KONFLIK DALAM NOVEL SRI KUNING KARYA R. HARDJOWIROGO


Dariyah, 2611409016 (2013) KONFLIK DALAM NOVEL SRI KUNING KARYA R. HARDJOWIROGO. Under Graduates thesis, Universitas Negeri Semarang.

[thumbnail of KONFLIK DALAM NOVEL SRI KUNING KARYA R. HARDJOWIROGO]
Preview
PDF (KONFLIK DALAM NOVEL SRI KUNING KARYA R. HARDJOWIROGO)
Download (739kB) | Preview

Abstract

Novel Sri Kuning anggitane R. Hardjowirogo yaiku novel kang nyritakake wong wadon kang nandhang kasangsaran arane Sri Kuning, dheweke ngalami prakara urip, merga Bapake Njodhokake dheweke karo wong lanang kang ora ditresnani. Ing novel iki ditemokake konflik-konflik antarane tokoh, awujud konflik internal (kajiwan) lan eksternal, konflik-konflik iku dumadi merga ana pasulayan ing batin utawa jiwane tokoh, utawa pasulayan kang dumadi karo tokoh liyane. Konflik internallan eksternal ing novel iki dijalari dening sawetara faktor kang dadikake konflik, tokoh-tokoh ing jerone uga anduweni strategi kanggo ngadhepi konflik kang dumadi. Konflik ing novel iki ditemokake saka alur crita (plot), alur digunakake kanggo nemokake crita utawa prastawa-prastawa kang ana gegayutane karo konflik internal lan eksternal sajeroning novel Sri Kuning. Underaning perkara panaliten iki yaiku : (1) Kepriye wujud konflik sajeroning novel Sri Kuninganggitane R. Hardjowirogo, (2) Faktor apa wae kang anjalari konfliksajeroning novel Sri Kuning anggitane R. Hardjowirogo, (3) Kepriye strategi tokoh kanggo ngadhepi konflik sajeroning novel Sri Kuning anggitane R. Hardjowirogo. Ancas panaliten iki yaiku ngungkap wujud-wujud konflik, faktor kang anjalari konflik lan strategi tokoh kanggo ngadhepi konflik ing novel Sri Kuning anggitane R. Hardjowirogo. Teori kang dianggo yaiku teori konflik, lan dikrenteg saka teori alur (plot) kanggo nemokake prastawa-prastawa kang ana gegayutane karo konflik, prastawa iku ditemokake kanthi nemtokake tatanan sekuen supaya ditemokake konflik internal lan eksternal, faktor kang anjalari konflik, sarta strategi tokoh kanggo ngadhepi konflik ing jerone. Pendekatan iki migunakake pendekatan objektif. Metode kang digunakake yaiku metode analisis struktural. Asil analisis saka panaliten iki yaiku :Kapisan, wujud-wujud konflik kang awujud konflik internal (kajiwan) lan eksternal. Ana 10 konflik internal kang ditemokake saka prastawa ing novel iki, antarane tokoh Surasentika bingung milih jodho kanggo Sri Kuning, Sri Kuning dijodhokake karo Subagja, Sri Kuning nampik dijodhokake, Sudjana sedhih ngrungu Sri Kuning dijodhokake, Tjakarja kuciwa lan ngrasa dianggo dolanan merga jejodhoan antarane Sri Kuning lan Subagja dipedhot nganggo cara sepihak dening Surasentika, Sri Kuning dijodhokake karo Bndara Djuru, Sri Kuning sedhih ngrungu bab kang nyata yen dheweke dudu anak asli saka Surasentika. Ana 9 konflik eksternal ing novel iki kang ditemokake saka prastawa, Surasentika dikabarake ngingu setan dening masyarakat Desa Kuwaron, Sudjana lan Subagja kesangkut pepadon lan tukaran merga Sudjana duwe karep nylametake Sri Kuning saka Subagja, Sudjanatukaran karo Subagja lan Pak Thiwul, Mas Djeng Jumuwah ngendheg Pak Thiwul kang lagi ngamuk, Sri Kuning kesangkut pepadon karo Subagja, Sri Kuning sulaya karo wongtuane merga nampik dijodhokake, Sudjana didakwa misakit Subagja lan Pak Thiwul, Sudjana lan Raden Djuru tukaran merga Raden Djuru ndakwa Sudjana ndhelikake Sri Kuning. Kaping pindho, faktor kang anjalari konflik sajeroning novel iki akehakehe saka faktor pelapisan sosial, kang awujud faktor padunungan (status) lan faktor peran (role), faktor ikunyebabake faktor-faktor liya yaiku faktor kapenginan, kaweden, kuciwa sarta faktor tresna lan kasetyan kang anjalari konflik internal. Banjur faktor salah tampa, faktor emosi, faktor beda cara pandeng, lan faktor sikap kang anjalarikonflik eksternal. Kaping telu, tokoh ing novel ikiuga anduweni strategi kanggo ngadhepi konflik internal lan eksternal, antarane yaiku strategi Contending (tandhing), Yielding (ngalah), Problem solving (mecahakeprakara), Withdrawing, lan Inaction (meneng). Adhedhasar saka panaliten iki, disaranake kanggo panaliti liyane supaya bacutake panaliten iki migunakake kajian struktur naratif model Chatman, bab iku bisa katon saka ditemokake urutan sekuen kang nyritakake prastawa miturut tekstual, logis lan kronologis ing panaliten iki. Sarta bisa didadekake bahan referensi kanggo panaliten sateruse, khususe panaliten sastra kang ana gegayutane karo novel iki.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: Konflik, Strategi, Novel Sri Kuning.
Subjects: P Language and Literature > PI Oriental languages and literatures > PI1 Indonesia > Sastra
P Language and Literature > PI Oriental languages and literatures > PI1 Indonesia > Javanese Language and Literature
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa (S1)
Depositing User: Users 23382 not found.
Date Deposited: 05 May 2014 16:56
Last Modified: 05 May 2014 16:56
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/19738

Actions (login required)

View Item View Item