SYI’IR TANPA WATON (KAJIAN SEMIOTIK)


Nikken Derek Saputri, Nikken Derek Saputri (2013) SYI’IR TANPA WATON (KAJIAN SEMIOTIK). Under Graduates thesis, Universitas Negeri Semarang.

[thumbnail of SYI’IR TANPA WATON (KAJIAN SEMIOTIK)]
Preview
PDF (SYI’IR TANPA WATON (KAJIAN SEMIOTIK))
Download (836kB) | Preview

Abstract

Syi‟ir Tanpa Waton yaiku salah sijine karya sastra kang ana ing masyarakat Jawa. Syair iki ditulis dening Gus Nizam ing tahun 2007. Basa kang digunakake yaiku basa Jawa lan Arab. Saka basa-basa kasebut ngemot piwulang-piwulang agama kang bisa didadekake cekelan urip. Supaya bisa ngerti maknane Syi‟ir Tanpa Waton diperlokake pendekatan utawa teori supaya wong kang maca bisa paham lan nyinaoni piwulange. Mula dianakake panaliten ngenani Syi‟ir Tanpa Waton supaya simbol lan makna sarta piwulang ing jerone bisa dingerteni. Rumusan masalah ing panaliten iki yaiku kepriye simbol lan makna ing Syi‟ir Tanpa Waton miturut kode bahasa, kode sastra, dan kode budaya? Dene ancase panaliten iki yaiku ngandarake simbol lan makna ing Syi‟ir Tanpa Waton miturut kode bahsa, kode sastra, lan kode budaya. Panaliten iki nggunakake pendekatan obyektif, yaiku pendekatan kang fokus panalitene ing karya sastra utawa teks sastra kang dadi obyek panaliten. Panaliten iki babagan simbol lan makna sarta piwulang-piwulang kang ana ing jero Syi‟ir Tanpa Waton. Metode kang digunakake yaiku metode struktural semiotik amerga ing syair kasebut ngemu simbol lan makna sarta piwulang-piwulang ing jerone. Asil panaliten iki yaiku miturut kode bahasa ditemokake panganggonan basa Arab ing pada-pada ing Syi‟ir Tanpa Waton. Ana tembung-tembung serapan saka basa Arab, kayata syi‟ir, rohmat, nikmat, syare‟at, Qur‟an, hadist, kafir, tauhid, sholeh, tahriqot, haqiqot, qadim, mu‟jizat, rasul, dan dzikir. Ditemokake uga tembung-tembung kanggo mralambangake Gusti, yaiku Pangeran, Guru Waskitha, dan Allah. Analisis miturut kode sastra ing Syi‟ir Tanpa Waton yaiku awujud syair kang cara macane nggunakake lagu dhewe. Lagu kang dingunakake lagu kang alon nanging teges kanggo ngewenehi swasana kang khidmat lan khusuk. Dene analisis miturut kode budaya ditemokake anane kabudayan pesantren kang ngemu piwulang-piwulang babagan agama Islam, yaiku piwulang supaya ngunjukake raos syukur marang Gusti kangge sedaya nikmat lan karunia, prentah supaya sinau agama lan ngamalake saben dinane, ndadekake Al Qur‟an mawapatokan urip, ngelingi Allah SWT saben dina mawa ngibadah lan dzikir, sarta bisa nyonto sifat-sifate Rasul utusan Allah. Miturut asil paneliten, diarepake wong kang maca Syi‟ir Tanpa Waton bisa ngamalake piwulang-piwulang kang kakandut ing jerone saben dinane.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: Semiotik, simbol, makna, Syi‟ir Tanpa Waton
Subjects: B Philosophy. Psychology. Religion > BP Islam. Bahaism. Theosophy, etc
P Language and Literature > PI Oriental languages and literatures > PI1 Indonesia > Javanese Language and Literature
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa (S1)
Depositing User: Users 23382 not found.
Date Deposited: 05 May 2014 17:49
Last Modified: 05 May 2014 17:49
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/19694

Actions (login required)

View Item View Item