PENGEMBANGAN MEDIA AUDIO VISUAL CERITA RAMAYANA (RESI JATAYU) UNTUK SISWA KELAS VIII SMPN 4 UNGARAN


Evawani Alisa, 2601414043 (2021) PENGEMBANGAN MEDIA AUDIO VISUAL CERITA RAMAYANA (RESI JATAYU) UNTUK SISWA KELAS VIII SMPN 4 UNGARAN. Under Graduates thesis, Universitas Negeri Semarang.

[thumbnail of 2601414043 - Evawani Alisa.pdf] PDF - Published Version
Restricted to Repository staff only

Download (1MB) | Request a copy

Abstract

Kompetensi Dasar ingkang wonten ing piwulangan Basa Jawa ingkang kedah dipunlampahi dening siswa kelas VIII SMP inggih menika 4.1 Menanggapi isi teks cerita Ramayana (Resi Jatayu) dengan ragam krama. Kompetensi menika dhawuhi siswa supados saged paring tanggepan babagan cariyos Ramayana (Resi Jatayu). Ananging media ingkang saged damel siswa gampil kangge nyinaoni babagan kasebut tasih awis. Adhedhasar ukara menika, ancasipun panaliten inggih menika njlentrehaken kabutuhan siswa kaliyan guru tumrap media piwulangan mahami wosing cariyos Ramayana (Resi Jatayu), njlentrehaken asil prototipe media piwulangan cariyos Ramayana (Resi Jatayu), lan njlentrehakenken asil validasi prototipe media piwulangan cariyos Ramayana (Resi Jatayu). Panaliten menika ngginakaken metode Research and Development (R&D). Prosedur panaliten ingkang dipunginakaken inggih menika, (1) potensi dan masalah, (2) pengumpulan data, (3) desain prosuk, (4) validasi desain, lan (5) revisi desain. Subjek paniliten inggih menika siswa kelas VIII SMPN 4 Ungaran. Instrumen paniliten inggih menika, (1) lembar observasi,(2) pedoman wawancara,(3) dokumentasi,(4) angket kebutuhan media, lan (5) angket uji ahli. Analisis data ingkang dipunginakaken ing panaliten menika deskriptif kualitatif. Asil saking panaliten inggih menika media audio visual cariyos Ramayana (Resi Jatayu) arupi animasi 2D ingkang saged dipunginakaken kangge mewahi karep lan kawigatosan siswa tumrap piwulangan cariyos Ramayana (Resi Jatayu), sasamapunipun media kasebat dados, lajeng dipunujikaken dhateng ahli. Saking asil validasi ahli kasebat lajeng dipundandosi miturut saran saking ahli. Saran ingkang saged dipunaturaken miturut asil paniliten inggih menika media audio visual cariyos Ramayana (Resi Jatayu) kangge siswa kelas VIII SMPN 4 Ungaran saged dipunginakaken referensi guru kangge media piwulangan

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: media piwulangan, audio visual, cariyos Ramayana (Resi Jatayu)
Subjects: L Education > L Education (General) > Development of Learning Media
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa (S1)
Depositing User: TUKP unnes
Date Deposited: 05 Jul 2022 04:06
Last Modified: 05 Jul 2022 04:06
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/50040

Actions (login required)

View Item View Item