SINONIM NOMINA DAN ADJEKTIVA DIALEK BANYUMASAN


Erika Rahmatika, 2601409066 (2013) SINONIM NOMINA DAN ADJEKTIVA DIALEK BANYUMASAN. Under Graduates thesis, Universitas Negeri Semarang.

[thumbnail of SINONIM NOMINA DAN ADJEKTIVA DIALEK BANYUMASAN]
Preview
PDF (SINONIM NOMINA DAN ADJEKTIVA DIALEK BANYUMASAN)
Download (902kB) | Preview

Abstract

Sinonim yaiku siji tembung kang nduweni aran kang akeh. Dialek Banyumasan yaiku salah sijine dialek kang unik kang nduweni lan sejen karo dialek liyane. Unike dialek iki manggon ing tembung-tembunge. Tembung kuwi kalebu tembung nomina lan tembung adjektiva. Akehe tembung-tembung iku nggawe dialek Banyumasan duwe daya kanggo diteliti. Babagan kang arep dirembug ing sajroning panaliten yaiku wujud lan faktor penyebab apa wae sinonim nomina lan adjektiva dialek Banyumasan. Pendekatan panaliten nggunakake pendekatan loro yaiku teoretis lan metodologis. Pendekatan teoretis digunakake pendekatan semantik lan dialektologi. Ewadene pendekatan kanthi metodologis digunakake pendekatan deskriptif kualitatif. Data ing panaliten iki arupa gunemane masyarakat desa Sirau kang nganggo dialek Banyumasan lan kang diduga ngandhut sinonim. Ngumpulake data ing panaliten iki nggunakake metode simak, rekam, lan catat. Ewadene teknike nggunakake teknik sadap, simak libat cakap, simak bebas libat cakap. Data dianalisis kanthi nggunakake metode padan. Asile panaliten yaiku wujud sinonim nomina lan adjektiva leksem lan leksem, leksem tunggal lan leksem majemuk, leksem tunggal lan frasa, leksem majemuk lan leksem tunggal, frasa lan frasa. Faktor kang nyebabake sinonim yaiku wektu, panggonan utawa wilayah, penutur lan sosial, nuansa makna, lan bidang kegiatan utawa pemakaian. Gegayutan karo asile panaliten iki kaajab luwih digatekake nalika ngganggo tembung-tembung sifat kang nduweni arti kurang becik lan panaliten iki bisa dibacutake karo panaliten selanjute yaiku babagan homonim lan homograf dialek Banyumasan.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: Sinonim, Nomina, Adjektiva, Dialek Banyumasan
Subjects: P Language and Literature > PI Oriental languages and literatures > PI1 Indonesia > Sastra
P Language and Literature > PI Oriental languages and literatures > PI1 Indonesia > Javanese Language and Literature
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa (S1)
Depositing User: Users 23382 not found.
Date Deposited: 05 May 2014 17:11
Last Modified: 05 May 2014 17:11
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/19716

Actions (login required)

View Item View Item