MEDIA AUDIO MUSIKALISASI SEBAGAI SARANA PEMBELAJARAN MEMBACA INDAH GEGURITAN PADA SISWA SMP


Unan Santosa, 2601409081 (2015) MEDIA AUDIO MUSIKALISASI SEBAGAI SARANA PEMBELAJARAN MEMBACA INDAH GEGURITAN PADA SISWA SMP. Under Graduates thesis, UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG.

[thumbnail of 2601409081-s.pdf]
Preview
PDF - Published Version
Download (947kB) | Preview

Abstract

Piwulangan geguritan ing aspek maca endah geguritan kurang diwulangake kanthi becik ing SMP, amarga kurange media kang nyengkuyung piwulangan maca endah geguritan iki iki. Mula saka iku, perlu dikembangake media pembelajaran kang efektif kanggo mbiyantu piwulangan maca endah geguritan. Adhedasar pratelan ing ndhuwur, perkara kang bisa didhudhah ing panaliten iki yaiku (1) kepiye kabutuhane guru lan siswa SMP tumrap media pembeelajaran ngenani geguritan kang mligine aspek maca endah geguritan, lan (2) kepiye media pembelajaran maca endah geguritan ing SMP. Ancas saka panaliten iki yaiku kanggo gawe sawijine produk anyar arupa media pembelajaran awujud rekaman (audio) musikalisasi kang mbiyantu piwulangan maca endah geguritan. Kanthi produk media pembelajaran anyar awujud audio musikalisasi iki, kaajab bisa luwih ngundhakake efektivitas piwulangan lan luwih nyenengake kanggone para siswa. Panaliten iki migunakake dhasar metode penelitian lan pengembangan utawa Research and Development kang winates, kaperang dadi (1) analisis potensi dan masalah, (2) analisis kebutuhan, (3) desain produk, (4) validasi desain/uji ahli, lan (5) revisi desain. Subjek panaliten iki yaiku guru cacahe 2 lan siswa cacahe 20 (saben sekolah 10 siswa) saka 2 sekolahan kang beda lan uga ahli cacahe loro. Instrumen panaliten iki yaiku instrument wawancara, angket kebutuhan guru dan siswa, sarta angket uji ahli. Kanggo nglumpukake data migunakake cara wawancara lan angket. Kanggo medhar data migunakake teknik analisis interaktif kang kaperang saka reduksi data, penyajian data, penarikan kesimpulan, lan verifikasi. Asile saka panaliten iki yaiku prototipe media pembelajaran kang ing njerone ana piwulangan maca endah geguritan.Prototipe media pembelajaran iku diwadhahi ana sajrone CD Audio kanthi samak kang mralambangake isine geguritan.Prototipe media pembelajaran maca endah geguritan kang diasilake arupa rekaman CD Audio awujud musikalisasi suwene kurang luwih 5 menit saben judule. Produk kang wis digawe iki banjur divalidasi dening ahli lan dosen media pembelajaran. Prototipe kang wis dadi iki isih nduweni kekurangankekurangan kang perlu didandani, kayata ing bageyan materi yaiku perlu nambahi judul geguritan, lan bageyan samak yaiku ngganti background supaya trep karo gambar samak. Ing bageyan isi sing perlu didandani yaiku ngganti intrumen piano kanthi intrumen gamelan, ndandani harmonisasi nada lan dinamika ing sakjone geguritan. sarto ndandadi artikulasine si penggurit.Saka asil panaliten iki bisa diaturake pamrayoga, yaiku (1) media pembelajaran iki kajaba kanggo piwulangan ing njero kelas, uga bisa digunakake ing sanjabane jam pamulangan. Kanthi cara kang mangkono, para wong tuwa bisa migunakake media pembelajaran iki kanggo mulangake Basa Jawa kanggo putra-putrine ing ndalem, (2) media pembelajaran iki isih bisa disampurnakake dening panaliti liyane kanthi wujudlan jenis kang beda, kanthi geguritan kang wis disampurnakake.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: media, musikalisasi, maca endah, geguritan
Subjects: L Education > L Education (General)
Q Science > QA Mathematics > QA76 Computer software
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa (S1)
Depositing User: nur fatihah unnes
Date Deposited: 13 Nov 2015 17:52
Last Modified: 13 Nov 2015 17:52
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/22193

Actions (login required)

View Item View Item