(ABSTRAK) VARIASI PEMBELAJARAN GEGURITAN DI SMA NEGERI SE-KABUPATEN GROBOGAN


Yuni Kurniyawati , 2102406044 (2010) (ABSTRAK) VARIASI PEMBELAJARAN GEGURITAN DI SMA NEGERI SE-KABUPATEN GROBOGAN. Under Graduates thesis, Universitas Negeri Semarang.

[thumbnail of (ABSTRAK) VARIASI PEMBELAJARAN GEGURITAN DI SMA NEGERI SE-KABUPATEN GROBOGAN]
Preview
PDF ((ABSTRAK) VARIASI PEMBELAJARAN GEGURITAN DI SMA NEGERI SE-KABUPATEN GROBOGAN) - Published Version
Download (74kB) | Preview

Abstract

Geguritan kalebu salah sawijining materi basa Jawa kang diwulangake ing SMA Negeri sa-Kabupaten Grobogan. Supaya materi geguritan bisa ditampa kanthi gampang dening para siswa, guru kudu prigel anggone ngracik pamulangan. Guru kang nggunakake variasi ing sajroning pamulangan, ndadekake para siswa luwih seneng lan ora bosen anggone sinau. Salah sawijining kaprigelan dasar kang kudu ana ing pamulangan basa Jawa yaiku kaprigelan anggone nggunakake variasi pamulangan. Perkara ing panaliten iki, yaiku kepriye wujud variasi ing pamulangan geguritan kang arupa metode, media, materi, lan evaluasi ing SMA Negeri sa- Kabupaten Grobogan? Ancasing panaliten iki, yaiku njlentrehake variasi pamulangan geguritan ing SMA Negeri sa-Kabupaten Grobogan. Panaliten iki nggunakake pendekatan kualitatif lan deskriptif. Sumber data panaliten iki yaiku guru basa Jawa ing SMA Negeri sa-Kabupaten Grobogan lan cakcakane mulang. Data panaliten iki awujud variasi pamulangan geguritan kang awujud variasi metode, media, materi, lan evaluasi. Data dikumpulake kanthi nggunakake teknik wawancara, observasi, lan dokumentasi. Data dianalisis kanthi teknik pilah lan dijlentrehake kanthi metode informal. Asil panaliten iki, yaiku variasi pamulangan geguritan ing SMA Negeri sa- Kabupaten Grobogan, yaiku (1) variasi metode, awujud metode pemodelan ing aspek nyemak, metode diskusi ing aspek wicara, metode demonstrasi ing aspek maca, lan metode objek langsung ing aspek nulis; (2) variasi media, awujud media elektronik yaiku kaset geguritan, (pita), kaset macapat (pita), VCD geguritan, lan power point, dene media nonelektronik kang digunakake yaiku (a) buku teks: Kabeh Seneng Basa Jawa, Kulina Basa Jawa, lan Sinau Basa Jawa, (b) LKS: Kresna, Star Idola, Kharisma, (c) majalah Panjebar Semangat, lan (d) buku kumpulan geguritan kanthi irah-irahan Pisungsung (antologi geguritan dan cerkak); (3) variasi materi kang diwenehake yaiku geguritan kanthi irah-irahan Bima Suci, Luhing Katresnan, Gangsir, Gandrung, Sungkemku Ibu, Jaman Bubrah, Wis dadi Tekadku, Keplayu, Kahanan Peteng, Gurit Kanggo Ibu, Kidung Perawan, Lading Landhep, Wasiat, Lampu Blencong, lan Surat Budheg; (4) variasi evaluasi kang digunakake, awujud tes yaiku tes tertulis lan tes praktik, dene evaluasi non tes kang digunakake yaiku daftar cek. Saka asil kang ditemokake, saran kanggo guru basa Jawa yaiku supaya ing sajroning pamulangan geguritan ing aspek nyemak, guru uga nyawisake teks geguritan kang diwaca dening model kanggo para siswa, supaya para siswa luwih jelas anggone nggatekake geguritan. Panaliten iki isih awujud panaliten pisanan lan durung optimal, mula perlu dianakake panaliten sakbanjure kanthi sumber data kang luwih akeh.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: pamulangan geguritan variasi pembelajaran
Subjects: L Education > LB Theory and practice of education
P Language and Literature > PN Literature (General)
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa (S1)
Depositing User: Users 98 not found.
Date Deposited: 03 Oct 2011 04:18
Last Modified: 03 Oct 2011 04:18
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/5190

Actions (login required)

View Item View Item