Peningkatan Keterampilan Menulis Geguritan dengan Metode Integratif Membaca pada Siswa Kelas X-E SMA N 1 Lasem Kabupaten Rembang.


Suherini, 2009 (2009) Peningkatan Keterampilan Menulis Geguritan dengan Metode Integratif Membaca pada Siswa Kelas X-E SMA N 1 Lasem Kabupaten Rembang. Under Graduates thesis, Universitas Negeri Semarang.

[thumbnail of Peningkatan Keterampilan Menulis Geguritan dengan Metode Integratif Membaca pada Siswa Kelas X-E SMA N 1 Lasem Kabupaten Rembang.]
Preview
PDF (Peningkatan Keterampilan Menulis Geguritan dengan Metode Integratif Membaca pada Siswa Kelas X-E SMA N 1 Lasem Kabupaten Rembang.) - Published Version
Download (22kB) | Preview

Abstract

Suherini. 2009. Peningkatan Keterampilan Menulis Geguritan dengan Metode Integratif Membaca pada Siswa Kelas X-E SMA N 1 Lasem Kabupaten Rembang. Skripsi. Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Semarang. Pembimbing I: Yusro Edy Nugroho, S.S, M.Hum., dan Pembimbing II: Drs. Widodo. Kata kunci: nulis geguritan, lan metode integratif maca. Pasinaon nulis sastra duwe peran sing wigati ing piwulang basa Jawa. Salah sijine yaiku siswa bisa nulis geguritan. Saka asil observasi lan wawancara karo guru basa Jawa, bisa dikaweruhi yen ketrampilan siswa nulis geguritan isih endhek jalaran metode utawa cara pasinaon sing dinggo guru isih kurang trep. Guru isih nganggo cara pasinaon konvensional saengga ora ana variasi nalika sinau. Mula kuwi dibutuhake cara pasinaon sing pas lan nengsemake, yaiku kanthi nganggo cara pasinaon integratif maca. Gegayutane karo perkara mau, mula perkara sing dibahas ing paneliten iki yaiku (1) pira akehe mundhake ketrampilan siswa nalika nulis geguritan nganggo cara integratif maca?; (2) kepriye owahing tindak tanduk solah bawa siswa kelas X-E SMA N 1 Lasem sawise entuk lakune pasinaon kanthi nggunakake cara integratif maca? Wos paneliten iki yaiku mundhake ketrampilan siswa nalika nulis geguritan kanthi cara integratif maca ing SMA N 1 Lasem. Variabel panelitan iki arupa variabel ketrampilan nulis geguritan lan variabel metode integratif maca. Paneliten kelas iki dileksanakake nganggo rong siklus. Ngumpulake data nggunakake cara observasi (observasi ketrampilan nulis geguritan lan tindak tanduk siswa sasuwene pasinaon), jurnal, lan wawancara. Cara nganalisis data yaiku nganggo teknik kualitatif lan kuantitatif. Teknik kualitatif digunakake kanggo nganalisis data kualitatif (tindak tanduk), lan deskriptif persentase digunakake kanggo nganalisis data ketrampilan nulis geguritan. Asil saka paneliten nuduhake yen ketrampilan siswa nulis geguritan mundhak. Ing tahap prasiklus, guru isih nganggo cara pasinaon sing konvensional, saengga asile 60,9. sabanjure dileksanakake siklus I kanthi nganggo cara integratif maca asile 64,8, nanging kala siklus I isih kangelan nggolek tema lan ana sing durung bisa milih tembung (diksi) sing trep, jalaran kosakata Jawa siswa mung sithik. Ing siklus II asil tes siswa nulis geguritan yaiku 73,18. Asil saka observasi, jurnal, lan wawancara nuduhi anane owahing tindak tanduk siswa kelas X-E SMA N 1 Lasem, yaiku dadi sregep lan semangat anggone sinau nulis geguritan, sakliyane kuwi mawa nggunakake cara integratif maca siswa bisa luwih ngerti kepriye nggunakake tembung sing bener. Saran saka paneliti yaiku (1) guru basa jawa sabisane nganggo cara integratif maca dadi salah sijine cara pasinaon kanggo siswa; (2) kanggo para paneliti basa lan sastra bisa nggawe paneliten sing padha nanging nganggo cara sing beda, saengga bisa digunakake kanggo alternatif cara pasinaon nulis geguritan.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: nulis geguritan, lan metode integratif maca.
Subjects: L Education > LB Theory and practice of education > LB1603 Secondary Education. High schools
P Language and Literature > PL Languages and literatures of Eastern Asia, Africa, Oceania
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa (S1)
Depositing User: Hapsoro Adi Perpus
Date Deposited: 20 Oct 2011 01:51
Last Modified: 20 Oct 2011 01:51
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/5943

Actions (login required)

View Item View Item