PENINGKATAN KEMAMPUAN MENULIS SKENARIO SANDIWARA PADA SISWA KELAS XII IPA1 SMA NEGERI 1 NGAWEN TAHUN AJARAN 2009/2010 DENGAN MEDIA FILM ANIMASI


Nurul Bekti Rusilawati, 2102405581 (2009) PENINGKATAN KEMAMPUAN MENULIS SKENARIO SANDIWARA PADA SISWA KELAS XII IPA1 SMA NEGERI 1 NGAWEN TAHUN AJARAN 2009/2010 DENGAN MEDIA FILM ANIMASI. Under Graduates thesis, Universitas Negeri Semarang.

[thumbnail of PENINGKATAN KEMAMPUAN MENULIS   SKENARIO SANDIWARA PADA SISWA  KELAS XII IPA1 SMA NEGERI 1 NGAWEN TAHUN AJARAN 2009/2010  DENGAN MEDIA FILM ANIMASI]
Preview
PDF (PENINGKATAN KEMAMPUAN MENULIS SKENARIO SANDIWARA PADA SISWA KELAS XII IPA1 SMA NEGERI 1 NGAWEN TAHUN AJARAN 2009/2010 DENGAN MEDIA FILM ANIMASI) - Published Version
Download (423kB) | Preview

Abstract

Ketrampilan nulis skenario sandiwara mujudake salah sijine aspek ketrampilan basa kang wigati. Ewasemana, ketrampilan nulis skenario sandiwara siswa kelas XII IPA 1 SMA Negeri 1 Ngawen kagolong endhek. Endheke biji nulis skenario sandiwara kabukti saka biji rata-rata siswa mung 50,81, padahal wates biji ketuntasan minimal yaiku 70,00. Sakliyane kuwi perilaku murid saka pasinaon kurang apik. Nalika pasinaon nulis skenario sandiwara, murid kurang aktif wektu interaksi karo guru. Endheke ketrampilan kasebut jalaran saka loro faktor, yaiku: faktor siswa lan faktor media pasinaon. Faktor siswa, akeh-akehe siswa kangelan anggone nemtokake ide lan tema kanggo nulis skenario sandiwara. Endheke ketrampilan nulis skenario sandiwara siswa uga amarga kurange media pasinaon. Karana kuwi, karo nggunaake media film animasi bisa ningkatake ketrampilan nulis skenario sandiwara. Adhedhasar kanyatan kasebut, uderaning perkara ing panaliten iki yaiku: (1) kepriye undhaking ketrampilan nulis skenario sandiwara ing siswa kelas XII IPA 1 SMA Negeri 1 Ngawen kanthi migunakake media film animasi, (2) apa ana tindak-tanduk siswa kang owah sawise migunakake media film animasi. Panaliten iki uga duwe karep: (1) mangerteni undhaking ketrampilan nulis skenario sandiwara ing kelas XII IPA 1 SMA Negeri 1 Ngawen sawise migunakake media film animasi, (2) mengerteni apa ana tumindake siswa kelas XII IPA 1 SMA Negeri 1 Ngawen kanthi migunakake media film animasi. Panalliten iki kalebu panaliten tindakan kelas (PTK) kang kaperang dadi rong siklus, yaiku siklus I lan siklus II. Data panalliten migunakake data tes lan nontes. Teknik tes arupa ketrampilan nulis skenario sandiwara kanthi media film animasi. Asile prasiklus yen biji rata-rata klasikal 50,81 utawa kategori kurang. Asile saka siklus I mundhak 20,69% saka siklus I kanthi biji rata-rata klasikal 71,5 utawa kategori baik. Kakurangan siswa ing siklus I yaiku: diksi lan ejaan basa kang kurang maksimal, sarta unggah-ungguh basa Jawa kang dianggo kurang bener lan trep. Bab kurange iku banjur dibenerke ing siklus II. Film animasi kang digunakake yaiku film animasi Malin Kundang. Ana ing siklus II asil kasebut mundhak maneh 6,87% kanthi biji rata-rata klasikal 78,37 utawa kategori baik, utawa mundhak 27,56% saka asil prasiklus. Saka data nontes entuk asil yen akeh siswa kang seneng uga bisa nggampangake siswa nemtokake ide lan tema ana ing tulisan skenario sandiwara. Awit saka panaliten iki, mungguhing para guru prayoga luwih kreatif mingunakake media pasinaon, sarta bisa ngecakake media film animasi nalika pasinaon nulis skenario sandiwara. Tumrap para siswa kaajab terus gladhen nulis skenario sandiwara supaya bisa migunakake ide-ide kanggo gawe skenario sandiwara. tumrap para panaliti liyane, kaajab nglaksanakake panaliten sateruse saka panaliten iki kanthi media liyane kanggo ngganepi khazanah pasinaonan basa.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: ketrampilan nulis, skenario sandiwara, media film animasi
Subjects: L Education > LB Theory and practice of education > LB1603 Secondary Education. High schools
P Language and Literature > PN Literature (General) > PN2000 Dramatic representation. The Theater
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa (S1)
Depositing User: Users 7 not found.
Date Deposited: 06 Oct 2011 01:39
Last Modified: 25 Apr 2015 05:55
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/5361

Actions (login required)

View Item View Item