PENGEMBANGAN BUKU PENGAYAAN MENULIS DIALOG BAHASA JAWA KRAMA BERBASIS PENDIDIKAN KARAKTER UNTUK SISWA SMP KELAS VIII DI KABUPATEN BANYUMAS


Afriyan Yeyen Astriyani , 2601414004 (2019) PENGEMBANGAN BUKU PENGAYAAN MENULIS DIALOG BAHASA JAWA KRAMA BERBASIS PENDIDIKAN KARAKTER UNTUK SISWA SMP KELAS VIII DI KABUPATEN BANYUMAS. Under Graduates thesis, UNNES.

[thumbnail of PENGEMBANGAN BUKU PENGAYAAN MENULIS DIALOG BAHASA JAWA KRAMA BERBASIS PENDIDIKAN KARAKTER UNTUK SISWA SMP KELAS VIII DI KABUPATEN BANYUMAS ]
Preview
PDF (PENGEMBANGAN BUKU PENGAYAAN MENULIS DIALOG BAHASA JAWA KRAMA BERBASIS PENDIDIKAN KARAKTER UNTUK SISWA SMP KELAS VIII DI KABUPATEN BANYUMAS ) - Published Version
Download (650kB) | Preview

Abstract

Piwucalan basa Jawi ngamot warni-warni kompetensi dhasar salah setunggalipun nyerat pacelathon basa Jawi ragam krama kangge siswa kelas VIII SMP wonten Kabupaten Banyumas. Keterampilan nyerat pacelathon basa Jawi ragam krama saged kecandhak mawi piwucalan ingkang trep lan wontenipun factor pendhukung kadosta buku pengayaan nyerat dhialog basa Jawi ragam krama. Paktanipun bahan ajar ingkang gegayutan kaliyan kompetensi dhasar menika taksih kirang sahengga prelu wontenipun pengembangan bahan ajar arupi buku pengayaan nyerat pacelathon basa Jawi ragam krama adhedhasar pendhidhikan karakter. Perkawis ingkang dipunkaji wonten panaliten menika trep kaliyan ancasipun panalitiyan inggih menika babagan, (1) analisis kebutuhan, (2) prototipe buku pengayaan, (3) validasi prototipe buku pengayaan, kaliyan (4) asil pungkasan saking buku pengayaan nyerat pacelathon basa Jawi ragam krama adhedhasar pendhidhikan karakter kangge siswa kelas VIII SMP wonten Kabupaten Banyumas. Panaliten menika migunakaken pendekatan pengembangan (Risearch and Development). Prosedur panaliten kaperang dados sekawan, inggih menika analisis kebutuhan, ngrancang draf prototipe , validasi prototipe, lan revisi prototipe. Data kebutuhan dipunasilaken saking wawancara guru kaliyan angket kebutuhan siswa. Asil saking analisis kebutuhan, responden milih irah-irahan buku “Pacelathon Panginyongan” ingkang ngamot pendhidhikan karakter. Ukuran buku kados buku tulis supados gamping dipunbekta. Buku pengayaan nggadhahi ilustrasi kaliyan pewarnaan ingkang menarik. Asil uji validasi saking ahli media kaliyan ahli materi taksih wonten ingkang dereng sesuwai wonten bab baground, font ingkang dipunangge, lan sanesipun. Asil validasi dados acuan kangge ndamel asil akhir buku pengayaan. Panyaruwe saking asil panaliten inggih menika mugi-mugi buku menika saged dados referensi piwulangan kangge guru, siswa, kaliyan sinten mawon ingkang maos. Nilai pendhidhikan karakter wonten saben cariyos saged dados piwulangan ingkang sae kangge pamaos.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: Buku pengayaan, Nyerat dialog, pendhidhikan karakter
Subjects: P Language and Literature > PI Oriental languages and literatures > PI1 Indonesia > Javanese Language and Literature
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa (S1)
Depositing User: indah tri pujiati
Date Deposited: 26 Mar 2020 14:11
Last Modified: 26 Mar 2020 14:11
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/35336

Actions (login required)

View Item View Item