PENGEMBANGAN MODEL EVALUASI MENDENGARKAN WACANA NON-SASTRA PEMBELAJARAN BAHASA JAWA SMA BERBASIS INTEGRATIF KOMUNIKATIF


Mita Wahyuni, 2601409087 (2013) PENGEMBANGAN MODEL EVALUASI MENDENGARKAN WACANA NON-SASTRA PEMBELAJARAN BAHASA JAWA SMA BERBASIS INTEGRATIF KOMUNIKATIF. Under Graduates thesis, Universitas Negeri Semarang.

[thumbnail of PENGEMBANGAN MODEL EVALUASI MENDENGARKAN WACANA NON-SASTRA PEMBELAJARAN BAHASA JAWA SMA BERBASIS INTEGRATIF KOMUNIKATIF]
Preview
PDF (PENGEMBANGAN MODEL EVALUASI MENDENGARKAN WACANA NON-SASTRA PEMBELAJARAN BAHASA JAWA SMA BERBASIS INTEGRATIF KOMUNIKATIF)
Download (2MB) | Preview

Abstract

Evaluasi ngrungokake digunakake kanggo mbiji siswa anggone mangerteni wacan kang wis dirungokake. Tes katrampilan iki ora digatekake dening guru tinimbang katrampilan liyane. Kajaba kuwi, kanggo nindakake tes katrampilan ngrungokake mbutuhake materi lan piranti kang wigati. Tes katrampilan ngrungokake ing piwulangan basa Jawa ora kalebu tes kang integratif-komunikatif. Mulane, prelu digawe model evaluasi ngrungokake wacan non-sastra kang integratif-komunikatif. Adhedhasar andharan ing ndhuwur, perkara kang bakal diteliti ing panaliten iki yaiku (1) kepiye draf model evaluasi ngrungokake wacan non-sastra piwulangan basa Jawa ing SMA kang integratif-komunikatif, (2) kepiye validasi draf model evaluasi ngrungokake wacan non-sastra piwulangan basa Jawa ing SMA kang integratif-komunikatif, lan (3) kepiye model evaluasi ngrungokake wacan non-sastra piwulangan basa Jawa ing SMA kang integratif-komunikatif. Kang dadi tujuwan panaliten iki yaiku (1) nggawe draf model evaluasi ngrungokake wacan non-sastra piwulangan basa Jawa ing SMA kang integratifkomunikatif, (2) njlentrehake asil validasi draf model evaluasi ngrungokake wacan non-sastra piwulangan basa Jawa ing SMA kang integratif-komunikatif, lan (3) nggawe model evaluasi ngrungokake wacan non-sastra piwulangan basa Jawa ing SMA kang integratif-komunikatif. Panaliten iki nggunakake dhasar penelitian dan pengembangan utawa Research and Development kang ditindakake kanthi winates. Ing sajroning panaliten iki kaperang dadi patang perkara, yaiku (1) analisis kurikulum, (2) desain produk (draf model), (3) validasi desain/uji ahli, lan (4) revisi desain. Subjek panaliten iki yaiku guru basa Jawa SMA/SMK lan pakar basa Jawa. Instrumen panaliten iki angket uji ahli. Kanggo ngumpulake data nggunakake kuesioner utawa angket. Cara kanggo mbeberake data nganggo teknik analisis interaktif kang kaperang saka reduksi data, penyajian data, lan dudutan lan verifikasi. Asiling panaliten iki yaiku draf model evaluasi ngrungokake wacan nonsastra piwulangan basa Jawa ing SMA kang integratif-komunikatif cacah 15. Draf model evaluasi kang wis digawe banjur divalidasi dening guru lan pakar basa Jawa. Draf kasebut isih duweni kekurangan-kekurangan, kayata basa kang digunakake ing pituduh nggarap soal, butir soal, lan model soal.Model evaluasi ngrungokake wacan non-sastra kang digawe ana 15 banjur diklompokake dadi telung model evaluasi ngrungokake, yaiku (1) mangsuli pitakonan, (2) ngandharake wose wacan, lan (3) atur pamanggih babagan wose wacan. Model mangsuli pitakonan adhedahar wose wacan wujude ana loro, yaiku tes objektif lan subjektif. Tes objektif kang bisa dibeberake ana tes bener-salah lan tes pilihan ganda kalebu tes cloze pilihan ganda. Tes subjektif awujud tes mangsuli pitakonan, nggawe pitakonan, lan nggawe uga mangsuli pitakon. Tes mangsuli pitakonan minangka wujud saka tes esai lan tes pitakonan mawa tembung pitakon. Model ngandharake wose wacan bisa diklompokake dadi telu, yaiku tes njangkepi wacan, nulis, lan micara adhedahar wose wacan. Tes njangkepi wacan bisa uga awujud tes njangkepi ukara. Tes nulis lan micara miturut wose wacan bisa digunakake kanggo ngandharake pokok-pokok, dudutan lan ringkesan. Model atur pamanggih babagan wose wacan mung sawujud, yaiku ngandharake pamanggih adhedhasar wose wacan. Saka asil panaliten iki, bisa diaturake pamrayoga (1) tumrap guru basa Jawa bisa nggunakake model kang wis karakit kanggo alternatif ngukur katrampilan ngrungokake wacan non-sastra siswa. Saliyane iku guru uga bisa ngrakit model evaluasi liyane kang luwih maneka warna. (2) Model evaluasi ngrungokake wacan non-sastra iki bisa uga digunakake dening guru ing njaban tlatah Boyolali. Materi lan basa kang digunakake kudu jumbuh karo kahanan ing tlatah kasebut. (3) Panulis uga ngusulake supaya ana panaliten sawise iki kanggo nyempurnakake panaliten kang wis dilakoni.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: pengembangan, model evaluasi, mendengarkan, integratif, komunikatif
Subjects: L Education > LB Theory and practice of education > LB1603 Secondary Education. High schools
P Language and Literature > PI Oriental languages and literatures > PI1 Indonesia > Javanese Language and Literature
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa (S1)
Depositing User: Users 23382 not found.
Date Deposited: 05 May 2014 17:11
Last Modified: 05 May 2014 17:11
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/19724

Actions (login required)

View Item View Item