Variasi Pemakaian Bahasa Jawa Masyarakat Nelayan di Pantai Widuri Kabupaten Pemalang (Kajian Sosiolinguistik)


Ranu Sulistiyono, 2009 (2009) Variasi Pemakaian Bahasa Jawa Masyarakat Nelayan di Pantai Widuri Kabupaten Pemalang (Kajian Sosiolinguistik). Under Graduates thesis, Universitas Negeri Semarang.

[thumbnail of Variasi Pemakaian Bahasa Jawa Masyarakat Nelayan di Pantai Widuri Kabupaten Pemalang (Kajian Sosiolinguistik)]
Preview
PDF (Variasi Pemakaian Bahasa Jawa Masyarakat Nelayan di Pantai Widuri Kabupaten Pemalang (Kajian Sosiolinguistik)) - Published Version
Download (22kB) | Preview

Abstract

Sulistiyono, Ranu. 2009. Variasi Pemakaian Bahasa Jawa Masyarakat Nelayan di Pantai Widuri Kabupaten Pemalang (Kajian Sosiolinguistik). Skripsi. Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Semarang. Pembimbing I: Dra. Endang Kurniati, M.Pd., Pembimbing II: Drs. Widodo Tembung Kunci: variasi basa Jawa, karakteristik, tingkat tutur basa Jawa. Basa Jawa sing ana ing masyarakat nelayan sansaya akeh wujude amarga anane kemajuan jaman. Kahanan kuwi uga ana ing masyarakat nelayan ing pesisir Pantai Widuri Kabupaten Pemalang sing sabendinane nggunakake basa Jawa anggone sesrawungan karo wong liya. Perkara sing diandharake ing panaliten iki, yaiku (1) kepriye wujud basa Jawa sing digunakake dening masyarakat nelayan ing Pantai Widuri Kecamatan Pemalang Kabupaten Pemalang?, (2) faktor-faktor apa wae sing ndadekake wujud basa Jawa sing digunakake dening masyarakat nelayan ing Pantai Widuri Kecamatan Pemalang Kabupaten Pemalang?, lan (3) kepriye karakteristik basa Jawa masyarakat nelayan sing ana ing Pantai Widuri Kecamatan Pemalang Kabupaten Pemalang? Panaliten iki ancase kanggo ngandharake wujud basa Jawa sing digunakake dening masyarakat nelayan ing Pantai Widuri Kecamatan Pemalang Kabupaten Pemalang, ngandharake faktor-faktor sing ndadekake wujud basa Jawa sing digunakake dening masyarakat nelayan ing Pantai Widuri Kecamatan Pemalang Kabupaten Pemalang, lan ngandharake karakteristik basa Jawa para nelayan sing ana ing Pantai Widuri Kecamatan Pemalang Kabupaten Pemalang. Dhasar sing digunakake ing panaliten iki ana loro, yaiku pendhekatan teoretis lan pendhekatan metodhologis. Pendhekatan teoretis sing digunakake ana ing panaliten iki yaiku pendhekatan sosiolinguistik, saliyane kuwi pendhekatan metodhologis sing digunakake ing penelitian iki yaiku pendhekatan kualitatif deskriptif. Sumber dhata panaliten iki yaiku wacana tuturan antarane nelayan karo nelayan ana ing interaksi percakapan ing Pantai Widuri Kabupaten Pemalang. Anggene ngumpulake dhata nggunakake teknik simak bebas libat cakap, teknik rekam, lan teknik catat. Analisis dhata sing kagarap nggunakake teknik pisah utawa teknik pilah, yaiku kanthi misahake utawa milah tuturan-tuturan wujud pilihan basa sing digunakake dening para nelayan ana ing Pantai Widuri Kabupaten Pemalang. Hasil analisis dhata dipaparake kanthi nggunakake metodhe informal. Adedhasar saka panaliten nedahake, bilih wujud basa Jawa para nelayan sing ana ing pesisir Pantai Widuri Kabupaten Pemalang yaiku wujud tunggal basa sing kalebu basa Jawa ngoko lugu, basa Jawa ngoko alus, lan basa Jawa krama lugu. Saliyane kuwi uga ditemokake alih kode lan campur kode basa Jawa. Wondene faktor-faktor sing dadi dhasar wujud basa Jawa para nelayan ana ing Pantai Widuri Kabupaten Pemalang yaiku faktor kebiasaan, lingkungan utawa papan panggonan, pekerjaan, tingkat pendhidhikan, fungsi interaksi, lan faktor partisipan. Sakliyane kuwi masyarakat nelayan ing Pantai Widuri Kabupaten Pemalang uga nduweni karakteristik sing luwih keras, kasar, lan kurang empati marang wong liya, nggunakake tembung khusus, lan nggunakake partikel (ka). Adedhasar temuan panaliten mau penulis ngaturake pamprayogi dhumateng para pamaos mligine pemerhati basa supaya panaliten iki bisa diterusake ana ing panaliten perkara wujud basa ranah liya ana ing masyarakat, lan mugi panaliten iki bisa dadi acuan referensi kanggo panaliten candhake. Wondene saran kanggo para nelayan sing ana ing pesisir Pantai Widuri Kabupaten Pemalang supaya tetep nduweni rasa hormat lan santun marang wong liya sanajan ana ing sabendinane ngunakake basa sing luwih keras lan kasar.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: variasi basa Jawa, karakteristik, tingkat tutur basa Jawa.
Subjects: H Social Sciences > HM Sociology
P Language and Literature > PL Languages and literatures of Eastern Asia, Africa, Oceania
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa (S1)
Depositing User: Hapsoro Adi Perpus
Date Deposited: 14 Oct 2011 00:28
Last Modified: 19 Oct 2011 02:17
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/5677

Actions (login required)

View Item View Item