KARAKTER KESATRIA DALAM KETOPRAK SANG GAJAH MADA


Siti Umamatul Qutsiyah, 2601411109 (2015) KARAKTER KESATRIA DALAM KETOPRAK SANG GAJAH MADA. Under Graduates thesis, UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG.

[thumbnail of 2601411109-S.pdf]
Preview
PDF - Published Version
Download (722kB) | Preview

Abstract

Dewasa ini pendidikan karakter masih menjadi topik perbincangan nasional. Maraknya sifat tamak, culas, curang, dan menang sendiri menyebabkan kemerosotan moral bangsa. Perilaku egois dan cuek sudah tertanam dalam diri masyarakat termasuk remaja. Mengingat betapa sulit mencari sosok kesatria yang bisa dijadikan teladan bagi generasi penerus bangsa, peneliti tertarik untuk mengkaji karakter kesatria dalam ketoprak Sang Gajah Mada karena karakter Gajah Mada sesuai untuk menanamkan karakter pada generasi muda. Gajah Mada dipilih karena ia merupakan tokoh sejarah yang legendaris. Predikat penyaji terbaik serta pemain terbaik untuk pemeran Gajah Mada menjadikan lakon ini mempunyai nilai lebih dibandingkan garapan lakon yang lain. Karena itu masalah yang diangkat dalam penelitian ini adalah bagaimana deskripsi karakter kesatria dalam ketoprak Sang Gajah Mada dan bagaimana relasi tokoh Gajah Mada dengan tokoh lain. Penelitian ini menggunakan metode kualitatif deskriptif dengan pendekatan objektif. Sasaran penelitian adalah karakter kesatria dalam ketoprak Sang Gajah Mada. Data penelitian ini berupa teks dialog ketoprak Sang Gajah Mada. Data bersumber dari rekaman video dan naskah ketoprak Sang Gajah Mada. Data dianalisis dengan menggunakan metode karakterisari dalam telaah karya sastra, dengan teknik penceritaan langsung (telling) dan teknik penceritaan tidak langsung (showing) untuk mengungkap karakter tokoh Gajah Mada, serta struktur naratologi Greimas untuk mendeskripsikan relasi tokoh dengan tokoh lain. Melalui teknik penceritaan telling, diperoleh gambaran tokoh Gajah Mada sebagai tokoh yang gagah, tinggi, besar, bersuara lantang dan tangguh. Selain itu, ia memiliki sifat terpuji lainnya yang terungkap melalui teknik penceritaan showing, seperti bersikap sopan kepada siapa pun, menghormati guru dan orang yang lebih tua atau yang dituakan, perhatian, rendah hati, bijaksana dalam mengambil keputusan, pemberani, tangguh, bertanggung jawab dalam melaksanakan tugas, patuh, unggul, dan bertekad kuat untuk mewujudkan cita-cita atau impian. Berdasarkan hasil analisis relasi tokoh Gajah Mada dengan tokoh lain terdapat dua peristiwa dalam ketoprak Sang Gajah Mada yaitu peristiwa penyerangan ke sadeng dan peristiwa diangkatnya Gajah Mada menjadi patih. Berdasarkan analisis, terungkap adanya tokoh pro dan kontra yang masing-masing mempunyai kedudukan yang berbeda dalam tiap peristiwa. Adapun hasil analisis relasi tokoh Gajah Mada dengan tokoh lain yaitu Ratu Tribuwana Tungga Dewi (berkedudukan sebagai pengirim dalam peristiwa penyerangan Sadeng, dan sebagai penolong dalam peristiwa diangkatnya Gajah Mada menjadi patih), Patih Harya Tadah (berkedudukan sebagai pengirim dalam peristiwa diangkatnya Gajah Mada menjadi patih), Kasogatan Samenaka (berkedudukan sebagai penolong dalam peristiwa penyerangan Sadeng), Ra Banyak dan Ra Kembar (berkedudukan sebagai penghalang dalam peristiwa diangkatnya Gajah Mada menjadi patih, dan sebagai penolong dalam peristiwa penyerangan Sadeng), Adipati Sadeng (berkedudukan sebagai penghalang dalam peristiwa penyerangan Sadeng). Secara keseluruhan tokoh Gajah Mada adalah kesatria sejati. Hal tersebut terungkap berdasarkan ciri fisik dan sifat baik yang melekat dalam dirinya. Dengan sifat-sifatnya yang pemberani, bertanggung jawab, tangguh, bijaksana, dan rendah hati tokoh Gajah Mada berhasil mendapatkan objek yaitu menaklukkan Sadeng. Perjuangan dan sifat-sifat bela negara Gajah Mada dapat digunakan sebagai acuan dalam membangun moral generasi muda mengingat semakin krisisnya moral bangsa serta adanya budaya asing yang tidak sesuai dengan budaya di Indonesia khususnya budaya Jawa. Ketoprak Sang Gajah Mada juga dapat digunakan sebagai materi ajar bahasa Jawa sebagai salah satu alternatif materi pembelajaran apresiasi drama untuk siswa SMA. Mengingat banyak nilai moral yang disampaikan lewat cerita ini, siswa dapat memetik nilai pendidikan karakter dalam ketoprak Sang Gajah Mada sebagai dasar untuk berperilaku dalam kehidupan di masyarakat dan lingkungan sekitar. Pendidikan karakter nganthi saiki isih dadi pirembugan ing tataran nasional. Saya akehe sipat kemaruk, urik, licik lan pengin menange dhewe nyebabake kikise morale bangsa. Tindak-tanduk kang mung mikirake awake dhewe lan ora open wis rumasuk ing batine masyarakat, kelebu para mudha. Ngelingi saiki angel golek pawongan kang duwe sipat satriya sing bisa didadekake panutan, paneliti kesengsem miyak karakter satriya ing kethoprak “Sang Gajah Mada” jalaran Gajah Mada mujudake tokoh sejarah kang legendaris. Undering perkara ing panaliten iki yaiku kepiye deskripsi karakter satriya kang ana ing jroning kethoprak “Sang Gajah Mada”, lan kepiye relasi paraga Gajah Mada karo paraga liyane ing kethoprak “Sang Gajah Mada”. Panaliten iki nggunakake metode pendekatan kualitatif kanthi pendekatan objektif. Sasaran paneliti iki yaiku karakter satriya kang ana ing kethoprak “Sang Gajah Mada”. Data paneliti iki arupa teks wawanrembug kethoprak “Sang Gajah Mada”. Sumber data kang digunakake yaiku saka rekaman video lan naskah kethoprak “Sang Gajah Mada”. Data kaanalisis kanthi metode teknik penceritaan tidak langsung (showing) kanggo mbeber karaktere paraga Gajah Mada, sarta struktur naratologi Greimas kanggo ndeskripsikake relasi paraga Gajah Mada klawan paraga liyane. Lumantar teknik penceritaan telling, paraga Gajah Mada kagambarake minangka paraga kang gagah, dhuwur, gedhe, seru lan teges swarane, lan tanggon. Kajaba iku, dheweke uga duwe sipat apik liyane kang kababar lumantar teknik penceritaan showing kayata duwe sipat sopan marang sapa wae, ngormati guru lan pawongan kang luwih tuwa utawa kang dituwakake, open, duwe sikap andhap asor, wicaksana nalika gawe putusan, wani, tanggon, tanggel jawab nalika ngayahi gaweyan, patuh, pinunjul, lan duwe tekad kenceng kanggo mujudake pangangen-angen. Miturut asile analisis relasi paraga Gajah Mada klawan paraga liyane ana rong prastawa ing kethoprak “Sang Gajah Mada” yaiku prastawa panyerangan ing Sadeng lan prastawa kaangkate Gajah Mada dadi patih ing Majapahit. Miturut analisis, ditemokake anane paraga pro lan kontra kang duwe kalungguhan beda-beda ing saben prastawane. Wondene asile analisis relasi paraga Gajah Mada karo paraga liyane yaiku Ratu Tribuwana Tungga Dewi (minangka pengirim ing prastawa panyerangan Sadeng lan minangka penolong ing prastawa kaangkate Gajah Mada dadi patih), Patih Harya Tadah (minangka pengirim ing prastawa kaangkate Gajah Mada dadi patih), Kasogatan Samenaka (minangka penolong ing prastawa panyerangan Sadeng), Ra Banyak lan Ra Kembar (minangka penghalang ing prastawa kaangkate Gajah Mada dadi patih lan minangka penolong ing prastawa panyerangan Sadeng), Adipati Sadeng (minangka penghalang ing prastawa panyerangan Sadeng). Saka sakabehe gambaran mau, tetela Gajah Mada yaiku satriya pinandhita. Perkara kasebut kababar sarana ciri fisik lan sipat apik kang tumemplek ing awake. Kanthi sipat-sipate kang wani, tanggel jawab, wicaksana, lan andhap asor, paraga Gajah Mada kasil ngentukake objek yaiku bisa ngalahake Sadeng. Perjuwangan lan sipat-sipat mbela negara Gajah Mada bisa digunakake kanggo mbangun moral para mudha. Ngelingi saya lunture moral bangsa sarta mlebune budhaya manca kang ora trep klawan budaya kang ana ing Indonesia khususe budhaya Jawa. Kethoprak “Sang Gajah Mada” uga bisa digunakake guru mata pelajaran bahasa Jawa minangka materi pembelajaran apresiasi drama kanggo siswa SMA. Kanthi akehe nilai moral kang kababar ing lakon iki, siswa bisa metik nilai pendidikan karakter ing kethoprak “Sang Gajah Mada”.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: Karakter, Kesatria, Ketoprak Sang Gajah Mada. Karakter, Kesatria, Ketoprak Sang Gajah Mada.
Subjects: P Language and Literature > PN Literature (General) > PN0441 Literary History
P Language and Literature > PN Literature (General) > PN2000 Dramatic representation. The Theater
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa (S1)
Depositing User: muhamad slamet unnes
Date Deposited: 13 Nov 2015 12:09
Last Modified: 13 Nov 2015 12:09
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/22126

Actions (login required)

View Item View Item