GAYA BAHASA DALAM CERBUNG CINTRONG TRAJU PAPAT KARYA SUPARTO BRATA


Rina Septiana , 2102405523 (2009) GAYA BAHASA DALAM CERBUNG CINTRONG TRAJU PAPAT KARYA SUPARTO BRATA. Under Graduates thesis, Universitas Negeri Semarang.

[thumbnail of GAYA BAHASA DALAM CERBUNG CINTRONG TRAJU PAPAT KARYA SUPARTO BRATA]
Preview
PDF (GAYA BAHASA DALAM CERBUNG CINTRONG TRAJU PAPAT KARYA SUPARTO BRATA) - Published Version
Download (554kB) | Preview

Abstract

Karya sastra yaiku ciptaan pengarang kang dikasilake lewat imajinasi lan kreasine sing bisa ngasilake rasa seneng, sedhih, nesu, kagum, lan narik ati sing maca. Pengarang nggunakake basa kanggo gagasan lan imajinasine sajroing nyiptakake karya sastra. Saben pengarang nduweni gaya basane dhewe-dhewe. Mangkono uga ing cerbung Cintrong Traju Papat karya Suparto Brata. Gaya basa sing digunakake pengarang ing cerbung kasebut menarik lan bervariasi. Permasalahan ing skripsi iki yaiku kepriye gaya basa cerbung Cintrong Traju Papat karya Suparto Brata kang nyakup kategori leksikal, kategori gramatikal, bahasa figuratif, uga konteks lan kohesi. Mula, tujuan penelitian iki yaiku ngungkap gaya basa sing digunakake ing cerbung Cintrong Traju Papat karya Suparto Brata nyakup kategori leksikal, kategori gramatikal, bahasa figuratif, uga konteks lan kohesi. Pendekatan kang digunakake ing penelitian iki yaiku pendekatan stilistika, kang bertolak saka asumsi yen basa nduweni tugas lan peranan kang wigati tumrap anane karya sastra. Pendekatan iki ngaji masalah kategori leksikal, kategori gramatikal, bahasa figuratif uga konteks lan kohesi. Penelitian iki nggunakake metode analisi sintesis. Data entuk saka cerbung Cintrong Traju Papat karya Suparto Brata sing arupa tembung utawa ukara kang kalebu kategori leksikal, kategori gramatikal, bahasa figuratif uga konteks lan kohesi. Kategori leksikal arupa tembung aran, tembung sifat, tembung kriya, tembung keterangan, tembung camboran, tembung rangkep, lan tembung asing. Tembung aran arupa tembung aran konkret, tembung aran abstrak, nomina insani, dan nomina noninsani. Tembung sifat digunakake kanggo nunjukake tembung aran sukma utawa tembung aran tansukma. Tembung kriya sing digunakake arupa tembung kriya tanduk, tembung kriya tanggap, kriya tanduk mawa lesan, lan kriya tanduk tanpa lesan. Tembung katrangan digunakake kanggo menehi katrangan marang tembung liya. Tembung camboran, tembung rangkep, lan tembung asing digunakake kanggo gawe ukara luwih endah lan uga kanggo gawe ukara supaya ora monoton saengga luwih variasi. Kategori gramatikal arupa klasifikasi kalimat, jenis frase lan jenis klausa. Klasifikasi ukara dibedakake antara liya adhedasar cacahe klausa, adhedasar struktur klausa, adhedasar kategori predikate, adhedasar amanat wacanane, lan adhedasar perwujudan kalimate. Klasifikasi ukara adhedasar cacahe klausa arupa ukara lamba lan ukara camboran. Klasifikasi ukara adhedasar struktur ukara arupa ukara susun biasa lan ukara susun balik utawa inversi. Klasifikasi ukara adhedasar kategori predikat arupa ukara nominal, pronominal, verbal, adjektival, adverbial, numeral, lan preposisional. Klasifikasi ukara adhedasar amanat wacana arupa ukara carita, ukara pitakon, lan ukara pakon. Klasifikasi ukara adhedasar perwujudan ukara arupa ukara langsung lan ix ukara ora langsung. Jenis frase dibedakake dadi frase eksosentrik, frase endosentrik, frase koordinatif, dan frase apositif. Dene jenis klausa dibedakake adhedasar strukture lan adhedasar kategori segmental kang dadi predikate. Jenis klausa adhedasar strukture arupa klausa bebas lan terikat, dene jenis klausa adhedasar kategori segmental kang dadi predikate arupa klausa verbal, klausa nominal, klusa adjektival, klausa adverbial, lan klausa preposisional. Bahasa figuratif sing dimunculkake yaiku pemajasan lan skema fonologis. Pemajasan ngliputi simile lan metonimia. Simile digunakake pengarang kanggo mbandingake, dene metonimia digunake kanggo nyatakake sawijining hal nggunakake tembung. Pemajasan bisa menehi kesegaren urip lan nambah keindahan karya sastra. Skema fonologis arupa gaya bunyi minangka sarana pembangun keindahan karya sastra. Konteks lan kohesi dimuncule kanggo mangerteni gegayutan antara bagian ukara sing siji karo sing liya utawa ukara sing siji karo sing liya. Sakliyane iku uga digunakake kanggo luwih njelasake maksud. Adhedasar temuan kasebut, saran sing diwenehake dening penulis yaiku diharapke ing penelitian gaya basa cerbung Cintrong Traju Papat karya Suparto Brata sabanjure supaya neliti saka segi penggunaan basa ngoko lan krama. Diharapke masyarakat luas bisa luwih tresna lan nikmati sastra minangka salah sawijining dalan apresiasi tumrap para sastrawan. Diharapke uga supaya potensi basa sing ana ing cerbung Cintrong Traju Papat karya Suparto Brata bisa dimanfaatke minangka bahan ajar ing sekolah.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: Gaya bahasa, Cintrong Traju Papat.
Subjects: P Language and Literature > P Philology. Linguistics
P Language and Literature > PQ Romance literatures
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa (S1)
Depositing User: Users 98 not found.
Date Deposited: 10 May 2011 01:14
Last Modified: 25 Apr 2015 04:46
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/2317

Actions (login required)

View Item View Item