NASKAH TEMBUNG KRATON, INGKANG KANGGE PARA NATA JAMAN KINA DUMUGI SAPUNIKA DALAM KAJIAN FILOLOGIS


Heny Nurul Hidayah, 2611410009 (2015) NASKAH TEMBUNG KRATON, INGKANG KANGGE PARA NATA JAMAN KINA DUMUGI SAPUNIKA DALAM KAJIAN FILOLOGIS. Under Graduates thesis, UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG.

[thumbnail of 2611410009-s.pdf]
Preview
PDF - Published Version
Download (9MB) | Preview

Abstract

Naskah iku warisane leluhur sing nyimpen kawruh ing jaman kepungkur. Salah sijine naskah kang ana ing Indonesia yaiku naskah Tembung Kraton, ingkang kangge para Nata jaman kina dumugi sapunika (TK). Isine naskah TK yaiku tembung-tembung sing digunakake ing kraton lan bebrayan akeh kang durung ngerti. Teks TK ditulis nganggo aksara Jawa carik lan basane nganggo basa Jawa. Mulane perlu diteliti supaya bisa diwaca dening bebrayan agung. Masalahe panaliten iki yaiku ngaturake teks TK miturut kajian filologis. Adhedhasar masalah kasebut mau, tujuan panaliten iki yaiku ngaturake suntingan lan terjemahan naskah TK miturut kajian filologis. Dhata kang digunakake ing panaliten iki yaiku teks TK. Metodhe sing digunakake yaiku metodhe naskah tunggal. Terjemahan teks TK nganggo terjemahan bebas supaya bisa gampang dingerteni. Asil panaliten iki nunjukake yen naskah TK sumimpen ana ing perpustakaan Rekso Pustoko, Puro Mangkunagaran, Surakarta kanthi nomer naskah C 22. Kandele naskah TK ana 22 kaca, ukuran naskah 32 x 21 cm lan ukuran teks 26 x 14 cm. Isine naskah TK yaiku tembung kraton kang digunakake raja lan abdi dalem ing kraton. Panganggone tembung-tembung mau uga ana undha usuke. Uga ana tembung utawa bebasan ana ing kraton kang digunakake manawa guneman ing kraton. Tembung-tembung mau digunakake miturut golongane. Ing pungkasaning teks TK ana carita bab Sekar Wijaya Kusuma kang ana ing Karang Bandung. Dijlentrehake manawa para panggedhe utawa raja yen pengin sampurna kudu njupuk Sekar Wijaya Kusuma. Asil paniliten iki muga bisa dadi pathokan kanggo panaliten liyane, mligine kanggo panaliten linguistik kang nduweni sesambungan karo isine naskah TK. Uga bisa dadi piranti kanggo narik kasenengan paneliti-paneliti liya kanggo nyinaoni paninggalan-paninggalan saka wektu kepungkur, luwih-luwih naskah sing wis suwe utawa naskah klasik.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: Filologi, Tembung Kraton.
Subjects: L Education > L Education (General)
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Sastra Jawa (S1)
Depositing User: nur fatihah unnes
Date Deposited: 13 Nov 2015 20:17
Last Modified: 13 Nov 2015 20:17
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/22286

Actions (login required)

View Item View Item