Peningkatan Kemampuan Berbicara Bahasa Jawa Ragam Krama dengan Metode Bermain Peran (Role Playing) pada Siswa Kelas VIIE SMP 2 Bawang Kabupaten Banjarnegara Tahun Ajaran 2008/2009


Ratna Kurniasih, 2009 (2009) Peningkatan Kemampuan Berbicara Bahasa Jawa Ragam Krama dengan Metode Bermain Peran (Role Playing) pada Siswa Kelas VIIE SMP 2 Bawang Kabupaten Banjarnegara Tahun Ajaran 2008/2009. Under Graduates thesis, Universitas Negeri Semarang.

[thumbnail of Peningkatan Kemampuan Berbicara Bahasa Jawa Ragam Krama dengan Metode Bermain Peran (Role Playing) pada Siswa Kelas VIIE SMP 2 Bawang Kabupaten Banjarnegara Tahun Ajaran 2008/2009]
Preview
PDF (Peningkatan Kemampuan Berbicara Bahasa Jawa Ragam Krama dengan Metode Bermain Peran (Role Playing) pada Siswa Kelas VIIE SMP 2 Bawang Kabupaten Banjarnegara Tahun Ajaran 2008/2009) - Published Version
Download (30kB) | Preview

Abstract

Kurniasih, Ratna. 2009. Peningkatan Kemampuan Berbicara Bahasa Jawa Ragam Krama dengan Metode Bermain Peran (Role Playing) pada Siswa Kelas VIIE SMP 2 Bawang Kabupaten Banjarnegara Tahun Ajaran 2008/2009. Skripsi. Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Semarang. Pembimbing I: Yusro Edy Nugroho, S.S, M.Hum Pembimbing II: Drs. Agus Yuwono, M.Si, M.Pd. Tembung Kunci: Bahasa Jawa, ketrampilan wicara, ragam krama, bermain peran (Role Playing) Ketrampilan wicara basa Jawa krama siswa kelas VIIE SMP 2 Bawang kabupaten Banjarnegara isih kurang. Siswa durung bisa wicara basa Jawa krama kanthi apik lan bener. Perkara iki disebabake jalaran siswa kulina nggunakake basa Jawa ngoko lan basa Indonesia ing sajroning guneman, kejaba kuwi kawruh basa krama siswa kurang, siswa durung wani nyoba wicara kanthi basa Jawa krama ing kahanan resmi, metode kang digunaake guru kurang variatif mula piwulangan kurang nengsemake. Kanggo ngawekani perkara kasebut dibutuhake metode kang bisa ngundhakake ketrampilan wicara basa Jawa krama siswa. Salah sijine metode kang bisa digunakake yaiku metode bermain peran (Role Playing). Adhedasar perkara kang wis kababar, perkara kang diangkat ana paneliten iki yaiku: (1) Kepriye undhak-undhakane ketrampilan wicara basa Jawa ragam krama siswa kelas VII E SMP 2 Bawang kabupaten Banjarnegara sakwise sinau wicara basa Jawa ragam krama kanthi metode bermain peran (Role Playing), lan (2) Kepriye owah-owahane solah bawane siswa kelas VII E SMP 2 Bawang kabupaten Banjarnegara sakwise sinau wicara basa Jawa ragam krama kanthi metode bermain peran (Role Playing). Ancas paneliten iki yaiku kanggo ngerteni undhak-undhakan ketrampilan wicara basa Jawa krama siswa lan ngandharake owah-owahane solah bawane siswa kelas VII E SMP 2 Bawang kabupaten Banjarnegara sakwise sinau wicara basa Jawa ragam krama kanthi metode bermain peran (Role Playing). Paneliten iki nggunakake desain Paneliten Tindakan Kelas kanthi rong siklus. Subjek panelitene yaiku ketrampilan wicara bahasa Jawa ragam krama siswa kelas VIIE SMP 2 Bawang kabupaten Banjarnegara Tahun Ajaran 2008/2009. Data paneliten iki saka instrumen tes lan nontes. Instrumen tes arupa tes perbuatan, menawa instrumen nontes arupa observasi, wawancara, jurnal, rekaman pita/kaset, lan dokumentasi foto. Kanggo nganalisis data tes nggunakake teknik kuantitatif, menawa data nontes dianalisis kanthi teknik kualitatif. Asil analisis data paneliten ketrampilan wicara ana ing prasiklus utawa kondisi awal, siklus I lan siklus II nuduhake anane undhak-undhakan nilai rata-rata kelas. Saka prasiklus utawa kondisi awal nilai rata-rata 59,49 kalebu kategori kurang. Siklus I rata-rata kelas 66,67 mundhak 12,07%, kalebu kategori cukup. Nilai rata-rata siklus I iki wis ngluwihi wates KKM kang ditentoake yaiku 65, ananging isih ana siswa kang nilene durung tuntas. Mula kuwi, dilaksanakake siklus II kanthi ancas nilai siswa bisa tuntas kabeh, lan asile maremake. Ana ing siklus II iki nilai rata-rata kelas mundhak 11,14% dadi 74,10 kalebu kategori apik. Kanthi mangkono, undhak-undhakan nile rata-rata kelas saka kondisi awal tumuju siklus II yaiku 24,56%. Undhak-undhakan asil tes ketrampilan wicara basa Jawa ragam krama kanthi metode bermain peran (Role Playing) uga nuduhake owah-owahane solah bawane siswa tumuju arah positif. Siswa dadi luwih aktif, kritis lan semangat anggone sinau uga luwih nggatekake piwulangan. Kamangka solah bawa negatife siswa kayaha rame dhewe, guyon, nglamun, lan ngantuk dadi suda. Adhedasar asil kang wis kababar bisa disimpulake yaiku kanthi metode bermain peran (Role Playing) kanyata bisa nggundakake ketrampilan siswa nalika wicara basa Jawa ragam krama. Saran kang bisa diaturake yaiku guru sinaosa nggunakake metode kang variasi kanggo piwulangan wicara basa Jawa ragam krama. Alternatif metode kang bisa digunakake yaiku metode bermain peran (Role Playing) jalaran kanthi bermain peran (Role Playing) siswa luwih aktif, kritis, kendhel, lan percaya diri tampil wicara kanthi basa Jawa ragam krama.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: Bahasa Jawa, ketrampilan wicara, ragam krama, bermain peran (Role Playing)
Subjects: G Geography. Anthropology. Recreation > GV Recreation Leisure
L Education > LB Theory and practice of education > LB1603 Secondary Education. High schools
P Language and Literature > PL Languages and literatures of Eastern Asia, Africa, Oceania
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa (S1)
Depositing User: Hapsoro Adi Perpus
Date Deposited: 20 Oct 2011 01:13
Last Modified: 20 Oct 2011 01:13
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/5920

Actions (login required)

View Item View Item