Mitos cerita Syekh Jambukarang di Kabupaten Purbalingga


Afrianti Nur Khasanah, 2009 (2009) Mitos cerita Syekh Jambukarang di Kabupaten Purbalingga. Under Graduates thesis, Universitas Negeri Semarang.

[thumbnail of Mitos cerita Syekh Jambukarang di Kabupaten Purbalingga]
Preview
PDF (Mitos cerita Syekh Jambukarang di Kabupaten Purbalingga) - Published Version
Download (21kB) | Preview

Abstract

Khasanah, Afrianti Nur. 2009. Mitos cerita Syekh Jambukarang di Kabupaten Purbalingga. Skripsi. Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Semarang, Pembimbing I: Drs. Sukadaryanto, M.Hum. Pembimbing II: Yusro Edy N, S.S, M.Hum. Tembung panyigeg: Struktur, mitos, dan fungsi Syekh Jambukarang Mitos cerita syekh Jambukarang kang awujud tuturan apadene sing wis tinulis mujudake mitos sing isih dipercaya dening masyarakat Purbalingga. Gingsire crita Syekh Jambukarang sing awujud lisan lan tulisan bakal ngowahi wosing crita sarana nambahi apadene ngelongi isi crita. Adhedasar observasi awal, ditemokake sawetara versi crita Syekh Jambukarang sing esih ngrembaka ing tlatah Purbalingga. Maneka warnane mitos crita Syekh Jambukarang mau sing ndadekake mitos crita iki mirunggan kanggo diteliti. Babagan sing diudi ing skripsi iki yaiku 1) kepriye struktur crita Syekh Jambukarang sing ana ing Purbalingga, 2) kepriye fungsi crita sing dienggo ngukuhake tokoh Syekh Jambukarang? Ancase panaliten iki yaiku: 1) mangerteni crita Syekh Jambukarang sing ana ing Purbalingga, 2) mangerteni fungsi crita sing dienggo ngukuhake tokoh Syekh Jambukarang. Teori sing dienggo ing panaliten iki arupa teori struktural model Levi-Strauss. Data panalitian iki dijupuk saka saperangan mitos crita Syekh Jambukarang sing ana ing petang sumber, wujud tulisan apa dene tuturan. Saka asile panaliten iki bisa dimangerteni menawa versi mitos crita Syekh Jambukarang ana patang versi. Saben crita Syekh Jambukarang kasebut dikaji struktur ceritane kanthi migunakaken teori strukturalisme Levi-Strauss, banjur digoleki babagan sing padha lan sing beda ing ceriteme sarta oposisine. Kanthi unit-unit naratif, mitos kasebut bisa didadekake minangka sawijining rekonstruksi crita kang ngasilake sangang unit naratif, telung episodhe. Fungsi mitos crita Syekh Jambukarang dianalisis migunakake teori saka Umar Junus banjur ngasilake patang fungsi, yaiku a) larangan utawa pepali sajeroning mitos, yaiku yen ana wong sing nerak pepali bakal katekan bebendu marang sapa bae kang nerak, b) tatanan urip ing masyarakat, yaiku masyarakat tansah paring pakurmatan dhateng makam syekh Jambukarang kanthi laku ziarah, c) tuladha kanggo panguwasa kang nglakokake tata praja sing awujud kerajaan, lan d) sesambungan karo masyarakat kususe babagan supranatural kang arupa mula bukane jeneng sawijining wewengkon. Kajian mitos crita Syekh Jambukarang ing laladan Purbalingga iki muga-muga bisa migunani kanggo ngrembakakake ilmu sastra, mligine ing babagan crita rakyat luwih kusus maneh ana ing patrapan kajian mitos, lan pamarentah Kabupaten Purbalingga sayogyane nglestarikake, amarga crita Syekh Jambukarang kalebu sawijining budaya kang luhur.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: Struktur, mitos, dan fungsi Syekh Jambukarang
Subjects: P Language and Literature > PL Languages and literatures of Eastern Asia, Africa, Oceania
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Sastra Jawa (S1)
Depositing User: Hapsoro Adi Perpus
Date Deposited: 28 Sep 2011 04:14
Last Modified: 28 Sep 2011 04:14
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/4844

Actions (login required)

View Item View Item