CERKAK BERMUATAN PENDIDIKAN KARAKTER TERBITAN MAJALAH PANJEBAR SEMANGAT EDISI TAHUN 2013 SEBAGAI PENUNJANG MATERI PEMBELAJARAN MEMBACA PEMAHAMAN KELAS X SMA


Yunita Asri Martani, 2601410043 (2015) CERKAK BERMUATAN PENDIDIKAN KARAKTER TERBITAN MAJALAH PANJEBAR SEMANGAT EDISI TAHUN 2013 SEBAGAI PENUNJANG MATERI PEMBELAJARAN MEMBACA PEMAHAMAN KELAS X SMA. Under Graduates thesis, UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG.

[thumbnail of 2601410043-s.pdf]
Preview
PDF - Published Version
Download (1MB) | Preview

Abstract

Cerkak sing ngemot nilai-nilai pendidikan karakter bisa digunakake kanggo bahan wacan penunjang materi piwulangan. Nilai-nilai pendidikan karakter mau bisa digunakake kanggo mbentuk kapribaden lan karakter siswa. Cerkak kang ngemot nilai-nilai pendidikan karakter akeh ditemokake ing sajroning majalah-majalah basa Jawa, salah sawijine ana ing majalah Panjebar Semangat. Adhedhasar karo sing wis kababar ing dhuwur, ditemokake rong perkara sing dirembug ing paneliten iki, yaiku kepiye wujud cerkak sing bisa didadekake bahan piwulangan maca pemahaman teks cerkak lan apa wae nilai-nilai pendidikan karakter sing kamot ing sajroning cerkak terbitan majalah Panjebar Semangat edisi taun 2013. Gegayutan karo rong perkara kasebut, banjur ancas saka panaliten iki yaiku kanggo njlentrehake bentuk cerkak kang bisa didadekake bahan piwulangan maca pemahaman teks cerkak lan kanggo ngandharake nilainilai pendidikan karakter sing ana sajroning cerkak terbitan majalah Panjebar Semangat edisi taun 2013. Panaliten iki minangka panaliten analaisis deskriptif kanthi pendekatan kualitatif. Dhata saka panaliten iki yaiku asil analisis nilai estetika lan cuplikan kang ngemot nilai-nilai pendidikan karakter ing teks cerkak majalah Panjebar Semangat edisi taun 2013. Sumber dhata kang digunakake ing panaliten iki yaiku cerkak kang cacahe ana 52 ing majalah Panjebar Semangat edisi taun 2013. Data ing panaliten iki diklumpukake kanthi cara dokumentasi, diwaca lan dicatet. Sawise data nglumpuk banjur dianalisis unsur intrinsike lan nilai-nilai pendidikan karaktere kanthi teknik analisis isi. Adhedhasar analisis sing wis kalaksanan, banjur diandharake kanthi metode formal lan informal. Gegayutan karo panaliten iki ditemokake bentuk cerkak kang bisa didadekake minangka bahan wacan penunjang materi piwulangan maca pemahaman kelas X. Ana kriteria estetika enem sing digunakake kanggo mbiji cerkak ing panaliten iki antarane temane sing asring kadadeyan utawa langka, allure kang agawe runtag, wusana prakara kang dirembug ing crita ora didugaduga, lakone heroik utawa simpatik, latare sing kebak pesona, lan gaya bahasane sing narik kawigaten. Ditemokake 3 urutan cerkak sing paling dhuwur lan paling sithik bijine adhedhasar biji estetikane. Cerkak sing kalebu ing telung urutan paling dhuwur yaiku „Ibu‟ anggitane Andini Pangastuti, „Sandiwara‟ anggitane Surya di WS, dan „Abang Bata‟ anggitane Tiwiek SA. Wondene cerkak singkalebu 3 urutan sing bijine paling sithik yaiku „Caleg‟ anggitane MM Bhoernomo, „Bunci Abab‟ anggitane Tiwiek SA dan „Kembang Kaswargan‟ anggitane Datiek Yuminarko. Kapilih 16 cerkak ing majalah Panjebar Semangat sing bisa didadekake bahan wacan piwulangan maca pemahaman kelas X SMA adhedhasar tema kang jumbuh karo kabutuhan siswa lan isi crita kang narik kawigaten. 16 judul cerkak kasebut ing antarane „Ibu‟, „Sang Juragan‟, „Angin Sore‟, „Oh....Lelakon‟, „Lumebu Dalan Padhang‟, „Talang‟, „Geguritan Kuwi‟, „Wikun Nampa Kabegjan‟, „Jagade Bocah‟, „Becak‟, „Dhalang Rajapati‟, „Pemilu ing Ngarep Kubur‟, „Kontraktor‟, „Nyaur Utang‟, „Caleg‟, dan „Kidung Guru Anyaran‟. Saka analisis 30 cerkak terbitan majalah Panjebar Semangat edisi taun 2013 ditemokake 21 nilai pendidikan karakter ing antarane nilai ketuhanan, nilai jujur, nilai hati-hati dan waspada, nilai rendah hati, nilai sabar, nilai tangggung jawab, nilai gigih, nilai guyub rukun/ rukun, nilai sopan santun, nilai tekun dan ulet, nilai ikhlas, nilai pemaaf, nilai tenggang rasa, nilai rela berkorban, nilai adil, nilai prihatin/ menahan diri, nilai setia/patuh, nilai optimis, nilai (cermat, tepat, cepat), nilai malu jika bersalah, lan nilai berjiwa ksatria. Saran sing bisa direkomendasikake dening panaliti yaiku cerkak terbitan majalah Panjebar Semangat edisi taun 2013 bisa didadekake kanggo bahan wacan penunjang materi piwulangan maca pemahaman kanggo siswa SMA. Pamilihan cerkak sing bener, apike ora mung adhedhasar nilai pendidikan karakter sing kamot ing sajroning cerkak ananging uga nggatekake biji estetikane. Asil saka panaliten iki bisa didadekake acuan kanggo panaliten sabanjure.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: Cerkak, pendidikan karakter , maca pemahaman, kelas X SMA
Subjects: L Education > L Education (General)
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa (S1)
Depositing User: nur fatihah unnes
Date Deposited: 13 Nov 2015 18:15
Last Modified: 13 Nov 2015 18:15
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/22209

Actions (login required)

View Item View Item