PENGEMBANGAN MEDIA POP-UP CERITA RAKYAT KOMPETENSI DASAR BERBICARA DI KELAS III SEKOLAH DASAR 02 BANGKLE


Ima Widyorini, 2601410037 (2015) PENGEMBANGAN MEDIA POP-UP CERITA RAKYAT KOMPETENSI DASAR BERBICARA DI KELAS III SEKOLAH DASAR 02 BANGKLE. Under Graduates thesis, UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG.

[thumbnail of 2601410037-s.pdf]
Preview
PDF - Published Version
Download (2MB) | Preview

Abstract

Piwulangan katrampilan micara ana ing SD kurang lumaku kanthi becik. Salah siji sing kurang yaiku media pembelajaran kang kurang maksimal. Awit saka iku, perlu dikembangake media pembelajaran sing bisa dadi akomodasi kanggo katrampilan siswa. Perkara kang diteliti ing yaiku (1) apa wae kabutuhane guru lan siswa SD 02 Bangkle ing Kabupaten Blora tumrap media pembelajaran katrampilan micara, (2) kepriye prototipe media pembelajaran katrampilan micara adhedasar validasi ahli. Kepriye validasi saking hasil pengembangan media Pop-Up katrampilan micara. Ancas saka panaliten iki yaiku kanggo gawe sawijine produk anyar arupa media pembelajaran katrampilan micara. Kanthi produk media pembelajaran anyar kang awujud buku iki, kaajab bisa luwih ngundhakake motivasi lan minat para siswa nalika sinau micara. Panaliten iki nggunakake dhasar metode penelitian dan pengembangan utawa Research and Development kang winates, yaiku kaperang dadi (1) analisis potensi dan masalah, (2) analisis kebutuhan, (3) desain produk, (4) validasi desain/uji ahli, lan (5) revisi desain. Data panaliten iki yaiku analisis kebutuhan guru lan siswa, data kuwi pikantuk saka siswa, guru lan ahli. Instrumen panaliten iki yaiku instrumen wawancara, angket kebutuhan guru dan siswa, uga angket uji ahli. Kanggo nglumpukake data, migunakake teknik wawancara lan angket. Kanggo medharake data, migunakake deskriptif kualitatif. Asil saka panaliten iki awujud media pop-up kang datane dijupuk saka analisis, yaiku analisis angket kebutuhan siswa lan guru uga asil saka validasi lan produk media pop-up. Adhedasar analisis angket kebutuhan siswa lan guru, pangembangan media pop-up ana ing katrampilan micara iki dibutuhake banget. Ananging, adhedasar asil validasi produk dening para ahli, isih nduweni kekurangan-kekurangan kang perlu didandani, yaiku naskah dialog aja dawadawa supaya murid luwih gampang anggone ngerteni materine lan bisa nambah inovasi. Saka asil panaliten iki bisa diaturake pamrayoga, yaiku (1) media pembelajaran iki bisa maedahi ora mung kanggo guru Bahasa Jawa, ananging uga guru Bahasa Indonesia utawa guru Bahasa Inggris, (2) media pembelajaran iki isih bisa disampurnakake dening panaliti liyane kanggo nguji keefektifan ana ingpiwulangan. Panaliten kasebut digunakake kanggo ndandani kualitas produk supaya dadi luwih apik.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: pengembangan, media, wayang pop-up, berbicara
Subjects: L Education > LB Theory and practice of education
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa (S1)
Depositing User: nur fatihah unnes
Date Deposited: 13 Nov 2015 18:08
Last Modified: 13 Nov 2015 18:08
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/22203

Actions (login required)

View Item View Item