STRUKTUR NOVEL PAK DJENGGOT TILAS HEIHO KARYA ANY ASMARA


M. Arief Wibowo, 2611410001 (2015) STRUKTUR NOVEL PAK DJENGGOT TILAS HEIHO KARYA ANY ASMARA. Under Graduates thesis, UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG.

[thumbnail of 2611410001-s.pdf]
Preview
PDF - Published Version
Download (674kB) | Preview

Abstract

Novel minangka salah sijine wujud karya sastra sing bisa nyebutake samubarang kalawan bebas, nampilake samubarang luwih akeh, nglibatake masalah sing luwih kompleks. Novel salah sijineng karya sastra sing nduweni nilai seni. Totalitas kabangun dening unsur-unsur intrinsik lan ekstrinsik. Analisis novel Pak Djenggot Tilas Heiho karya Any Asmara tujuane kanggo ndiskripsikake struktur pembangun novel Pak Djenggot Tilas Heiho karya Any Asmara. Teori sing digunakake yaiku teori struktural lan metodologi sing digunake yaiku maca karo seksama kanthi nemukake susunan strukturale. Objek penelitian sing dikaji yaiku unsur-unsur intrinsik yaiku alur, tokoh, latar dan tema. Sumber data ana ing penelitian iki yaiku asale saka novel Pak Djenggot Tilas Heiho karya Any Asmara. Teknik pengumpulan data nggunakake teknik simak utawi maca (heuristik) kacatet, lan dianalisis (hermeneutik). Teknik ingkang digunakake ana ing nganalisis penelitian iki yaiku gunake teknik analisis struktural. Asil penelitian iki nunjukake novel Pak Djenggot Tilas Heiho karya Any Asmara nduweni alur campuran sing critane kasusun secara kronologis. Tokoh utama ana ing novel iki yaiku Pak Amat Djenggot utawa bisa disebut uga Kartono. Hal kasebut dibuktikake karo intensitas muncule ana sekuen. Ana tokohtokoh tambahan yaiku Indarsih, Sulastri,Andrijani, Pak Mardanus , Bustam, Karmin dan Ponidjan. Cerita iki njupuk latar panggonan ingkang dominan ana ing omahe Pak Mardanus tepate ana ing daerah Jawa Barat. Latar waktu ana ing cerita iki kedadiane sawise perang dunia kapindho (PD II). Latar sosial ana ing cerita iki yaiku uripe masyarakat Jawa karo budaya Jawane sing kentel. Unsur-unsur intrinsik kasebut ana kaitane anggone nggawe wutuhing crita ingkang kaiket daning tema.Ananipun tema ingkang dadi dhasaring carita iki yaiku kasih sayang wong tuwa. Penelitian ana ing novel Pak Djenggot Tilas Heiho bisa digunakake minangka wulangan kanggo sing maca supaya nyoba lan pantang nyerah anggone apa sing di cita-citake. Penelitian iki bisa digunakake minangka referensi kanggo penelitian sakteruse kanggo ngupas luwih jero ana ing babagan unsur-unsur sastra sing ana ing novel iki.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: struktur, novel Pak Djenggot Tilas Heiho.
Subjects: L Education > L Education (General)
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Sastra Jawa (S1)
Depositing User: nur fatihah unnes
Date Deposited: 13 Nov 2015 18:27
Last Modified: 13 Nov 2015 18:27
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/22219

Actions (login required)

View Item View Item