Struktur Serat Bratasunu Karya Pakubuwana IX


Endah Dwi Purnawati, 2611414025 (2021) Struktur Serat Bratasunu Karya Pakubuwana IX. Under Graduates thesis, Universitas Negeri Semarang.

[thumbnail of 2611414025 - Endah Dwi Purnawati.pdf] PDF - Published Version
Restricted to Repository staff only

Download (1MB) | Request a copy

Abstract

Serat Bratasunu menika teks sastra piwulang Jawa ingkang arupi tembang macapat. Wonten setunggalatus kalih dasa wolu pada saking pitu pupuh tembang macapat. Serat menika dipun kaanggit Pakubuwana IX, ingkang ngemut pitutur saking tiyang sepuh marang putranipun kagem sangu ing kauripan samangkih. Kasedyanipun Serat Bratasunu dipunrancang supados saget paring tuntunan piwulang becik kagem tiyang anom utawi anak. Surasanipun tuntunan menika saged dipun ginakaken wonten kagesanganipun ing donya. Inggih menika, tetembangan ingkang dipuntembangaken saget dipunsurasani saking satunggal gatra, lan samangkih saget dipunemut lan saget gumathok ing lathi. Ing samangkih serat menika saged kagem tuntunan ingkang becik dhateng putra. Serat menika samangkih saget kagem tuntunan ngarurip ingkang dipun piwulangaken marang anak. Saengga kedah mangertosi struktur serat Bratasunu. Panaliten menika ngginakaken pendekatan struktural teori tata sastra saking Todorov ingkang anggadhahi tiga tingkat aspek, inggih menika aspek sintaksis, aspek semantik, lan aspek verbal. Ancasipun panaliten menika ambabaraken struktur lan suraosipun piwulang saking Serat Bratasunu. Metodhenipun inggih menika metodhe deskriptif kualitatif. Pamundutan datanipun kanthi cara maos lan nyerat, inggih menika maos kanthi heuristik (maos ingkang dipunwangsuli) lan hermeneutik (pamaosan ingkang dipunwangsuli lan dipunserat kagem pangenget). Asilipun, Serat Bratasunu menika ngemot pitutur-pitutur tiyang sepuh marang putranipun kagem sangu ing kauripan samangkih. Salajengipun, aspek sintaksis wonten 48 runtutanipun kadadean ingkang awujud urutan spasial. Aspek semantik samenika, wontening pratandha utawi pasemon ingkang anggambaraken makna saking pratandha Gusti Ingkang Murbeng Dumadi ing ngalam jagad lan panca indra saking kanugrahaning Gusti. Inggih menika, paningal, talingan, lathi, grana ingkang dipunsurasani paningal, pangrungu, pangambu, lan pangucap ingkang nglambangaken nepsu manungsa, ingkang kawiwitanipun saking laku becik utawi kirang prayogi. In presentia, 13 surasanipun ingkang katingal wonten teks. In absentia, kawiwitan saking gangsal piwulang ingkang saged dipunginakaken ing jaman samenika. (1) Panembah, pitados ingkang mangertosi sejatosipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos menika manggen wonten ing salebetipun manah. (2) Pituturipun pepunden, tuntunan ingkang dipunpiwulangaken saged dados patuladhan ingkang becik lan angsal mangpangatipun dhateng agesang. Awit tuntunan samenika saged nglambangaken paesanipun ngaurip. (3) Setya tuhu dhateng tiyang sepuh, kagem putra menika kedah nindakaken sadaya pituturipun ingkang sampun dipuntinitahaken supados dipunayahi kanthi becik. (4) Katresnanipun tiyang estri ingkang tuhu dhateng garwanipun, menika dipunpiwulangaken marang putra setri ingkang sampun ginarwa supados setya lan tuhu dhateng garwanipun. Lan ingkang kaping (5) Idi palilah, inggih menika tuntunan ingkang utami saking sadaya pitutur. Kawiwitan saking narima ing manah kanthi tulusipun batin, saged dadosaken sadaya prakawis dipunayahi kanthi prayogi. Lan aspek verbalipun, wonten modus, kala, lan purusa kaping katiga ingkang sarwi mangertos.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: Struktur; Piwulang, Serat Bratasunu
Subjects: P Language and Literature > PI Oriental languages and literatures > PI1 Indonesia > Javanese Language and Literature
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa (S1)
Depositing User: TUKP unnes
Date Deposited: 08 Jul 2022 02:17
Last Modified: 08 Jul 2022 02:17
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/50087

Actions (login required)

View Item View Item