MENINGKATKAN KEMAMPUAN BERAPRESIASI TEMBANG MACAPAT DENGAN MEDIA AUDIO PADA SISWA KELAS XI MA AL ASROR TAHUN AJARAN 2008/2009.


Umi Faidah, 2009 (2009) MENINGKATKAN KEMAMPUAN BERAPRESIASI TEMBANG MACAPAT DENGAN MEDIA AUDIO PADA SISWA KELAS XI MA AL ASROR TAHUN AJARAN 2008/2009. Under Graduates thesis, Universitas Negeri Semarang.

[thumbnail of MENINGKATKAN KEMAMPUAN BERAPRESIASI TEMBANG MACAPAT DENGAN MEDIA AUDIO PADA SISWA KELAS XI MA AL ASROR TAHUN AJARAN 2008/2009.]
Preview
PDF (MENINGKATKAN KEMAMPUAN BERAPRESIASI TEMBANG MACAPAT DENGAN MEDIA AUDIO PADA SISWA KELAS XI MA AL ASROR TAHUN AJARAN 2008/2009.) - Published Version
Download (20kB) | Preview

Abstract

Faidah, Umi. 2009. MENINGKATKAN KEMAMPUAN BERAPRESIASI TEMBANG MACAPAT DENGAN MEDIA AUDIO PADA SISWA KELAS XI MA AL ASROR TAHUN AJARAN 2008/2009. Skripsi. Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Semarang. Pembimbing I: Dr. Teguh Supriyanto, M. Hum, Pembimbing II: Drs. Hardyanto. Tembung Kunci : kemampuan berapresiasi tembang macapat, media audio. Kabisan ngapresiasi tembang macapat siswa kelas XI A2 MA Al Asror Patemon Gunungpati Semarang isih kurang. Iki disebabake kurange manfaatake medhia, saengga siswa krasa bosen yen melu pasinaon. Kanggo ngunggahake kabisan ngapresiasi tembang macapat perlu nganggo medhia sing trep. Guru minangka fasilitator kudu pinter milih medhia sing trep karo pasinaon ngapresiasi tembang macapat. Medhia audhio dikarepake bisa ngunggahaken kabisan ngapresiasi tembang macapat. Perkara sing metu ing paniliten iki yaiku kepriye ngunggahake kabisan ngapresiasi tembang macapat nganggo medhia audhio karo kepriye tumindake siswa kelas XI A2 MA Al Asror lebar melu panyinaon ngapresiasi tembang macapat nganggo mdhia audhio. Tujuwane paniliten iki yaiku ngunggahake kabisan ngapresiasi tembang macapat karo ngerteni owahane tumindake siswa kelas XI A2 MA Al Asror lebar melu pasinaon ngapresiasi tembang macapat nganggo mdhia audhio. Paniliten iki nganggo dhesen paniliten tumindak kelas sing dilakoni telung tumindak yaiku prasiklus, siklus I karo siklus II subjek paniliten kelas XI A2 MA Al Asror Patemon Gunungpati Semarang. Ngumpulake dhatane nganggo tes karo nontes. Wujude dhata nontes yaiku observasi, jurnal, wawancara karo dokumentasi. Analisis dhata nglimputi dhata kuantitatif karo dhata kualitatif. Asil paniliten nuduhake yen kabisan ngapresiasi tembang macapat siswa kelas XI A2 MA Al Asror Patemon Gunungpati Semarang munggah. Asil iku bisa diweruhi saka biji rata-rata kelas prasiklus 63 ing siklus I munggah dadi 74,5 artine munggahe 11,5 utawa 17,5 %. Asil iku munggah meneh dadi 77,4 yen dibandhingake karo asil prasiklus artine bijine munggah 14,4 utawa 22,85%. Owahe tumindak nudhuhake owah sing apik. Siswa luwih dhemen tur antusias anggone melu pasinaon ngapresiasi tembang macapat nganggo medhia audhio. Simpulan paniliten iki yaiku medhia audhio bisa ngunggahaken kabisan ngapresiasi tembang macapat karo ngowahi tumindake siswa kelas XI A2 MA Al Asror Patemon Gunungpati Semarang. Saran saka paniliti yaiku sakdurunge pasinaon diwiwiti guru luwih becik milih modhel lan medhia pasinaon sing trep. Medhia audhio bisa dipilih kanggo alternatif pasinaon ngapresiasi tembang macapat. Supaya entuk manfaat luwih saka medhia audhio luwih becik pasinaon ngapresiasi tembang macapat dilakoni ing laboratorium bahasa sing lengkap ubarampene. Kanggo ndhukung asil paniliten iki perlu dianakake paniliten sing luwih amba ngenani panganggone medhia audhio ing pasinaon.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: kemampuan berapresiasi tembang macapat, media audio.
Subjects: L Education > LB Theory and practice of education > LB1603 Secondary Education. High schools
M Music and Books on Music > M Music
P Language and Literature > PL Languages and literatures of Eastern Asia, Africa, Oceania
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa (S1)
Depositing User: Hapsoro Adi Perpus
Date Deposited: 20 Oct 2011 01:20
Last Modified: 20 Oct 2011 01:20
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/5923

Actions (login required)

View Item View Item