Crita Cekak Sawise Prahara Gedhe.


Arin Fitriany, 2009 (2009) Crita Cekak Sawise Prahara Gedhe. Under Graduates thesis, Universitas Negeri Semarang.

[thumbnail of Crita Cekak Sawise Prahara Gedhe. ]
Preview
PDF (Crita Cekak Sawise Prahara Gedhe. ) - Published Version
Download (23kB) | Preview

Abstract

Fitriany, Arin. 2009. Crita Cekak Sawise Prahara Gedhe. Skripsi. Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negri Semarang, Pembimbing I: Drs. Sukadaryanto, M.hom. pembimbing II: Yusro Edi Nugroho, S.S.M.Hum Kata kunci:Crita Cerkak, struktural Karya sastra sejatine ora bisa dipisahake karo panguripane masyarakat, sebabe karya sastra kuwi conto saka panguripane menungsa. Kanggo ngerteni sawijining karya sastra dibutuhake pangerta ngenani struktur pembangun crita kang lewih jero. Salah sijining jenis karya sastra kang nganggo basa jawa sing akeh di waca yaiku crita cekak utawa cerita pendek. Kumpulan crita cekak Sawise Prahara Gedhe karya Fadmi Sustiwi didredah amarga kumpulan crita cekak Sawise Prahara Gedhe mujudake karya sastra kang esih anyar sing bangunan critane (tokoh lan penokohan, latar, alur, tema lan amanat, gaya bahasa, lan sudut pandang) utawa dalan critane jumbuh karo kahanan para maca saki. Bab kang diudi ing penelitian iki yaiku struktur antarane unsur intrinsike. Ancas penelitian iki yaiku unsur-unsur intrinsik ing gabungan crita cekak lan kang ndeskripsikake angsale saka 16 crita cekak yaiku : (1) Anakku, (2) Mburu Uceng, (3) Sawise Prahara Gedhe, (4) Katresnan, (5) Sawise Prahargyan Rampung, (6) Raras, (7) Wis Lingsir Esuk, (8) Janji, (9) Kabar Saka Koran, (10) Oalah Mas Eko, (11) Kamar Manten, (12) Sedulur Sinarawedi, (13) Sawise Mawar iku Mekar, (14) Meh Wae, (15) Critane Salembar Kertas, dan (16) Munafek. Metode sing diterapake kanggo nganalisis crita cekak iki yaiku metode struktur lan pendekatane yaiku objektif. Pendekatan objektif nandhesake marang objeke ucul saka pengarange lan paramaos. Pendekatan iki nandhesake karo struktur karya sastra sing sifate otonom lan salah sijine nduweni gegayutan. Asil sing bisa didhudut saka analisis neng penelitian iki anatarane pengungkapan alur longgar, alur rapat, alur lurus lan sorot balik, penokohane sing ditoke werna-werna kaya dene sifat sabar, sifat emosional, sifat matre, sifat seneng kerja, sifat gigih, sifat ramah, lan sak piturute. Latar sing dikanggoake yaiku latar tempat, latar wektu, lan latar sosial. Sudut pandang dienggo pengarange saka nembelas crita cekak sing dianalisis. Saparangan nganggo aku-an lan sing luwih akeh nganggo dia-an, lan pengarang uga mangerteni kahanan paraga. Ewodene gaya basa sing dienggo kaya dene tembung saroja, tembung camboran, interverensi basa indonesia, interverensi basa asing lan sakturute. Tema sing dikatonake dening pengarang akeh-akehe babagan katresnan lan kesetian wanita karo garwaana. Panaliten ngajab kanggo pawaos supaya ngulinakake maca crita cekak kanggo nambah wawasan panguripan lan njupuk piwulangan saka salah sijining kedadean lan uga bisa ndhudut piwulangan moral sing murakabi ing panguripan ora mung kuwi peneliti uga ngajab supaya kumpulan crita cekak Sawise Prahara Gedhe bisa denggo bahan mulang marang siswa ing papan piwulangan.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: Crita Cerkak, struktural
Subjects: G Geography. Anthropology. Recreation > GR Folklore
P Language and Literature > PL Languages and literatures of Eastern Asia, Africa, Oceania
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Sastra Jawa (S1)
Depositing User: Hapsoro Adi Perpus
Date Deposited: 25 Oct 2011 00:35
Last Modified: 25 Oct 2011 00:36
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/6109

Actions (login required)

View Item View Item