Kualitas Materi Kompetensi Membaca dalam Buku Teks Remen Basa Jawi SD Kelas 3 Terbitan Erlangga Berdasarkan Standar Isi Mata Pelajaran Bahasa Jawa di SD N 1 Banjardawa


Eni Lestari , 2102407098 (2011) Kualitas Materi Kompetensi Membaca dalam Buku Teks Remen Basa Jawi SD Kelas 3 Terbitan Erlangga Berdasarkan Standar Isi Mata Pelajaran Bahasa Jawa di SD N 1 Banjardawa. Under Graduates thesis, Universitas Negeri Semarang.

[thumbnail of Kualitas Materi Kompetensi Membaca dalam Buku Teks Remen Basa Jawi SD Kelas 3 Terbitan Erlangga Berdasarkan Standar Isi Mata Pelajaran Bahasa Jawa di SD N 1 Banjardawa]
Preview
PDF (Kualitas Materi Kompetensi Membaca dalam Buku Teks Remen Basa Jawi SD Kelas 3 Terbitan Erlangga Berdasarkan Standar Isi Mata Pelajaran Bahasa Jawa di SD N 1 Banjardawa) - Published Version
Download (535kB) | Preview

Abstract

Buku teks mujudake buku kanggo nunjang proses pamulangan ing sawijining mata pelajaran. Isine buku teks yaiku materi sing arep diwulangake ing proses pamulangan. Buku teks sing apik yaiku jumbuh karo kurikulum lan nduweni kualitas sing apik. Buku teks kang digunakake ing Sekolah Dasar ing antarane yaiku buku teks Remen Basa Jawi kang kacithak dening Erlangga. Panaliten buku teks kasebut ditujokake ing kualitas materi kompetensi maca. Perkara kang dirembug ing panaliten iki yaiku kepiye kualitas materi kompetensi maca ing buku teks Remen Basa Jawi SD kelas 3 kang kacithak dening Erlangga adhedhasar Standar Isi mata pelajaran basa Jawa ing SD N 1 Banjardawa. Jumbuh karo perkara kasebut, panaliten iki nduweni ancas yaiku njlentrehake kualitas materi kompetensi maca ing buku teks Remen Basa Jawi SD kelas 3 kang kacithak dening Erlangga adhedhasar Standar Isi mata pelajaran basa Jawa ing SD N 1 Banjardawa. Pendekatan kang digunakake ing panaliten iki yaiku pendekatan kualitatif deskriptif. Data panaliten iki awujud materi ajar wulangan maca ing buku teks Remen Basa Jawi SD kelas 3 kang kacithak dening Erlangga, dene sumber datane saka buku teks Remen Basa Jawi kanggo SD kelas 3 kang kacithak dening Erlangga. Teknik kang digunakake kanggo ngumpulke data yaiku teknik dokumentasi lan teknik catat. Analisis datane nggunakake teknik analisis isi. Asil analisis datane dijlentrehke kanthi cara informal. Adhedhasar asil panaliten subaspek kesesuian uraian materi dengan kurikulum, kualitas isi materi kompetensi maca ing buku teks Remen Basa Jawi SD kelas 3 kang kacithak dening Erlangga dijlentrehke ing rong deskripsi, yaiku asil nilai kelengkapan materi lan kedalaman materi kaya dene: 1) asil nilai kelengkapan materi yaiku materi kompetensi maca ing buku teks Remen Basa Jawi SD kelas 3 kang kacithak dening Erlangga ana 17 KD kang awujud 64,7% ana wacanane lan 35,3% kang ora ana wacanane, 76,5% ana pemahaman wacanane lan 23,5% kang ora ana pemahaman wacanane, 58,8% ana fakta kebahasaan/kesastraan kang nduweni sipat komunikatif lan kontekstual lan 41,2% ana fakta kebahasaan/kesastraan kang sipate ora komunikatif lan ora kontekstual, 2) asil nilai kedalaman materi yaiku materi kompetensi maca ing buku teks Remen Basa Jawi SD kelas 3 kang kacithak dening Erlangga ana 17 KD kang awujud 35,3% wacanane jumbuh karo SK lan KD lan 64,7% wacanane kang ora jumbuh karo SK lan KD, 29,4% ana tambahan wacana liya lan 70,6% ora ana tambahan wacana liya. Adhedhasar asil panaliten, panjurug kang bisa diaturake yaiku: 1) penyusun utawa penulis buku teks supaya menehi wacana minangka materi utama ing kabeh materi kompetensi maca ing buku teks Remen Basa Jawi SD kelas 3 kang kacithak dening Erlangga amarga ana ing KD tartamtu ing buku teks kasebut ora ana wacanane, 2) materi kompetensi maca ing buku teks Remen Basa Jawi SD kelas 3 kang kacithak dening Erlangga supaya dijangkepi pemahaman wacana kang awujud tugas utawa pitakonan kang ngarahke siswa supaya paham isine wacana amarga ing KD tartamtu ing buku teks kasebut ora ana tugas utawa pitakonan, 3) fakta kebahasaan/kesastraan kang ana ing buku teks Remen Basa Jawi SD kelas 3 kang kacithak dening Erlangga supaya nduweni sipat komunikatif lan kontekstual, 4) wacana kang ana ing materi kompetensi maca ing buku teks Remen Basa Jawi SD kelas 3 kang kacithak dening Erlangga supaya dijumbuhke karo kurikulum amarga ana wacana sing ora jumbuh karo kurikulum, lan 5) materi kompetensi maca ing buku teks Remen Basa Jawi SD kelas 3 kang kacithak dening Erlangga supaya dijangkepi wacana liya minangka penjelas kang jumbuh karo materi kompetensi maca.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: kualitas materi, maca, buku teks.
Subjects: L Education > LB Theory and practice of education > LB1501 Primary Education
P Language and Literature > PL Languages and literatures of Eastern Asia, Africa, Oceania
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa (S1)
Depositing User: budi Budi santoso perpustakaan
Date Deposited: 14 Oct 2011 01:04
Last Modified: 25 Apr 2015 06:02
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/5683

Actions (login required)

View Item View Item