Peningkatan Kemampuan Membaca Nyaring Teks Cerita Berbahasa Jawa melalui Pembelajaran Kooperatif Pada Siswa Kelas IV SD Negeri 03 Kayen Pati


Winarko Susilo Atmojo, 2009 (2009) Peningkatan Kemampuan Membaca Nyaring Teks Cerita Berbahasa Jawa melalui Pembelajaran Kooperatif Pada Siswa Kelas IV SD Negeri 03 Kayen Pati. Under Graduates thesis, Universitas Negeri Semarang.

[thumbnail of Peningkatan Kemampuan Membaca Nyaring Teks Cerita Berbahasa Jawa melalui Pembelajaran Kooperatif Pada Siswa Kelas IV SD Negeri 03 Kayen Pati]
Preview
PDF (Peningkatan Kemampuan Membaca Nyaring Teks Cerita Berbahasa Jawa melalui Pembelajaran Kooperatif Pada Siswa Kelas IV SD Negeri 03 Kayen Pati) - Published Version
Download (28kB) | Preview

Abstract

Atmojo, Winarko Susilo. 2009. Peningkatan Kemampuan Membaca Nyaring Teks Cerita Berbahasa Jawa melalui Pembelajaran Kooperatif Pada Siswa Kelas IV SD Negeri 03 Kayen Pati. Skripsi. Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa. Fakultas Bahasa dan Seni. Unnes. Pembimbing I Drs. Widodo. Pembimbing II Dra. Sri Prastiti K.A. Wose Tembung : peningkatan, membaca nyaring, pembelajaran kooperatif. Ana ing pamulangan, guru kudu duweni teknik utawa cara sing apik miturut kurikulum sing wis ditetepake. Pasinaon ing kelas IV SD Negeri 03 Kayen Pati, luwih saka separo siswa-siswane kangelan anggone maca. Kuwi amarga pasinaon sing digunakake kurang efektif, guru kurang anggone ngetrepake pasinaon sing bisa gawe siswa seneng lan ora boseni. Biasane wacan sing dienggo ana ing sekolah-sekolah kuwi isine mung ukara-ukara sing dadekake bosen para siswa. Perkara kang arep dirembug ing panaliten yaiku. (1) kepriye peningkatane siswa sakwise entuk pasinaon membaca nyaring teks cerita berbahasa Jawa kanthi pembelajaran kooperatif? (2) apa ewah-ewahan siswa sakwise melu pasinaon membaca nyaring kanthi pembelajaran kooperatif?. Ancas sing di karepake yaiku : (1) lumantar teknik membaca nyaring sistem kooperatif kanthi kaajab siswa bisa ningkatake anggone maca wacan basa Jawa (2) ngandarake owah-owahan siswa kelas IV SDN 03 Kayen Pati, sakwise guru ngunakake pembelajaran maca nayring kanthi pembelajaran kooperatif. Panaliten iki ditindakake nganggo cengkorongan penelitian tindakan kelas (PTK). Anggone nindakake ping loro yaiku, siklus I lan siklus II. Subjeke panaliten iki yaiku undhake maca swara wacan basa Jawa siswa kelas IV SD Negeri Kayen kanthi pembelajaran kooperatif. Variabel ing panaliten iki yaiku variabel input-output lan variabel proses. Teknik nglumpukake dhata kanthi cara observasi, wawancara, jurnal, lan dokumentasi. Teknik analisise dhata nganggo analisis deskripsi prosentase lan analisis deskriptif kualitatif Hasil panaliten iki nuduhake yen teknik maca swara pasinaon kooperatif wonten ewah-ewahan yaiku antarane. (1) siswa bisa anggone maca yaiku katitik saka siklus I 28,6% nganti siklus II 33,4% saka data kuwi gunggung ewah-ewahane ana 16,8 % (2) sakliyane kuwi uga ana sing beda saka tingkah laku siswa sakwise entuk pembelajaran kooperatif anggone maca swara wacan basa Jawa, antarane siswa ngrespon positif pembelajaran lan metodhe sing dienggo. Siswa ngrasakake seneng sakwise sinau nganggo teknik maca swara teks basa Jawa kanthi pembelajaran kooperatif. Buktine siswa sing maune pasif lan wedinan, dadi luwih aktif tinimbang sakdurunge. Pamrayoga saka panaliten iki, yaiku (1) guru mata pelajaran bahasa Jawa bisaa luwih inovatif ana ing pasinaon supaya ora mboseni, (2) cara kang ditindakake panaliti bisa dadi tetimbangan guru basa Jawa rikala menehi pasinaon maca swara teks basa Jawa kanthi pasinaon kooperatif ing klas-klas liya.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: peningkatan, membaca nyaring, pembelajaran kooperatif.
Subjects: L Education > LB Theory and practice of education > LB1501 Primary Education
P Language and Literature > PL Languages and literatures of Eastern Asia, Africa, Oceania
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa (S1)
Depositing User: Hapsoro Adi Perpus
Date Deposited: 25 Oct 2011 00:41
Last Modified: 25 Oct 2011 00:41
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/6112

Actions (login required)

View Item View Item