditinjau dari Perbedaan Latar Belakang Keluarga. Under Graduates thesis, Universitas Negeri Semarang.

[thumbnail of Pola Pendidikan Bahasa Jawa Ragam Krama Masyarakat di Desa Karangasem RT 01 RW 07 Kecamatan Sampang, Kabupaten Cilacap Ditinjau dari Perbedaan Latar Belakang Keluarga]
Preview
PDF (Pola Pendidikan Bahasa Jawa Ragam Krama Masyarakat di Desa Karangasem RT 01 RW 07 Kecamatan Sampang, Kabupaten Cilacap Ditinjau dari Perbedaan Latar Belakang Keluarga) - Published Version
Download (25kB) | Preview

Abstract

Murtini, Asih. 2009. Pola Pendidikan Bahasa Jawa Ragam Krama Masyarakat di Desa Karangasem RT 01 RW 07 Kecamatan Sampang, Kabupaten Cilacap Ditinjau dari Perbedaan Latar Belakang Keluarga.Skripsi. Jurusan Bahasa dan Seni. Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Semarang. Pembimbing I : Drs. Endang Kurniati, M.Pd, dan Pembimbing II : Drs. Hardyanto. Kata kunci : pola pendidikan, latar belakang pendidikan kulawarga, latar belakang pekerjaan kulawarga. Basa Jawa krama iku penting banget lan kudu diwulangake, mligine ing lingkungan kulawarga. Ananging, pola pendhidhikan basa Jawa ragam krama sing dicakake ana ing saben kulawarga iku beda-beda, gumantung marang pendhidhikan lan pakaryane wong tuwane. Adhedasar panemu kuwi panaliten iki kepengin ngerteni kepiye pola pendhidhikan basa Jawa krama kang dicakake ing kulawarga masyarakat desa Karangasem RT 01 RW 07 Kecamatan Sampang, Kabupaten Cilacap. Ancase panaliten iki yaiku kanggo ngerteni pola pendhidhikan apa wae kang dicakake ing kulawarga ing desa Karangasem RT 01 RW 07 Kecamatan Sampang, Kabupaten Cilacap adedhasar pendhidhikan lan pakaryane kulawarga. Dhata ing panaliten iki awujud pola pendhidhikan basa Jawa krama sing ana ing saben-saben kulawarga, dene sumber dhata ing panaliten iki yaitu masyarakat desa Karangasem kang nduweni anak umur Sekolah Dasar. Carane ngumpulake dhata yaiku nganggo teknik angket, wawancara, lan pengamatan. Asile analisis dhata banjur diandharake nganggo metodhe informal. Saka analisis dheskriptif kualitatif iku bisa disimpulake yen pola pendhidhikan basa Jawa krama sing dicakake ing kulawarga kang nduweni latar belakang pendhidhikan sing duwur yaiku pola pendhidhikan dhemokratis, permissive, lan otoriter. Pola pendhidhikan sing paling akeh dicakake yaiku pola pendhidhikan dhemokratis, cacahe 61,5%. Pola pendhidhikan basa Jawa krama sing dicakake ana ing kulawarga kang nduweni latar belakang pendhidhikan sing endhek yaiku pola pendhidhikan permissive lan dhemoktratis. Pola pendhidhikan sing paling akeh dicakake yaiku pola pendhidhikan permissive, cacahe 54,5%. Ing kulawarga kang nduweni latar belakang pakaryan dadi pegawe, pola pendhidhikan basa Jawa krama sing dicakake yaiku pola pendhidhikan dhemoktaris lan otoriter. Pola pendhidhikan sing paling akeh dicakake yaiku pola pendhidhikan dhemokratis, cacahe 80%. Pola pendhidhikan sing dicakake ing kulawarga kang duweni latar belakang pakaryan nonpegawe utawi dudu pegawe yaitu pola pendhidhikan dhemokratis lan permissive. Pola pendhidhikan sing paling akeh dicakake yaiku pola pendhidhikan dhemokratis, cacahe 55,5% Panyangga kang bisa diwenehake adhedhasar saka asil panaliten iki yaiku peneliti liya supaya bisa nliti kanggo nemokake pola pendhidhikan apa sing efektif kanggo ngajari basa Jawa krama marang anak ing lingkungan kulawarga. Saliyane iku, peneliti liya bisaa nganakake panaliten saperlu nemokake cara kang paling efektif kanggo ngajari basa Jawa krama ana ing lingkungan kulawarga.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: pola pendidikan, latar belakang pendidikan kulawarga, latar belakang pekerjaan kulawarga.
Subjects: L Education > L Education (General)
P Language and Literature > PL Languages and literatures of Eastern Asia, Africa, Oceania
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa (S1)
Depositing User: Hapsoro Adi Perpus
Date Deposited: 25 Oct 2011 01:40
Last Modified: 25 Oct 2011 01:40
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/6131

Actions (login required)

View Item View Item