PENINGKATAN KETERAMPILAN MENULIS HURUF JAWA DENGAN MENGGUNAKAN MEDIA FLANACARAKA PADA SISWA KELAS IV SDN BABAKAN 01 KECAMATAN KRAMAT KABUPATEN TEGAL


Dina Ikhwanti, 2601409068 (2013) PENINGKATAN KETERAMPILAN MENULIS HURUF JAWA DENGAN MENGGUNAKAN MEDIA FLANACARAKA PADA SISWA KELAS IV SDN BABAKAN 01 KECAMATAN KRAMAT KABUPATEN TEGAL. Under Graduates thesis, Universitas Negeri Semarang.

[thumbnail of PENINGKATAN KETERAMPILAN MENULIS HURUF JAWA DENGAN MENGGUNAKAN MEDIA FLANACARAKA PADA SISWA KELAS IV SDN BABAKAN 01 KECAMATAN KRAMAT KABUPATEN TEGAL]
Preview
PDF (PENINGKATAN KETERAMPILAN MENULIS HURUF JAWA DENGAN MENGGUNAKAN MEDIA FLANACARAKA PADA SISWA KELAS IV SDN BABAKAN 01 KECAMATAN KRAMAT KABUPATEN TEGAL)
Download (5MB) | Preview

Abstract

Nulis aksara Jawa kalebu salah sijine piwulang kang ana ing basa Jawa. Piwulang nulis aksara Jawa gunane kanggo nggladhi siswa supaya bisa nulis ukara nganggo aksara Jawa kanthi bener. Nanging, kasunyatane piwulang nulis aksara Jawa wektu iki kagolong kurang, mligine ing SD Negeri Babakan 01 Kecamatan Kramat Kabupaten Tegal. Prakara kang ndadekake piwulang nulis aksara Jawa kagolong kurang yaiku cara guru mulang isih nggunakake cara lawas, siswa rumangsa angel ngapalake aksara Jawa lan sandhangane, lan siswa arasarasen anggone sinau nulis aksara Jawa jalaran ora ana media sing digunakake guru nalika mulang. Masalah panaliten iki yaiku (1) kepriye undhake ketrampilan nulis aksara Jawa kanthi nggunakake media flanacaraka tumrap siswa kelas IV SDN Babakan 01 Kecamatan Kramat Kabupaten Tegal? (2) kepriye tindak-tanduke siswa SDN Babakan 01 Kecamatan Kramat Kabupaten Tegal sawise nggunakake media flanacaraka? Ancase panaliten iki yaiku (1) njlentrehake undhake ketrampilan nulis aksara Jawa kanthi nggunakake media flanacaraka tumrap siswa kelas IV SDN Babakan 01 Kecamatan Kramat Kabupaten Tegal, (2) njlentrehake tindak tanduke siswa SDN Babakan 01 Kecamatan Kramat Kabupaten Tegal sakwise nggunakake media flanacaraka. Panaliten iki kagolong penelitian tindakan kelas. Panaliten iki dilakoni kanthi rong siklus yaiku siklus I lan siklus II. Saben siklus ana patang tahap yaiku perencanaan, tindakan, observasi lan refleksi. Panaliten iki nggunakake rong variabel yaiku ketrampilan nulis aksara Jawa lan media flanacaraka. Data prasiklus dijupuk saka daftar biji siswa, dene siklus I lan siklus II nggunakake teknik tes lan nontes. Teknik nontes tuladhane observasi, jurnal, wawancara lan dokumentasi. Dene analisis data digoleki nganggo rong cara yaiku kuantitatif lan kualitatif. Panaliten iki kagolong kasil, jalaran bisa ningkatake biji siswa anggone nulis ukara aksara Jawa. Rata-rata biji siswa nalika prasiklus yaiku 59,5 dene nalika siklus I yaiku 63,07 ateges mundhak 6%. Rata-rata biji siswa nalika siklus II yaiku 79,8 tegese mundhak 26,5% saka siklus I. Rata-rata biji siswa saka prasiklus nganti siklus II bisa mundhak nganti 34,1%. Tindak-tanduke siswa sawise piwulangan nulis aksara Jawa kanthi nggunakake media flanacaraka dadi luwih apik kayata siswa luwih gampang diatur, luwih seneng lan luwih semangat anggone sinau nulis aksara Jawa.Pamrayoga saka panaliten iki, yaiku (1) kepala sekolah SDN Babakan 01 Kecamatan Kramat Kabupaten Tegal kudu luwih tanggap anggone nyepaki perangan piwulang (2) guru basa Jawa bisa nggunakake media flanacaraka minangka media alternatif kanggo piwulangan nulis aksara Jawa, (3) para pakar utawa praktisi pendhidhikan bisa nindakake panaliten nganggo media liyane.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: keterampilan menulis huruf Jawa, media flanacaraka
Subjects: L Education > LB Theory and practice of education > LB1501 Primary Education
P Language and Literature > PI Oriental languages and literatures > PI1 Indonesia > Javanese Language and Literature
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa (S1)
Depositing User: Users 23382 not found.
Date Deposited: 05 May 2014 17:11
Last Modified: 05 May 2014 17:11
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/19719

Actions (login required)

View Item View Item