KEEFEKTIFAN DESAIN PEMBELAJARAN SAINTIFIK TEKS NARASI BAHASA JAWA SMP NEGERI 30 SEMARANG


Az-Zahra „Egeng, 2601411068 (2015) KEEFEKTIFAN DESAIN PEMBELAJARAN SAINTIFIK TEKS NARASI BAHASA JAWA SMP NEGERI 30 SEMARANG. Under Graduates thesis, UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG.

[thumbnail of 2601411068-s.pdf]
Preview
PDF - Published Version
Download (1MB) | Preview

Abstract

Piwulangan basa Jawa iku ngutamakake sikap lan katrampilan (Kemdikbud, 2013). Mula, materiing teks narasi kudu ngetrapake pendhidhikan karakter, kayata paribasan. Kanthi sarana teks narasi, siswa nduweni sikap spiritual, sosial, kawruh, lan katrampilan basa Jawa. Sawise ngerteni wosing teks narasi, siswa nduweni katrampilan maca, nulis, micara, lan nulis aksara Jawa. Pendhidhik uga kudu nggawe desain pembelajaran sing nantang, nyenengake, menehi motivasi, inspirasi, lan bisa gawe siswa nglakokake katrampilan proses, saengga sikap siswa bisa katon sawise nemokake piwulang becik saka teks narasi. Salah siji carane yakuwi ngetrapake desain pembelajaran saintifik teks narasi basa Jawa. Kasunyatane, piwulangan basa Jawa ing SMP Negeri 30 Semarang isih migunakake pendekatan konvensional, saengga proses lan asil piwulangan siswa dadi kurang optimal. Kahanan kuwi kang ndadekake panaliti nglakokake panaliten ngenani penerapan pendekatan saintifik teks narasi basa Jawa ing SMP Negeri 30 Semarang. Ancas panaliten iki yakuwi kanggo mangerteni keefektifan pendekatan saintifik karo pendekatan konvensional materi teks narasi basa Jawa. Desain panaliten eksperimen iki yakuwi quasi experimental design awujud nonequivalent control group design. Populasi panaliten iki yakuwi kabeh siswa kelas VII SMP Negeri 30 Semarang sing gunggunge 256 siswa, saka 32 siswa kelas VII A nganti VII H. Teknik nemtokake sample dilakokake nganggo uji-t kelas eksperimen lan kelas kontrol adhedhasar biji sepisan materi teks narasi basa Jawa. Sampel panaliten iki yakuwi siswa kelas VII A (kelas kontrol) lan VII H (kelas eksperimen), sing ngasilake probabilitas0.247. Kelas eksperimen yakuwi kelas sing diwulang nganggo pendekatan saintifik, denekelas kontrol yakuwi kelas sing nggunakake pendekatan konvensional. Variabel terikat panaliten iki yakuwi proses lan asil piwulangan siswa ngenani teks narasi basa Jawa, dene variabel bebase yakuwi piwulangan nganggo pendekatan saintifik. Teknik pengumpulan data panaliten iki antarane observasi (guru, siswa, lan antar kanca), tes (tertulis lan perbuatan), sarta wawan rembug marang siswa. Instrumen panaliten iki ing antarane lembar penilaian proses (religius, disiplin, tanggung jawab, tepa slira, kerja sama, rukun, lan santun), lembar penilaian asil (tes rumpang, wangsulan singkat, nanggapi, ngringkes, ngalihake aksara Jawa, lan bermain peran), sarta pedoman wawan rembug (tanggepane siswa ngenani proses piwulangan saintifik, pemahaman materi, lan saran kanggo piwulangan). Mula saka kuwi, metode analisis data panaliten iki ing antarane deskripsi data (kualitatif lan kuantitatif), uji prasayarat analisis migunakake SPSS versi 20 (uji homogentitas), lan analsis akhir migunakake uji-t ing SPSS versi 20 kango nguji hipotesis.Panaliten iki nuduhake yen desain pembelajaran saintifik teks narasi basa Jawa SMP Negeri 30 Semarang efektif, yakuwi saka asil lan proses piwulangane. Katrampilan basa Jawa lan sikap siswa kelas eksperimen luwih apik saka kelas kontrol, kang dijlentrehake kaya mangkene. (1) Miturutasil itungan nilai t-6.997 lan probabilitase 0.000, mula ana beda sing signifikan antarane katrampilan basa Jawa siswa sing nampa pendekatan saintifik lan konvensional(2) Miturutasil itungan nilai t-4.444 lan probabilitase 0.000, mulasikap siswa sing nampa pendekatan saintifik luwih religius, dhisiplin, tanggung jawab, tepa slira, kerja sama, rukun, lan santun. (3) Pendekatan saintifik nyenengake lan ora gawe bosen saengga siswa gampang ngerteni materi piwulangan sarta ora kangelan melu piwulangan. Pendekatan saintifik isa ngraketake sesambungan antarane siswa marang kanca lan guru. Kajaba saka iku, siswa entuk kawruh ngenani paribasan, katrampilan basa Jawa, uga pendhidhikan karakter saka wosing teks narasi. Saka panaliten iki, panulis atur pamrayoga yakuwi (1) guru sayogyane ngetrapake desain pembelajaran saintifik ing piwulangan basa Jawa SMP Negeri 30 Semarang. (2) Guru sayogyane nyusun materi sing ngemot pendhidhikan karakter lan nggatekake indikator ing aspek sikap spiritual, sosial, kawruh, lan katrampilan. (3) Siswa kudu ngulinakake sing migunakake basa Jawa ragam krama kanthi lesan lan tertulis.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: desain pembelajaran, pendekatan saintifik, teks narasi
Subjects: L Education > L Education (General)
Q Science > QA Mathematics > QA76 Computer software
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa (S1)
Depositing User: nur fatihah unnes
Date Deposited: 13 Nov 2015 18:21
Last Modified: 13 Nov 2015 18:21
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/22215

Actions (login required)

View Item View Item