SIMPLIFIKASI NOVEL KINANTI KARYA MARGARETH WIDHY PRATIWI SEBAGAI BAHAN AJAR MEMBACA TEKS SASTRA DI SMP


Nurindah Helvi M.S, 2601409058 (2013) SIMPLIFIKASI NOVEL KINANTI KARYA MARGARETH WIDHY PRATIWI SEBAGAI BAHAN AJAR MEMBACA TEKS SASTRA DI SMP. Under Graduates thesis, Universitas Negeri Semarang.

[thumbnail of SIMPLIFIKASI NOVEL KINANTI KARYA MARGARETH WIDHY PRATIWI SEBAGAI BAHAN AJAR MEMBACA TEKS SASTRA DI SMP]
Preview
PDF (SIMPLIFIKASI NOVEL KINANTI KARYA MARGARETH WIDHY PRATIWI SEBAGAI BAHAN AJAR MEMBACA TEKS SASTRA DI SMP)
Download (686kB) | Preview

Abstract

Piwulangan maca teks sastra ing Sekolah Menengah Pertama (SMP) saiki isih kurang optimal. Pangajar (guru) dituntut ngrembakaake inovasi anyar kanggo nggawe bahan ajar kang luwih kreatif, selektif, variatif lan narik kawigaten nalika milih karya sastra kang bisa didadekake bahan ajar supaya ancas piwulangan bisa diranggeh. Karya sastra nuduhake kaendahan kang imajinatif. Karya sastra nduweni guna menehi karya kang endah kanggo pamaca utawa masyarakat. Novel salah sawijining karya sastra tulis sing ngandhut karya estetik kang menehi kaendahan kanggo pamaca lan masyarakat. Novel uga bisa kanggo bahan ajar ing SMP, amarga novel bisa didadekake sarana panyengkuyung kanggo nambah wacana para siswa lan bisa didadekake bahan ajar kanggo guru. Ing sajroning novel, ngandhut akeh pangalaman kang nduweni nilai pendidikan kang positif. Apa maneh kanthi panglimbangan kang ndasar, jinising karya sastra kang nduweni wujud novel iki bakal bisa ningkatake semangat para siswa kanggo nekuni bahan wacana kang luwih jero. Nanging novel kang kandel lan dawa kuwi nggawe piwulangan kurang efektif. Kanggo mecahake perkara kasebut, panaliten iki nyoba nyederhanaake novel Kinanti ndadekake luwih ringkes nanging tanpa ngubah komposisi carita ana ing jerone. Novel Kinanti kagolong novel kang misuwur ing masyarakat Jawa lan susunan ing jerone kuat. Underaning perkara iki yaiku: (1) Kepriye pola susunan naratif novel Kinanti anggitane Margareth Widhy Pratiwi miturut teori Chatman; (2) Kepriye asil simplifikasi novel Kinanti anggitane Margareth Widhy Pratiwi minangka bahan ajar maca teks sastra ing Sekolah Menengah Pertama. Ancas panaliten iki yaiku ngungkap pola struktur naratif novel Kinanti anggitane Margareth Widhy Pratiwi miturut teori Chatman sarta simplifikasi novel Kinanti anggitane Margareth Widhy Pratiwi minangka bahan ajar kanggo Sekolah Menengah Pertama. Teori sing digunakake yaiku teori strukturalisme naratif Chatman kanggo mangerteni unit-unit naratif minangka dhasar simplifikasi novel Kinanti dadi teks sastra anyar. Pendhekatan iki migunakake pendhekatan deskriptif kualitatif. Metode kang digunakake yaiku analisis struktural.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: simplifikasi, struktural naratif, novel Kinanti.
Subjects: L Education > LB Theory and practice of education > LB1603 Secondary Education. High schools
P Language and Literature > PI Oriental languages and literatures > PI1 Indonesia > Javanese Language and Literature
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa (S1)
Depositing User: Users 23382 not found.
Date Deposited: 05 May 2014 17:44
Last Modified: 05 May 2014 17:44
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/19705

Actions (login required)

View Item View Item