PEMAKAIAN BAHASA JAWA PADA SUKU BUGIS DALAM INTERAKSI DENGAN WARGA KARIMUNJAWA


Ludfia Alif Nurul Arista, 2601409021 (2015) PEMAKAIAN BAHASA JAWA PADA SUKU BUGIS DALAM INTERAKSI DENGAN WARGA KARIMUNJAWA. Under Graduates thesis, UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG.

[thumbnail of 2601409021-s.pdf]
Preview
PDF - Published Version
Download (1MB) | Preview

Abstract

Suku Bugis minangka suku sing ana ing Karimunjawa. Masarakat suku Bugis gelem manut lan ngowahi basane nadyan nganggo basa Jawa kang durung jangkep. Adhedhasar kadadeyan kasebut, suku Bugis nduweni basa sing beda saka basa liyane. Masarakat suku Bugis durung bisa micara nggunakake basa Jawa kanthi trep. Adhedhasar alesan kasebut, panaliten iki njlentrehake wujud lan ciri panganggone basa Jawa tumrap masyarakat suku Bugis nalika micara karo warga Karimunjawa. Panganggone basa kasebut minangka micarane masarakat suku Bugis tumrap warga Karimunjawa kang lagi pacelathon ing desa Kemujan, kecamatan Karimunjawa. Pendhekatan kang digunakake yaiku pendhekatan teoretis lan metodologis. Pendhekatan teoretis kang digunakake yaiku pendhekatan sosiolinguistik, dene pendhekatan metodologis kang digunakake yaiku deskriptif kualitatif. Papan panggonan kang dianggo panaliten yaiku ana ing desa Kemujan, kecamatan Karimunjawa, Kabupaten Jepara. Data ing panaliten iki diklumpukake nganggo teknik simak. Data dianalisis nganggo rong prosedur yaiku sanalika lan sabanjure data diklumpukake. Asil analisis data banjur dijlentrehna nganggo metodhe informal. Asil saka panaliten iki awujud (1) wujud panganggone basa Jawa kang wujude panganggone tunggal basa Jawa, campur kode basa yaiku campur kode basa Indonesia ing basa Jawa ragam ngoko lugu lan campur kode basa Bugis ing basa Jawa ragam ngoko lugu, alih kode basa yaiku alih kode basa Indonesia marang basa Jawa ragam ngoko lugu lan alih kode basa Bugis marang basa Jawa ragam ngoko lugu, (2) ciri panganggone basa Jawa masarakat suku Bugis nalika micara karo warga Karimunjawa kang pikantuk pengaruh basa Bugis. Tembung kang pikantuk pengaruh basa Bugis arupa tembung sesulih purusa (penyeluk), tembung wilangan, tembung kahanan, tembung kriya lan tembung aran nganggo panambang “-na”. Asil panaliten iki dikarepake bisa nambahi pamrayoga panaliten sabanjure sing ngudhar babagan faktor kang ngemu pengaruh tumrap wujud panganggone basa Bugis nalika micara karo warga Karimunjawa. Asil panaliten iki uga dikarepake bisa dadi acuan pengamat basa liyane yaiku babagan panganggone basa saka suku-suku liyane.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: pemakaian bahasa Jawa, suku Bugis, Karimunjawa
Subjects: L Education > L Education (General)
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa (S1)
Depositing User: nur fatihah unnes
Date Deposited: 13 Nov 2015 17:46
Last Modified: 13 Nov 2015 17:46
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/22189

Actions (login required)

View Item View Item