PENGEMBANGAN MATERI AJAR BERUPA BUKU KUMPULAN CERITA RAKYAT DI KABUPATEN BLORA


Nurlaili Miftakhuzzilvana, 2601409095 (2013) PENGEMBANGAN MATERI AJAR BERUPA BUKU KUMPULAN CERITA RAKYAT DI KABUPATEN BLORA. Under Graduates thesis, Universitas Negeri Semarang.

[thumbnail of PENGEMBANGAN MATERI AJAR BERUPA BUKU KUMPULAN CERITA RAKYAT DI KABUPATEN BLORA]
Preview
PDF (PENGEMBANGAN MATERI AJAR BERUPA BUKU KUMPULAN CERITA RAKYAT DI KABUPATEN BLORA)
Download (1MB) | Preview

Abstract

Materi ajar minangka sawijining perangan kang kudu digatekake sajroning piwulangan. Guru kudu bisa nggawe materi kang cocok karo kemampuan siswa uga potensi daerahe. Ing piwulangan basa Jawa, akeh guru kang isih ngginakake materi ana LKS lan buku teks. Buku teks kang diginakake isih ngemot materi kang sipate umum lan ngandhut isi kabudayan saka sakabehing daerah, nanging kabudayan ana papan panggonane dhewe ora dimangerteni. Tuladhane yaiku crita rakyat.Akeh siswa ing Kabupaten Blora kang ora ngerti crita ing panggonane amarga durung ana buku kang njlentrehake babagan kasebat.Kawruh kang kurang dimangerteni iki nyebabake perlu digawe materi kang isine crita rakyat ing Kabupaten Blora. Adhedhasar pratelan kasebat, masalah ana panaliten iki yaiku kepriye pengembangan materi ajar arupa buku crita rakyat kang cocok kanggo siswa SMP ing Kabupaten Blora? Ancas panaliten iki yaiku gawe materi ajar arupa buku crita rakyat kang cocok kanggo siswa SMP ing Kabupaten Blora. Panaliten iki migunakake pendekatan pengembangan (Research and Development). Trap-trapaning panaliten yaiku analisis kabutuhan, ngempalake data/informasi, gawe prototipe awal, validasi desain/uji ahli, revisi prototipe, lan uji terbatas. Anggone ngempalake data migunakake pendekatan grounded experiment kanthi cara observasi, wawan ginem, lan dokumentasi. Data crita rakyat saka wawan ginem kang kurang, dijangkepi kanthi teknik menyadur bebas saka sumber kang ana ing Kabupaten Blora.Teknik analisis data angket kabutuhanditindakake kanthi proses dekripsikake data ing lapangan. Data angket uji ahli dianalisis kanthi teknik deskriptif kualitatif. Materi ajar arupa buku cerita rakyat ing Kabupaten Blora kang digawe miturut kabutuhan siswa. Buku materi kang wis dadi banjur diujikake marang uji ahli. Adhedasar panyarwe uji ahli kang direvisi yaiku samak lan isi wacan. Prototipe kang wis direvisi dijilid dadi buku kanthi ukuran A5. Asil panaliten iki minangka langkah awal gawe produk materi ajar crita rakyat, mula isih akeh lepate.Adhedasar asil kasebat, pamrayogane buku Blora Sajroning Crita: Kumpulan Crita saka Kabupaten Blora bisa diujikake marang siswa kanggo mangerteni cocok orane produk lan dadi bahan kanggo panaliten tindakan kelas.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: pengembangan, materi ajar, cerita rakyat
Subjects: G Geography. Anthropology. Recreation > GR Folklore
L Education > LB Theory and practice of education > LB1603 Secondary Education. High schools
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa (S1)
Depositing User: Users 23382 not found.
Date Deposited: 05 May 2014 17:04
Last Modified: 05 May 2014 17:04
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/19729

Actions (login required)

View Item View Item