Variasi Teknik Bertanya Guru Bahasa Jawa dalam Pembelajaran Berbicara di SMP se-Kecamatan Wangon
Anis Hartuti , 2102407110 (2011) Variasi Teknik Bertanya Guru Bahasa Jawa dalam Pembelajaran Berbicara di SMP se-Kecamatan Wangon. Under Graduates thesis, Universitas Negeri Semarang.
Preview |
PDF (Variasi Teknik Bertanya Guru Bahasa Jawa dalam Pembelajaran Berbicara di SMP se-Kecamatan Wangon)
- Published Version
Download (652kB) | Preview |
Abstract
Guru asring maringi pitakonan kanggo siswa ing sajrone piwulangan. Ancase supaya siswa mikir lan mangsuli pitakonan iku. Siswa asring ora bisa mangsuli pitakonan kang diparingake dening guru marga siswa ora ngerti ancas pitakonan iku. Guru asring maringi pitakonan kanthi teknik kang kurang trep. Babagan iku bisa ngalangi piwulangan, saenggo ancas piwulangane ora bisa kagayuh. Mula, kanthi panganggone teknik takon kang trep lan variatif siswa luwih gampang anggone mangsuli pitakonan kang diparingake dening guru. Undering perkara ing panaliten iki yaiku variasi teknik apa wae kang digunakake guru basa Jawa ing piwulangan wicara ing SMP se-Kecamatan Wangon? Ancas panalitene bisa ngandharake variasi teknik takon kang digunakake guru basa Jawa ing piwulangan wicara ing SMP se-Kecamatan Wangon. Panaliten iki migunakake pendekatan kualitatif kanthi metode deskriptif. Data panaliten iki awujud teknik takon guru basa Jawa ing SMP se-Kecamatan Wangon ing sajroning piwulangan wicara. Sumber data kajupuk saka kagiatan sajrone piwulangan wicara kang ditindakake dening guru basa Jawa ing SMP se-Kecamatan Wangon. Data dikumpulake kanthi teknik observasi lan wawancara. Teknik analisis data ing panaliten iki ana pitung tataran, yaiku observasi, wawancara, milih data, nganalisis data dilebokake ing tabel, ngrangkum tabel, ndeskripsikake data, lan nyimpulake asil analisis data. Asil panaliten nuduhake yen panganggone teknik takon guru basa Jawa ing piwulangan wicara ing SMP se-Kecamatan Wangon cukup variatif. Teknik takon kang digunakake dening guru basa Jawa SMP se-Kecamatan Wangon ing piwulangan wicara dibedakake dadi loro, yaiku teknik takon dhasar lan teknik takon lanjutan. Ing teknik takon dasar ditemokake enem teknik takon. Kang sepisan ndungkapake pitakonan kanthi cetha lan ringkes, ana patang variasi yaiku maringi pitakonan babagan makna, maringi pitakonan babagan lakon, maringi pitakonan babagan unggah-ungguh kang trep, lan panganggone tembung kanthi trep. Variasi teknik takon kang kaping pindho maringi acuan adhedhasar pengacuan pacelatho lan pengacuan sesorah. Ana telung variasi teknik takon kang kaping telu genti-genten mangsuli pitakonan yaiku menunjuk siswa kanthi langsung, menunjuk siswa kanthi maos dhaftar siswa, lan menunjuk siswa adhedhasar panggonan lungguh. Variasi teknik kang kaping papat nyebarake pitakonan ana patang variasi yaiku menunjuk siswa kanthi langsung, menunjuk siswa kanthi maos dhaftar siswa, menunjuk siswa adhedhasar panggonan lungguh, lan menunjuk siswa kang rame. Ana rong variasi teknik takon kang kaping lima maringi wektu kanggo mikir yaiku maringi wektu kanggo mikir kanthi dhewekan lan maringi wektu mikir kanthi rembugan. Kang pungkasan teknik maringi tuntunan ana telu yaiku mbaleni pitakonan kanthi wujud utawa cara liya lan basa kang luwih ringkes, maringi pitakonan liya kang luwih ringkes, lan patrapane ing wujud ukara. Ing teknik takon lanjutan ditemokake patang teknik takon. Sepisan teknik ngowahi tuntutan tingkat kognitif pitakonan ana loro yaiku owahan saka pemahaman (C2) marang penerapan (C3) lan owahan saka pemahaman (C2) marang analisis (C4). Teknik takon lanjutan kang kapindho yaiku nata urutan pitakonan dilakokake kanthi pengaturan urutan pitakonan saka gampang marang angel. Teknik takon kang kaping telu ana limang variasi yaiku njaluk siswa ngaturi alasan (maringi pitakonan alasan wangsulan), njaluk kesepakatan wangsulan (kesepakatan siswa sekelas), njaluk wangsulan kang trep (maringi pitakonan babagan panganggone tembung kang trep lan maringi pitakonan babagan katrangan wangsulan), njaluk wangsulan kang luwih relevan (maringi pitakonan wujud krama saka sawijining tembung), lan njaluk wangsulan kang luwih kompleks (maringi pitakonan penerapan tembung lan menganalisis tembung). Teknik takon lanjutan kang kaping papat yaiku mujudake interaksi dilakokake kanthi maringi pitakonan marang siswa liya. Adhedhasar asiling panaliten ing dhuwur, panulis bisa atur pamrayoga (1) Luwih becik yen guru maringi pitakonan kanggo siswa nggunakake utawa migunakake teknik takon kang luwih variatif dijumbuhake karo kahanan nang kelas lan kebutuhan siswa, supaya siswa luwih gampang mangerteni ancas pitakonan lan luwih termotivasi kanggo mangsuli pitakonan guru. (2) Seyogyane guru luwih asring ngajukake pitakonan kanggo siswa kanthi ancas ngaktifake siswa kanthi individu utawa rembugan kelompok supaya keprigelan wicara siswa luwih mundhak. Guru prayogane ora nggunakake metode ceramah kang bisa ngurangi krenteg siswa ing piwulangan lan keprigelan wicara siswa. (3) Luwih becik guru ora mangsuli piyambak pitakonan kang diajukake dening guru utawa siswa liyane. Seyogyane guru bisa dadi pemantul utawa aweh kesempatan kanggo siswa supaya mangsuli pitakonan kang diwenehake. (4) Kanggo para calon panaliten, supaya bisa nglakukake penelitian lanjutan saka penelitian iki, tuladhane variasi katrampilan takon guru kang adedhasar pendhidhikan guru utawa variasi katrampilan takon guru ing aspek basa kang liyane.
Item Type: | Thesis (Under Graduates) |
---|---|
Uncontrolled Keywords: | teknik takon, piwulangan basa Jawa, wicara. |
Subjects: | L Education > LB Theory and practice of education > LB1603 Secondary Education. High schools P Language and Literature > PL Languages and literatures of Eastern Asia, Africa, Oceania |
Fakultas: | Fakultas Bahasa dan Seni > Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa (S1) |
Depositing User: | budi Budi santoso perpustakaan |
Date Deposited: | 13 Oct 2011 08:38 |
Last Modified: | 25 Apr 2015 06:02 |
URI: | http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/5663 |
Actions (login required)
View Item |