PENGEMBANGAN ‘KURAWA’ (KARTU AKSARA JAWA) MENGGUNAKAN AUGMENTED REALITY (AR) UNTUK SISWA KELAS VII DI SMP NEGERI 1 PULOSARI


Fitria Nur Umami, 2601416031 (2021) PENGEMBANGAN ‘KURAWA’ (KARTU AKSARA JAWA) MENGGUNAKAN AUGMENTED REALITY (AR) UNTUK SISWA KELAS VII DI SMP NEGERI 1 PULOSARI. Under Graduates thesis, Universitas Negeri Semarang.

[thumbnail of 2601416031 - Fitria Nur Umami.pdf] PDF - Published Version
Restricted to Repository staff only

Download (4MB) | Request a copy

Abstract

Pasinaon aksara jawa isih dirasa angel kanggo para siswa ing SMP Negeri 1 Pulosari. Kangelan kasebut dijalari amarga siswa kang kurang kapilut lan kuranging medhiya pasinaon aksara jawa. Perkara kuwi dadi jalaran asil pasinaon kang kurang apik. Mula, perlu anane medhiya inovatif kang bisa milut siswa kanggo sinau aksara Jawa. Panaliten iki duweni ancas kanggo, (1) ndheskrpisiake kabutuhan guru lan siswa tumrap medhiya kartu aksara jawa migunakake augmented reality minangka medhiya kang bisa nunjang pasinaon basa jawa ing SMP Negeri 1 Pulosari, (2) gawe wujud prototipe kartu aksara Jawa migunakake augmented reality kanggo pasinaon basa Jawa ing SMP Negeri 1 Pulosari, (3) ngrevisi prodhuk adhedhasar uji validitas ahli tumrap prototipe kartu aksara jawa kanggo pasinaon basa jawa ing SMP Negeri 1 Pulosari. Panaliten iki kalebu panaliten Research and Development (R&D) kang disusun saka lima urutan, (1) potensi lan masalah, (2) ngumpulake dhata, (3) desain prodhuk, (4) validasi desain, lan (5) ngrevisi desain. Asil panaliten iki sepisanan menehi katrangan yen guru lan siswa mbutuhake anane medhiya ‘KURAWA’ kanggo pasinaon aksara Jawa ana ing SMP Negeri 1 Pulosari. Asil kang angka loro menehi katrangan yen panaliten iki kasil anggone ngembangaken medhiya pasinaon kartu aksara Jawa nggunakake augmented reality kanthi irah-irahan kartu lan aplikasi ‘KURAWA’. ‘KURAWA’ iki kasusun saka 3 sub bab materi yaiku aksara Jawa nglegena uga pasangan, aksara Jawa sandhangan, lan materi gladhen maca 1 paragraf kang ana ing 5 kartu. Asil kang pungkasan yaiku pambiji saka ahli materi lan ahli medhiya. Asil saka pambiji digunakake kanggo adhedhasar ngrevisi prototipe medhiya ‘KURAWA’. Kang dikarepake saka panaliten iki muga bisa dadi medhiya pasinaon kang digunakke guru lan siswa kanggo nunjang proses pasinaon aksara jawa. kejaba saka kuwi, panaliten iki uga dikarepake bisa kanggo referensi panaliti liya kang bakal ngembangake medhiya kang padha migunakake materi kang beda.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: Media Pembelajaran, Aksara Jawa, Augmented Reality
Subjects: P Language and Literature > PI Oriental languages and literatures > PI1 Indonesia > Pendidikan Bahasa dan Sastra
P Language and Literature > PI Oriental languages and literatures > PI1 Indonesia > Javanese Language and Literature
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa (S1)
Depositing User: sri yuniati perpustakaan
Date Deposited: 14 Jul 2022 07:23
Last Modified: 14 Jul 2022 07:23
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/50250

Actions (login required)

View Item View Item