PENGEMBANGAN MEDIA PEMBELAJARAN BERDIALOG BERBASIS FLASH UNTUK SISWA KELAS VII SMP NEGERI 1 BRANGSONG


Taufiqul Khoyr, 2601410002 (2014) PENGEMBANGAN MEDIA PEMBELAJARAN BERDIALOG BERBASIS FLASH UNTUK SISWA KELAS VII SMP NEGERI 1 BRANGSONG. Under Graduates thesis, UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG.

[thumbnail of 2601410002-s.pdf]
Preview
PDF - Published Version
Download (4MB) | Preview

Abstract

Memahami dialog inggih kalebet salah satunggaling kompetensi dasar wonten ing piwulangan basa Jawi. Siswa kedah saged tuntas anggenipun nglampahi piwucalan menika. Salah satunggaling bab ingkang wigatos wonten ing piwucalan inggih menika bab medhia. ingkang trep kaliyan kabetahan guru lan siswa. Limrahipun piwucalan dhialog ing kendal kalampahan boten migunakaken medhia ingkang trep, ananging kanthi mirengaken guru kemawon. Piwucalan kanthi cara ingkang kados mekaten ndadosaken siswa bosen. Pramila, prelu dipundamel medhia dhialog berbasis flash. Pirantos ingkang dipundamel kedah trep kaliyan kabetahan guru dan siswa. Adhedhasar andharan kasebat, undering panaliten inggih menika (1) kadospundi kabetahan guru lan siswa dhateng medhia dialog berbasis flash, (2) kadospundi anggenipun ngembangaken medhia dialog berbasis flash ingkang trep kaliyan kabetahan guru lan siswa. Ancasipun panaliten inggih menika (1) njlentrehaken kabetahan guru lan siswa marang medhia dhialog berbasis flash, (2) ngembangaken modhel medhia dialog berbasis flash ingkang trep kaliyan kabetahan guru lan siswa. Panaliten menika dipundamel kanthi Pendekatan Research & Development. Subjek panaliten inggih menika guru lan siswa. Data dipunkempalaken mawi wawanrembag kaliyan guru basa Jawi, dokumentasi, lan angket. Teknik analisis data nggunakaken tata cara deskriptif kualitatif. Guru lan siswa ing Kabupaten Kendal mbetahaken medhia dhialog awujud animasi flash. Asil panaliten menika nuduhaken bilih pasinaon mbetahaken medhia dhialog basa Jawi berbasis flash. Pramila dipunkembangaken medhia dhialog arupi animasi flash. Medhia menika njlentrehaken bab unggah-ungguh basa Jawi, video dhialog basa Jawi, ragam tembung ngoko, krama, krama inggil. Pirantos pasinaon menika dipunwadhahi ing CD. Pamrayogi saking panaliten inggih menika (1) panaliten menika prelu dipunlajengaken supados langkung sae, lan (2) prelu dipunkembangaken malih kagem njangkepi kekirangan saking medhia menika.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: PENGEMBANGAN MEDIA PEMBELAJARAN, BERBASIS FLASH
Subjects: L Education > L Education (General)
Q Science > QA Mathematics > QA76 Computer software
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa (S1)
Depositing User: nur fatihah unnes
Date Deposited: 13 Nov 2015 18:02
Last Modified: 13 Nov 2015 18:02
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/22194

Actions (login required)

View Item View Item