UNSUR PEMBANGUN KUMPULAN NASKAH DRAMA GENG TOILET KARYA SOSIAWAN LEAK


Chandra Endrasmoro, 2611410007 (2015) UNSUR PEMBANGUN KUMPULAN NASKAH DRAMA GENG TOILET KARYA SOSIAWAN LEAK. Under Graduates thesis, UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG.

[thumbnail of 2611410007-s.pdf]
Preview
PDF - Published Version
Download (620kB) | Preview

Abstract

Naskah drama kalebu karya sastra kang ditulis lan duwe tujuan kanggo dipentasake. Naskah drama dhewe ora bisa ucul saka unsur-unsur pembangune. Unsur-unsur pembangun iki padha nyawiji lan gathuk saben unsure. Prakara ing panaliten iki yaiku: kepriye unsur pembangun cerita ing kumpulan naskah drama Geng Toilet anggitane Sosiawan Leak? Ancas panaliten iki yaiku: kanggo ndeskripsikake unsur pembangun kumpulan naskah drama Geng Toilet anggitane Sosiawan Leak. Panaliten iki migunakake teori struktural. Pendekatan penelitian iki nganggo pendekatan objektif. Sumber data ing skripsi iki yaiku kumpulan naskah drama Geng Toilet anggitane Sosiawan Leak. Teknik pengumpulan data sing digunakake yaiku teknik simak utawi maca (heuristik) dicatet, lan dianalisis (hermeneutik). Teknik kang digunakake kanggo nganalisis yaiku teknik analisis struktural. Panaliten iki ngasilake dudutan yaiku naskah naskah drama Demo Kaum Kewan duwe alur yaiku eksposisi, konflik awal, klimaks, peleraian lan penyelesaian. Konflik ing drama iki yaiku konflik sing dialami para kewan karo kewan lan kewan karo pemerintah. Seting tempat ing drama iki kadadean ing ibu kota. Tema drama iki sindiran sebab isine sindiran marang manungsa sing sering migunakake jeneng kewan kanggo jeneng sing ora apik. Naskah drama Geng Toilet duwe alur yaiku eksposisi, konflik awal, klimaks, peleraian lan penyelesaian. Konflik ing drama iki yaiku konflik karjo karo harto lan satrio karo sarjono. Drama iki duwe tema penipuan sebabe nyritakake komplotan geng sing ngapusi salah siji mahasiswa. Overdosis duwe alur yaiku pemaparan, konflik awal, klimaks, peleraian lan penyelesaian. Konflik sing ana ing drama iki yaiku konflik warga sing setuju karo warga sing ora setuju. Latar drama iki ana ing desa, jenenge Desa Dhemen Dhugem. Drama iki duwe tema bencana sebabe isi drama iki nyritakkake bencana alam sing dialami Desa Dhemen Dhugem. Ujian duwe alur yaiku: pemaparan, konflik awal, klimaks, peleraian lan penyelesaian. Konflik sing ana ing drama iki yaiku konflik guru karo guru, wong tuwa murid karo pihak sekolah lan konflik batin murid. Latare ana ing sekolah lan duwe tema pendidikan. Asiling paneliten kumpulan naskah drama Geng Toilet kaajap bisa didadekake tambahan nganggo referensi anyar ing bidang Bahasa lan Sastra Jawa, mligine nganggo kajian naskah drama. Bisa uga digunakake nganggo ningkatake pengetahuan babagan drama lan teks drama.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: unsur pembangun, kumpulan naskah drama Geng Toilet.
Subjects: L Education > L Education (General)
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Sastra Jawa (S1)
Depositing User: nur fatihah unnes
Date Deposited: 13 Nov 2015 20:09
Last Modified: 13 Nov 2015 20:09
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/22281

Actions (login required)

View Item View Item